SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kanggone warga Gunungkidul, tradhisi nyadran, sadranan utawa rasulan mujudake upacara sosial-keagamaan, wujud pangucap sukure warga marang Gusti Allah kang wus maringi kanungrahan. Tekan saiki, tradhisi rasulan utawa sadranan kang diprecaya wus ana wiwit jaman Majapahit iki tetep lestari. Tradhisi iki uga dadi salah sawijining cara kanggo ngraketake paseduluran lan bukti guyub rukune warga.

Kanggone warga masyarakat Gunungkidul, tradhisi nyadran utawa kang luwih asring kasebut rasulan dianggep banget penting. Tradhisi iki biasane diadani saben taun sakwuse panenan, lan dadi salah sawijining cara warga kanggo ngucapake rasa sukur mring Gusti Allah. Sakliyane iku, rasulan uga dadi cara kanggo luwih ngraketake pasedulurane para warga.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Kanggo ngadani tradhisi rasulan, saben desa utawa padhukuhan biasane uga nduweni tanggal utawa dina dhewe-dhewe manut kaprecayane warga. Pamilihe dina iku ana gegayutane kalawan dina suci utawa dina pakurmatan para leluwure warga ing saben desa. Bab iku kang sakbanjure dadi ndhasare petungane warga kanggo nemptokake dina rasulan. Mula saka iku, tradhisi iki uga ora bisa diadhani bebaregan antarane desa siji lan sijine. Sakliyane dina, ubarampe sajen lan reroncene acara rasulan uga beda-beda. Sanajan beda,ananging kabeh nduweni ancas lan tujuan kang padha, yaiku wujud ucap sukur mring Gusti. Babagan iki uga kang nggawe tradhisi rasulan ing Gunungkidul bisa tansah lestari.

Tradhisi sadranan utawa rasulan kang nembe wae diadhani ing tlatah Gunungkidul yaiku tradhisi rasulan ing Desa Semanu, Kecamatan Semanu, tradhisi cincing goling ing Desa Gedangrejo, Kecamatan Karangmojo, rasulan ing Dhusun Katongan, Desa Natah, Kecamatan Nglipar, lan tradhisi bersih Sendang Panguripan Gus Jrabang ing Dhusun Karangpoh, Prebutan, Desa Katongan, Kecamatan Nglipar.

Cincing goling
Tradhisi cincing goling ing Gedangrejo, Karangmojo mujudake wujud pangucap rasa sukure warga marang Gusti Allah kang wus paring keslametan lan kanugrahan wujud panenan kang becik. Ing tradhisi cincing goling uga diadhani sandiwara utawa crita lakon kang nggambarake leluwure warga Gedangrejo, yaiku Raden Wisang Sanjaya kang dioyak-oyak dening para brandhal.

Miturut crita, Raden Wisang Sanjaya iku mujudake salah sawijining putri saka Majapahit kang wus cumodhok ing tlatah Gedangrejo. Kanggo nguwali saka pambujunge para brandhal, Wisang Sanjaya banjur nyincingke (cincing) jarit. Meruhi iku, para brandhal kang nguyak banjur tiba, nggoling ing sawah.  Anehe, sawah kang dienggo nggoling para brandhal iku banjur dadi subur. “Crita iku kang dadi dhasar anane tradhisi cincing goling,” ujare sesepuh Desa Gedangrejo, Rejo Sutarno, nalika ditemoni Harian Jogja, dina kepungkur.

Ngresiki sendhang
Ora beda kalawan tradhisi cincing goling ing Gedangrejo, Karangmojo, tradhisi rasulan ing Dhusun Natah Wetan, Desa  Natah, Kecamatan Nglipar, uga dadi wujud pangucap rasa sukure warga marang Gusti Allah kang wus paring keslametan lan kanugrahan wujud panenan kang becik. Sakliyane iku, rasulan uga dadi wujud pangucap sukur merga banyu saka Sendhang Natah kang dadi punjer panguripane warga tansah agung lan ora nate asat. Mula saka iku, rasulan ing Natah Wetan tansah diadhani ing sakkupenge Sendhang Natah.

“Warga ngleksanakake upacara tradhisi tinggalane para leluwur. Sakliyane iku, rasulan iki uga dadi salah sawijining cara para warga kanggo ngucapake rasa sukur marang Gusti, merga tansah maringi kanugrahan lan rejeki wujud Sendang Natah kang ora nate asat,” ngono prathelane Sulardjo, ketua panitia bersih desa ing Desa Natah.

Ora adoh saka Desa Natah, warga ing Dhusun Karangpoh Prebutan, Desa Katongan, Kecamatan Nglipar, uga ngadhani bersik sendhang yaiku Sendhang Panguripan Gus Jrabang. Tradhisi bersik sendhang ing Karangpoh dianggep dadi salah sawijining cara warga ngresiki sendhang kang dadi salah sawijining sumber panguripane warga. Merga anane sendhang iku, warga bisa tansah nenadhur sabarang tetandhuran, lan tansah bisa nggunakake banyu sendhang kanggo sabarang gawe.

Ing tradhisi bersih sendang iki, ana salah sawijining acara kang ora bisa ditinggalake yaiku nanggap ledhek utawa tayub. Miturut warga, menawa bersik sendang tanpa nganggo ledhek bakal nuwuhake prahara, yaiku penyakit lan prahara liyane kang bakal dirasakke dening warga.
   
Miturut Saidi, salah sawijining tetua ing Dhusun Karangpoh, bersik Sendhang Panguripan Gus Jrabang mono sejatine mujudake salah sawijining cara pangucap sukure warga marang Gusti, merga banyu saka sendhang panguripan tansah agung lan ora nate asat. Babagan ledhek utawa tayub kang kudhu ana ing tradhisi iki, Saidi mratelakake menawa tradhisi iku wus ana wiwit jaman mbiyen. Sakliyane dadi sarana hiburan tumraping warga, ledhek uga dadi syarat kang ora bisa ditinggalake.
   
Jaman mbiyen, ujare Saidi, warga Prebutan nate ngadhani tradhisi bersih sendang tanpa ngundang ledhek. Ora suwe, pagebluk banjur nerjang dhusun prebutan. “Warga akeh kang nandhang lara kang ora cetha apa larane. Bareng ngundang ledhek, pagebluk banjur ilang. Mula saka iku, tekan saiki ledhek kudu diadani ing tradhisi iki,” ujare Saidi nalika ditemoni Harian Jogja, wektu kepungkur.
   
Isih miturut Saidi, bab ledhek, ing tradhisi bersih sendhang ora ana pepesthen menawa ledhek kudu diadani dening grup ledhek kang wus kawentar. Sapa wae kang bisa njoget, lan bakune kang bisa nglipur, bisa mbarang ledhek. “Sing penting sah,” ujare Saidi maneh.

Tradhisi bersih sendang diwiwiti kanthi nggawa ubarampe asil pertanian kayadene palawija, pari lan liya-liyane. Sakliyane iku, warga uga nggawe ambegan lan ingkung pithik. Kabeh ubarampe banjur  dipapanake ing encek, utawa papan kang ginawe saka godhong gedhang. Sakwuse didongani, ubarampe banjur diendum lan didhahar bareng. Sakbubare upacara, warga bakal oleh cengkaruk, yaiku beras ketan goreng kang bakal disebar ing sawah, kanthi pangajab sawah bakal tansaya subur.(Juru Warta Harian Jogja/Yudhi Kusdiyanto & Sunartono)

HARJO CETAK

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya