SOLOPOS.COM - Goenawan Mohamad (JIBI/SOLOPOS/Antara)

Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto)

Budayawan, juruwarta senior kang uga sastrawan, Goenawan Mohamad, mratelakake lamun kagunan utawa seni tradhisi bisa manjing lan katampa dening bebrayan agung jaman modheren menawa sinartan sanggit. GM, mangkono asma kondhange, mbabar andharan bab tradhisi lan sanggit kuwi ing hudyana Konferensi Federation for Asian Cultural Promotion (FACP) ing Sunan Hotel, Solo, sakwetara wektu kepungkur.

Promosi Santri Tewas Bukan Sepele, Negara Belum Hadir di Pesantren

”Tradhisi, sing asli, raket gandheng cenenge kalawan jamane,” piterange GM ing basa Indonesia. Sanggit ateges piranti anyar, babagan sing durung tau ana. Tuladhane, wong sing nggambar sepisanan, wong sing nulis geguritan sepisanan, wong sing nembang sepisanan. ”Miturut Karl Marx, warisan saka generasi sing wus mati dadi impen ala tumrap generasi sing isih urip. Tembung impen ala iki miturutku ora pas, kepara kebangeten,” pratelane GM.

Ora saben warisan generasi tuwa asipat kuna lan ora njamani tumrap generasi sabanjure. Ana, kepara ora sithik, warisan generasi tuwa sing ngandhut paedah tan kinira tumrap generasi jaman saiki. Warisan saka generasi leluhur kuwi ora mung awujud candhi utawa bathik, nanging uga sikep, cara mikir, solah bawa, kang dadi gegebengan bebrayan agung.
Tradhisi ora mung wates kagunan kang wusana mati utawa rampung lan ora mecungul dhewe. Nalika jaman biyen ndulu candhi mesthi ora padha karo pandulune generasi jaman saiki. ”Wayang Mahabarata saka India nalika ketemu karo kabudayan Jawa bisa dadi beda. Tradhisi kuwi akeh jinise, majemuk,” piterange GM.

Kanyatan iki bisa kadulu ing arsitektur mesjid, kayadene Mesjid Kudus. Mesjid kasebut wangunane ada perangan sing memper candhi. Arsitektur kaya mangkono kuwi aumber budaya India. Budaya India kuwi ketemu lan nyawiji kalawan budaya Islam ing wujud Mesjid Kudus. Kubah mesjid ora asli budaya Islam, nanging cakrik arsitektur Bizantium. ”Tegese, budaya terus mlaku nut owah-owahan jaman lan manungsa bakal terus merdeni budaya kuwi jumbuh jaman uripe,” pratlane GM.

Tuladha liyane yaiku aksara Jawa, aksara Bali lan aksara India kang duwe cakrik garis meh padha. Nanging, saben aksara kuwi dadi beda-beda nalika ketemu karo budaya asli ing wewengkon kang mligi. GM banjur ngandharake bab kagunan beksan Bedhaya Dirada Meta, Teater Tari Panji Sepuh lan Teater Karna. Bedhaya Dirada Meta yaiku beksan adiluhung apunjer Pura Mangkunegaran.

”Beksan iki asal usule saka riwayat paprangan ing tlatah Rembang, Jawa Tengah sisih lor, taun 1756,” pratelane GM.
Beksan kasebut kanggo ngurmatu lan ngeling-eling para prajurite Raden Mas Said nalika andon yuda mungsuh tentara penjajah Walanda. Ing naskah kuna kang kasimpen ing Mangkunegaran digambarake para prajurit kang ditindhihi Raden Mas Said utawa Pangeran Sambernyawa kuwi ngamuk kadidene gajah.

Goenawan Mohamad (JIBI/SOLOPOS/Antara)

Lelandhesan andharan ing naskah kuwi banjur kaanggit beksan bedhayan karan Bedhaya Dirada Meta, dirada ateges gajah lan meta ateges ngamuk. ”Cakepan beksan iki alon-alon minangka gegambaran swasana dhuhkita jalaran akeh prajurite Raden Mas Said kang gugur yang pabaratan,”ujare GM. Beksan bedhayan kasebut ora diowah-owahi ganti satusan taun. Nembe ing 2008 ana sanggit anyar lan ndadekake beksan kuwi dadi luwih modheren.

Ing Mangkunegaran nganti saiki ana karya ngracik utawa nganggit kagunan kanthi laku ndhudhah tradhisi kang ora mandheg, ora mati lan ora ajeg. Karya liyane kang dibabar ing ngarep pasarta konferensi yakuwi Teater Tari Panji Sepuh. Teater beksan kasebut kawitan dibabar ing 1993 lan sabanjure saben dibabar mesthi ora padha karo cakepan sadurunge.

Panji Sepuh kairingan musik kontemporer racikane Tony Prabowo sarta tetembangan anggitane GM. Beksan iki lelandhesan beksan klasik diparagani dening sawijining calon raja. Teater Karna kanthi cakepan monolog mujudake tapsir anyar tumrap wayang Adipati Karna. Karna kuwi isih sedulur cedhake Pandhawa, nanging yang perang Bharatayuda madeg senapati mbelani para Kurawa.

Pamicara liyane ing konferensi kuwi yaiku Manajer Operasional Poly Theatre Management China, Sun Xiao. Dheweke ngandharake babagan teater ing China kang ing titi wanci pungkasan iki ngrembaka lan bisa didayakake dadi bisnis gedhen-gedhenan. Miturut Xiao, ana yutan wong sing saben taun mindeng babaran teater ing Shanghai lan Beijing. Yagene teater ing China kuwi bisa ngrembaka? Miturut Xiao jalaran sansaya akeh generasi mudha ing China sing gelem mindeng, tetepungan lan wusana bisa merdeni teater kang lelandhesan budaya tradhisi kuwi.

Supaya bebrayan agung kadudut krentege kanggo tetepungan lan wusana gelem mindeng babaran seni tradhisi, miturut Xiao, bisa kaudi kanthi nyedhiyakake sarana utawa papan dodolan karcis utawa tiket sing gampang ditemokake upamane kanthi cara online, mupangatake Internet. ”Saliyane kuwi, apike refa tikete aja larang-larang,” ujare Sun Xiao. Nalika teater akeh sing mideng, sponsor bakal teka dhewe lan gelem urun prabeya.

Ketua FACP, Hsu Po Yun, nelakake lamun dheweke wus mindeng Poly Theatre 20 taun pungkasan ini lan pancen ngrembaka cepet banget. Ing titi wanci pungkasan iki, miturut, Yun, teater kuwi kerep mbabar kagunan kang asumber budaya Eropa.
”Kamangka akeh budaya saka Asia kang ora kalah apik, kayadene saka Philipina, China lan Indonesia,” pratelane Yun.
Miturut Yun, upaya ndayakake seni tradhisi kanthi sanggit modheren kapetung wigati ing titi wanci pungkasan iki. Yun uga nelakake lamun tradhisi pancen bisa nut jaman kelakone kanthi sanggit anyar.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya