Jagad-jawa
Jumat, 28 Oktober 2011 - 20:05 WIB

Tri candra mangsa labuh

Redaksi Solopos.com  /  R. Bambang Aris Sasangka  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Nut petung pananggalan tahun Jawa kang kajumbuhake mring laku jlantrane pananggalan tahun Hijriyah lan tahun Masehi, kapetung saka purwa-madya-purnaning mangsa Labuh, tahun iki umure watara telung sasi, 91 dina sajroning telung etungan pranata mangsa.

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Advertisement
Purwaning mangsa Labuh tahun iki satemene wis kawiwitan pucuking petung Mangsa Kapat, 19 Sawal–14 Sela Tahun Be-1944 (nut petung pananggalan tahun Jawa), 20 Syawal–14 Dzulqoidah 1432 Hijriyah, petung pananggalan Masehi-ne tanggal 18 September-12 Oktober 2011, suwene 25 dina candra mangsane Waspa Kumembeng Jroning Kalbu.

Madyaning mangsa Labuh tahun iki kawiwitan pucuking Mangsa Kalima, 15 Sela–11 Besar Tahun Be-1944 utawa 15 Dzulqaidah–12 Dzulhijah 1432 Hijriyah, petung pananggalan tahun Masehi-ne 13 Oktober–8 Nopember 2011, suwene 27 dina candra mangsane Pancuran Emas Sumawur ing Jagad.

Purnaning mangsa Labuh tahun iki kawiwitan pucuking Mangsa Kanem, 12 Besar Tahun Be-1944 tekan 25 Sura Tahun Wawu 1945 utawa 13 Dzulhijah 1432 Hijriyah–25 Muharram 1433 Hijriyah, petung pananggalan Masehi-ne 9 Nopember–21 Desember 2011, suwene 43 dina candra mangsane Mulya Rasa Kasucian.

Advertisement

Mangkono pratelane Kustawa Esye, Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh, nalika ngudhar bab pranata mangsa taun iki.
MIturut Kustawa, telung trap urut-urutaning pranata mangsa kang ngesuhi purwa–madya–purnaning mangsa Labuh, kajaba nandani laku jlantraning mangsa nut petung pranata mangsa kang baku, uga mbedakake watak utawa karakteristik dhasar dhewe-dhewe. Murih gampang panafsirane, siji lan sijine maneh mangsa nut urut-urutane, kaparingan candra mangsa.

“Purwaning mangsa Labuh tahun iki, kang cinandra Waspa Kumembeng Jroning Kalbu, contone. Tumibaning nengahi mangsa Semplah, kajaba asat utawa garing ngingkinge tuk sumbering banyu, kancandra bayi kang lair awatak resikan lan seneng mring kaindahan. Becike lan cocog mring karakter dhasare, bayi kelairan purwaning mangsa Labuh, dibimbing lan diarahake dadi seniman. Utamane seni rupa, seni kriya, pematung, pelukis, sinematografi, fotografer lan liya-liyane,” ujare.

Madyaning mangsa Labuh kang cinandra Pancuran Emas Sumawur ing Jagad, tahun iki ngepasi pethiting mangsa Samplah. Isyarat sasmitaning alam, wiwitaning mangsa udan utawa rending. Mendhung peteng durung mesti pertanda tekane udan, grimis riwis-riwis asring dibarengi gumuruhe gludhug lan guntur.

Advertisement

Bayi kang lair sajroning madyaning mangsa labuh awatak sregep, tlaten lan terampil mring sembarang gawe. Becike, dibimbing lan diarahake wong tuwane sakloron mring pakaryan kang ana gegayutan wirausaha home industri, handycraft, suvenir lan liya-liyane.

“Pungkasane mangsa Labuh kang cinandra Mulya Rasa Kasucian, sasmita alaming nengahi mangsa rendeng, wit-witan kang samestine wis nuwuhake wowohan, wurung panen merga katerak udan. Siji loro kang kalis katrejang banyu udan, bosok dimangsa kewan iber-iberan hamaning woh-wohan. Bayi kang lair sajroning purnaning mangsa Labuh awatak pinter, wasis ing wicara ning cerdik. Becike, dibimbing lan diarahake supaya nekuni pakaryan kang gegayutah mring ilmu lan ketrampilan psikis-psikomotorik. Contone guru, pranatacara/ pamedhar sabda, sastrawan, wartawan, lan cocog uga dadi politikus,” piterange.

dsp

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif