Jagad-jawa
Kamis, 8 November 2018 - 13:45 WIB

Tradhisi Sastra Lesan Ngemu Piwulang Luhur

Redaksi Solopos.com  /  Rohmah Ermawati  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (8/11/2018) menika kapacak bab Sastra Lesan.

Solopos.com, SOLO — Tradhisi sastra lesan kalebu salah sawijining warisan kabudayan ing tlatah Melayu. Wujude tradhisi sastra lesan sing nganti tekan saiki isih dianggep wigati dening masarakat yaiku Seni Rabab saka Sumatra Barat, lamut saka Indragiri Hilir, sarta becerita lan bedande sing ana ing Pontianak.

Advertisement

Ing dhaerah kasebut tradhisi lesan dadi salah sawijining kesenian sing kerep dipentaske ing maneka adicara. Kayata upacara tradisi, mantenan, lan pentas hiburan.

Pepanthan internasional The United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) nalika ana adicara ing Paris, 17 Oktober 2003, ngandharake menawa tradisi lesan iku kalebu Intangible Cultural Heritage (ICH) sing kudu diuri-uri.

Salah sawijining wujud tradisi sastra lesan yaiku basa sing dadi tetengere budaya. Awit saka iku kudu tansah disinau supayane sawernane basa sing ana ing Indonesia ora musna. Ing tlatah Jawa uga ana tradisi lisan sing kasebut gugoh tuhon. Nanging wujude beda karo tradisi lesan sing ana ing Sumatera.

Advertisement

Dene ing Kalimantan Barat uga duwe pirang-pirang sastra lesan. Antara liyane tundhang lan bekana. Tundhang kang diiringi kendhang lan tabuhan liyane asring dadi panglipur tumrape warga kanthi sair kang ngemu piwulang moral lan spiritual. Tundhang uga asring nggambarake kahanane masarakat jaman saiki. Menawa bekana isine bab crita kayangan kang asring dituturake dening wong tuwa tumrap bocah enom.

Sutresna budaya saka Sumatra, Jamhar Akbar, 77, kalebu salah sawijining maestro tradisi lesan, mligine carita lamut. Karane Palamutan nalika diwawancara

Advertisement
Advertisement
Kata Kunci :
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif