SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Tradhisi merti desa, selametan desa utawa sedekah bumi ora mligi diadani dening warga masyarakat ing tlatah Ngayogyakarta. Tradhisi kang dadi wujud rasa syukure warga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, merga kanugrahan kamakmuran kang wus ditampa iku uga diadani warga ing Desa Somogiri, Kecamatan Kaligesing, Kabupaten Purworejo, Jawa Tengah. 

Kanggone warga Somongari, Kaligesing, tradhisi ucap syukur marang Gusti diwujudake kanthi upacara tradhisi kang aran jolenan. Upacara iki mono mung diadani rong taun sepisan. Miturut sujarah, tradhisi jolenan mujudake tradhisi turun temurun kang wus ana wiwit atusan taun kepungkur.    
   
Miturut Agus Sujito, warga Dhusun Sijanur, Somongari, Kaligesing, upacara jolenan mujudake carane warga kanggo mujudake rasa syukur marang Gusti Allah kang wus menehi rejeki lan kamakmuran kang wujud asil panenan kang apik. Sakliyane iku, jolenan uga mujudake upacara kanggo nyenyuwun keslametane kabeh warga Somongari saka sabarang bebaya, lan uga cara kanggo nyeyuwun rejeki kang luwih apik maneh.
   
“Jolenan mujudake tradhisi kang diadani saben rong taun sepisan, biasane diadani dina Selasa Wage sasi Sapar ing penanggalan Jawa,” ujare Agus nalika ditemoni Harian Jogja ing kantore IPNU Purworejo, ing dhalan Sibak, Pangenjuruntengah, Purworejo, Senen (15/8) kepungkur.
   
Yen dideleng saka tembung, imbuhe Agus, tembung jolenan kadadeyan saka tembung jolen utawa aja lalen utawa aja gampang lali. Tembung iku mono ngemu teges supaya warga masyarakat ing Somongari ora gampang lali marang sabarang kanugrahan kang wus diwenehake Gusti Allah marang kabeh warga. Sakliyane iku, tembung ojo lalen uga ngemu surasa yaiku pepeling supaya warga ora gampang nglalekake para leluhure kang wus ngrintis lan mbangun desa.
   
Tradhisi jolenan mono biasane diadani kanti kirab warga kang ngarak gunungan cacah 48 kang wujude limas lan digawe saka nam-naman pring. Gunungan iku dikirab wiwit saka pasareyane leluwur Desa Somongari, Nyai Kedhana-Kedhini, tumuju ding Balaidesa Somongari. Ing pucuke gunungan kang isine sabarang hasil panen iku banjur ditutupi nganggo godhong aren enom. Gunungan iku biasane dikirab mubeng desa.
   
Gegayutane kalawan gunungan kang ditutupi godhong aren enom, miturut Cokrotiyoso, juru kunci Gua Seplawan ing Desa Donorejo, Kecamatan Kaligesing mratelakake, gunungan limas mujudake pralambang supaya manungsa ora lali marang piwulang luhur bab panguripan yaiku urip kadonyan [kehidupan duniawi], sesrawungan manungsa kalawan manungsa, sesrawungan manungsa kalawan alam, lan  panguripan manungsa ing tembe mburine yaiku nalika wus seda, utawa sesrawungane manungsa kalawan Gusti Kang Murbeng Dumadi.
   
“Wujude gunungan mono bisa nduweni teges menawa apa kang dilakoni manungsa ing alam donya iki kudu tansah eling lan manembah marang Gusti,” ngono ngendikane Cokrotiyoso nalika ditemoni Harian Jogja, Setu (6/8) kepungkur.
   
Banjur apa wae isine gunungan ing tradhisi jolenan? Miturut Agus, gunungan ing tradhisi jolenan biasa isi sega tumpeng, ingkung pithik panggang, sabarang rambanan, gedhang lan sabarang lawuh. Ing saknjabane gunungan banjur dirias kanthi maneka warna woh-wohan lan panganan liyane kang mujudake hasil panenane warga ing Somongari. Biasane, saben RT nggawe gunungan cacah loro kanggo nggenepi gunungan nganti cacah 48.
   
“Kabeh gunungan diarak mubeng desa kang uga diiring dening kesenian kayadene incling, warokan, jaran kepang, dolalak, rebana lan liya-liyane. Bab iku mono nduweni karep supaya berkahing Gusti bisa dirasakake kabeh warga ing Desa Somongari tanpa sisip,” ngono ngendikane Agus.
   
Saben gunungan dipikul dening warga kang nyandhang kayadene prajurit keraton, wiwit saka pasareyane Kyai Kedhana-Kedhini, digawa tumuju Balaidesa Somongari. Sakwuse ngarak gunungan cacah 48, warga sakbanjure ngadani kendhuri agung. Sakwuse umbul donga, warga bareng-bareng dhahar kembul ndahar tumpeng kang ana. “tekan sakiki, tradhisi jolenan isih lestari lan isih terus diadani dening warga. Bab iki mono ora mong merga Desa Somongari dadi salah sawijining desa wisata ing Kabupaten Purworejo, ananing uga merga warga masyarakat nduweni krenthek tetep kepingin nglestarekake tradhisi tinggalane para leluwur,” ujare Agus mungkasi pangadhikane.(Juruwarta Harian Jogja/Abdul Hamied Razak)

Promosi BRI Catat Setoran Tunai ATM Meningkat 24,5% Selama Libur Lebaran 2024

HARJO CETAK 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya