Wis dadi papesthen, kabeh sing urip bakal nemoni pati. Ana waras bakale lara, uga ana sing mudha bakale tuwa. Piweling kang luhur iki dicoba dituduhake dening Sanggar Teater Donga Cinga Kito Bengkulu nalika mbabar karya ing Gedung Teater Arena, Taman Budaya Surakarta (TBS), Selasa (8/5) wengi.
Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi
Gelaran kuwi irah-irahane Gadih Kian Menuo kang tegese prawan kang wus tuwa. Jejer kang dadi pambukaning pagelaran yaiku prawan kang lagi dandan ing ngarep kaca. Dheweke banjur mangerti, yen rai ayu ora bakal bisa lestari. Jengkerut ing rai ora bisa diilangi, wis mesthi dadi pepesthening Gusti kang ora bisa diapusi. Jejer prawan tuwa ing ngarep kaca iku uga kairing tembang-tembang tradhisional Bengkulu. Kabeh pamirsane nganti kaya-kaya digawa menyang swasana Bengkulu ing Sumatra.
“Wanita ora kudu mesthi bungah karo praupane sing ayu kang bisa ndadekake wong liya keblinger. Mula kuwi tuwa bakal dadi pangapus raine kang ayu. Ayu kang disubya-subya ora bakal bisa ngganepi papesthen dadi wanita,” ujare penulis crita, Yusni Belinda. Pepesthen wanita bisa ganep nalika netepi takdire yaiku dadi biyung.
Ing crita iki, prawan sing uga duwe rasa tresna marang priya. Nanging ora bisa dibacutake amarga duwe ilmu pengasih ing awake. Yen dheweke duwe bojo, bakal bisa dadi bebaya. Mula dheweke netepi laku ora bakal duwe bojo, uga tetep dadi prawan nganti tuwa. Ing pagelaran kuwi, para paragane ora ngganggo basa Bengkulu, nanging arupa pacelathon kang wus nganggo basa Indonesia, kajaba piweling ing parikan tetep nganggo basa Bengkulu.
“Kita nganggo basa Indonesia supaya gampang ditampa dening pamirsa, nanging uga tetep nganggo basa Bengkulu. Parikan kudu nganggo basa Bangkulu supaya weling lan tegese ing parikan kuwi luwih kuwat lan ora beda penampaning liyan,” ujare.