Tirakatan, sarana napak tilas sujarah
(JIBI/SOLOPOS/Ist)

Prasasat saben taun ing malem pitulasan, 17 Agustus, ratan-ratan ing kampung ora bisa diliwati kendharaan amarga ditutup kanggo acara malem tirakatan. Kapeksa kudu mubeng golek ratan utawa gang liyane. Kamangka ing gang liyane kaanane uga ora beda, dalan digelari klasa, ora bisa diliwati kendharaan.

(JIBI/SOLOPOS/Ist)
Sanajan acara malem tirakatan diwiwiti udakara jam wolu bengi munggah, nanging ratan wis ditutup wiwit wektu magrib. Racake, ratan bisa diliwati kendharaan maneh sawise jam sepuluh bengi munggah. Mangkono pratelane Muhammad Iqbal, pamerti budaya saka Ngoresan, Jebres, Solo, nalika nggambarake swasana malem tirakatan ing dhaerahe. Saben taun kaanane mesthi ora beda adoh. Saben malem tirakatan, gang-gang ing njero kampunge utawa ing dhaerah liyane mesthi dimupangatake kanggo nggelar adicara mirunggan kasebut.

Tirakatan pancen wus dadi budaya lan nyawiji marang tradhisi masarakat kang ajeg diadani saben taun. Wiwit bapak-bapak, ibu-ibu, mudha-mudhi, kadhang kala bocah-bocah sisan, kabeh diklumpukake dadi siji ing sawijining papan lan diajab betah melek sewengi wutuh ing malem tirakatan. Tujuwane, kanggo napak tilas sujarah perjuwangane para pahlawan kang wus nguwalake bangsa iki saka penjajah.

Tirakatan dhewe asale saka basa Arab, thariqat utawa thariq, kang ateges laku kanggo golek bebener utawa golek dalan sing bener. Bisa uga dimaknani minangka laku kanggo golek piwulang kang bener. Laku iku sabanjure mbidhani adicara tirakatan 17 Agustus, kang didadekake sarana golek piwulang ngenani semangat kenegarawanan, semangat perjuwangan kang wus dilakoni dening para pejuwang mbiyen kanggo nggayuh kamardikan. Semangat iku bakune kudu ana, ora amung nalika kamardikan wae utawa ngepasi malem tirakatan wae. Nanging kudune kepatri selawase.

Laku prihatin
Sawetara sumber maknani tirakatan iku kanthi maneka warna. Upamane budayawan Sindhunata kang maknani tirakat minangka upaya laku prihatin. Sacara sosiologis, upaya tirakat iku bisa dadi kebak makna. Tirakat bisa dadi upaya ketemune para warga kang maune padha direpotake gaweyan utawa padha nglembara ing njaban dhaerah, nanging sacara politis bisa uga dadi upayane rakyat nglawan pamimpine.

Dene miturut antropolog PM Laksono, tirakatan dadi gerakan kolektif sajroning masarakat kanggo nemokake wangsulan saka pitakonan urip sing sarwa ruwet. Mula, tirakatan adate digelar kanthi swasana katrem lan anteng kanggo ngeculake dhiri saka gebyare donya. Tirakat dadi laku prihatin lan wiwit nggunakake ati kanggo mangsuli prakara urip.
Antropolog Lono Lastoro Simatupang nyawang tirakatan tumrape wong Jawa yaiku sarana kanggo ngeling-eling prastawa kang mirunggan.

Sesambungane karo 17 Agustus, tirakatan dadi upayane masarakat kang maknani kaindonesiaane minangka perangan urip padinan. Tirakatan sajroning kamardikan iki kasunyatane dadi tradhisi kang mirunggan sing bisa ditemoni ing tanah Jawa lan Bali. Sanajan ngono, tradhisi iki ora ana sesambungane blas karo kapitayan tartamtu amarga dieloni kabeh warga, tanpa nyawang asal agama utawa kapitayane.

Disawang saka kagunaane, jroning budaya Jawa, tirakatan bebasan nindakake jejibahan lan fungsi sosial kanthi tekad kang manteb lan batin kang sumunar, guyub rukun sarta dilakoni bebarengan minangka lelaku kang ditempuh kanggo nuju karaharjan lan keslametan. “Mula nalika malem tirakatan pengetan kamardikan Indonesia, kabeh iku satemene minangka sawijining upaya ngguyubake lingkungan kang ajeg owah. Saliyane iku, ing malem tirakatan uga disuwun ngelingi jasa-jasane para pahlawan lan napak tilas sujarah kang ditilarake, sarta ndongakake supaya amal ibadahe ditampa dening Gusti lan kabeh dosane dipangapura,” tambahe Sukiyato, salah sijine sesepuh warga Perumnas Palur, Karanganyar.

Saka sawetara andharan kasebut, malem tirakatan bisa diarani sawijining wengi nalika bangsa iki ngening cipta maknani kamardikan. Laku iku bisa didadekake sarana kanggo ngukur pribadine dhewe, ngonceki kakurangan, ngukur tantangan lan alangan kanggo golek dalan kang bisa mrantasi prakara bangsa iki.

Manawa kita kabeh mapanake dhiri minangka abdi nagara lan abdi masarakat, kudune padha sadhar apa kita kabeh wus netepi kuwajiban lan ngleksanakake jejibahane kanthi becik. Kita wajib eling lan waspada, mawas dhiri, sarta bisa ngisi kamardikan iki kanthi kegiyatan kang mupangati sarta migunani.

Damar Sri Prakoso



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya




Kolom