SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (29/11/2018) menika kapacak bab Tradhisi Jawa.

Solopos.com, SOLO — Maneka adicara tradhisi lan adat istiadat Jawa digelar para leluhur kanthi ancas kang becik. Menawa ditintingi kanthi premati tradhisi kang turun-temurun iku ngemu piwulang kabecikan. 

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Dosen Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, FKIP Univet, Sukoharjo, Adi Deswijaya, nalika ditemoni , Rebo (28/11/2018), ngandharake menawa budaya Jawa ora adoh karo simbol-simbol alam. Dheweke sarujuk menawa adat istiadat lan tradhisi Jawa uga nduweni mupangat jaga alam lan budaya sakiwa tengene.

Ing masarakat Jawa ana adicara merti desa minangka wujud sukur marang Gusti sing Maha Kuwasa. Adicara kasebut biyasane disengkuyung wong akeh saengga bisa kanggo ngraketake paseduluran. Sakliyane iku, merti desa uga duwe mupangat sing gedhe kanggo njaga lestarine alam. “Ing Pacitan malahan ana adicara resik-resik kali,” kandhane.

Tradhisi merti desa Ceprotan sing diadani saben Senin Kliwon ing Wulan Longkang utawa Selo iku biyasane narik kawigatene atusan wong ing saindhenge Pacitan. Kang dadi ancas tujuwane tradhisi iku ora liya ndedonga supaya masarakat adoh saka bebendu. Ceprotan digelar kanthi maneka warna rerangken adicara, wiwit saka reresik kali, nganti pentas Beksan Panji.

Simbol Alam

Adi nambahake, simbol alam sing ana ing tradisi Jawa iku maneka rupa. Contone gambaran watak manungsa miturut pawukon. Wong biyen uga kulina gandelake pranata mangsa nalika nandur pari, utawa nggolek iwak kanggone nelayan.

Simbol alam uga ana ing adicara nikahan Jawa. Wiwit saka pasang tratag lan tarub nganti resepsi. Tarub diwenehi janur lan blarak minangka pratandha yen sing nduwe omah arep mantu. Dene janur kuning sing melengkung dadi simbol pangajap marang Gusti supayane calon pengantin diwenehi kaberkahan. Sabanjure iku ana kembar mayang sing digawe saka reroncenan godong, kembang, lan woh-wohan.

Uga ana pasang tuwuhan utawa woh-wohan ing papan siraman, siraman nganggo tirta wening, nandur rambut para pengantin kanti maksud supaya adoh saka lir sambikala, lan sakpiturute. Nalika upacara panggih kulawarga nganten lanang bakal menehake gawan lan cikal marang bapa lan ibune nganten putri.

Miturut Adi, masarakat Jawa iku isih precaya marang mitos. Kayata mitos Nyi Roro Kidul sing jaman biyen digunakake kanggo meden-medeni Walanda nalika arep njajah Nuswantara. Ing jaman saiki mitos iku isih diprecaya kanthi teges njaga alam lan laut saka polah tingkahe manungsa sing sakkarepe dhewe.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya