SOLOPOS.COM - Langen beksan kolosal Matah Ati nalika dibabar ing Pamedan Pura Mangkunegaran sawetara dina kapungkur dadi sarana kanggo ndhudhah piwulang luhur ”tiji tibeh” warisane RM Said. (JIBI/Solopos/Burhan Aris Nugraha)

Langen beksan kolosal Matah Ati nalika dibabar ing Pamedan Pura Mangkunegaran sawetara dina kapungkur dadi sarana kanggo ndhudhah piwulang luhur ”tiji tibeh” warisane RM Said. (JIBI/SOLOPOS/Burhan Aris Nugraha)

Ing sawjining dina ing taun 1741 M [1666 Jawa], ana rombongan wong saka lor numpak jaran tumuju tlatah Nglaroh, Selogiri, Wonogiri. Ing ngarep dhewe ana priya nganggo blangkon, awake sedhengan. Ing mburine ana wong- wong kang numpak jaran, awake ana sing sedhengan, uga ana sing gedhe dhuwur. Priya kang numpak jaran ngarep dhewe iku Raden Mas Said. Dheweke lan 18 pandherek metu saka Karaton Kartasura saprelu berjuang nggayuh kamulyaning rakyat.

Promosi Moncernya Industri Gaming, Indonesia Juara Asia dan Libas Kejuaraan Dunia

Ora let suwe, saka arah lor ana rombongan abdi dalem cacahe 22 wong lan para prajurit. Raden Mas Said kasengkuyung 40 pandherek sing setya marang dheweke. RM Said lan pandhereke padha ngumpul ing salah sijine tlatah, banjur tlatah kuwi diarani Pule, saka tembung ”kumpule”. Para pandherek cacahe 40 wong diangkat dadi manggalayuda (komandan pasukan) lan diwenehi jeneng nganggo tembung ”jaya”. Saben manggalayuda diwenehi kuwajiban lan tanggung jawab beda-beda.

“Ana sing diwenehi jeneng Jaya Hulatan, kuwajibane dadi komandan pasukan sing ngawasi kahanan. Ana sing diwenehi jeneng Jaya Panambang, kuwajibane nglumpukake prabeya. Saben manggalayuda duwe prajurit dhewe-dhewe,” pratelane abdi dalem Pura Mangkunegaran kang uga Pangarsa Redaksi Kalawarti Basa Jawa Mbangun Tuwuh, Kanjeng Pangeran (KP) Widijatmo Sontodipuro utawa Wa Sonto [Pakdhe Sonto], nalika disowani Solopos.com, sakwetara wektu kepungkur.

Prajurit pandherek RM Said cacahe ana atusan wong. Nalika warga ing tlatah sing diliwati RM Said lan pandhereke sarujuk marang gegayuhane, akeh sing banjur nyengkuyung, dadi prajurit, lan ndherek lakune RM Said. Prajurit pandhereke RM Said sansaya akeh, ewon wong. ”Supaya para manggalayuda lan prajurit kuwi padha setya, prelu sesanti supaya nambahi semangat, yaiku tiji tibeh, mati siji mati kabeh, mukti siji mukti kabeh,” piterange Wa Sonto. Tegese dudu mati siji banjur liyane padha melu mati, nanging sabaya pati. Yen ana siji wae sing mati, liyane padha sedhih lan wusana dadi panambah semangat nglawan tentara kumpeni Walanda.

Wa Sonto sing saiki yuswane ngancik 82 taun ini nalika wawancara kalawan Espos ing daleme, Wisma Bukit Arum, Ngadisono, Kadipiro, Banjarsari, Solo, nelakake lamun mukti kabeh yaiku nalika antuk kamulyan, kabeh bakal ngrasakake kamulyan kasebut. ”Saben perjuangan, ora dhisik ora saiki, para prajurit lan komandan prelu sesanti. Ing perang kamardikan ana sesanti luwih becik mati campur getih tinimbang urip dijajah. Sesanti ngono kuwi pindha geni, semangat dadi makantar-kantar,” pratelane Wa Sonto.

RM Said kang uga kondhang kanthi asma Pangeran Sambernyawa dadi krikil sing ngreridhu Walanda. RM Said lan pandhereka ngecakake perang cara gerilya, pindhah-pindhah. Saben tentara Walanda ngepung, RM Said sapandhereke mesthi bisa uwal.
Jeneng Sambernyawa gegayutan kalawan kridhane nalika andon yuda mungsuh tentara Walanda. ”Pangeran Sambernyawa kuwi pribadi sing disiplin, ora gelem kompromi kalawan Walanda,” piterange Wa Santa.

Salah sawijining demang ing Palur aweh katrangan marang pehak Walanda bab papan pandhelikane RM Said sapandhereka. Dening Pangeran Sambernyawa, demang kuwi dipidana pati sakprajruit lan abdine. ”Kuwi supaya masyarakat tetap setya turung marang perjuangan RM Said lan ora dadi kancane Walanda,” pratelane dhalang lan dwijawara ing Akademi Seni Mangkunegaran [Asga], Ki Demang Edy Sulistyono.

Sawise nglawan Walanda 16 taun, RM Said sapatemon kalawan pehak Walanda, Sri Sultan Hamengku Buwana I lan Sri Susuhunan Paku Buwana III ing Salatiga. Kanthi prajanjen Salatiga kuwi, tlatah Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat dipantha dadi loro, salah sijine dadi panguwasane RM Said, yaiku tlatah Karanganyar, Wonogiri lan Ngawen (Gunung Kidul).

RM Said banjur madeg dadi Pangeran Adipati yaiku Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya [KGPAA] Mangkunegara I. Nalika mimpin tlatah Mangkunegaran, RM Said tansah mbiwarake wulang luhur sing karakit ing unen-unen sing isih lestari nganti saiki. Wulangan luhur kuwi yaiku, kapisan, semangat tiji tibeh (mati siji mati kabeh, mukti siji mukti kabeh). Wulangan luhur ki mesthi wae dicakake tumrap kabecikan. Semangat tiji tibeh didayakake kanggo mbangun negara. Mbangun nyawijine rakyat lan panguwasa seangga bisa bebarengan mbangun negara ngudi kamulyan tumrap kabeh warga.

Wulangan kapindho yaiku mulat sarira hangrasa wani (tansah mawas dhiri), rumangsa melu handarbeni (kabeh kudu saiyeg saekapraya bebarengan rumangsa nduweni negara) lan wajib melu hanggondheli/hangrungkebi (tansah sumadya mbela negara nalika ana bebaya utawa mungsuh kang ngrabasa.

Dene wulangan kaping telu yaiku urip hanebu sauyun. “Urip hanebu sauyun tegese urip kayadene tebu, godhong tebu ana gunane, tebu digiling dadi gula, kabeh wong seneng gula, oyot tebu kuwat lan ora bisa dibedhol siji mbaka siji, kudu dibedhol bareng-bareng. Tegese nalika ana siji sing kaancam bebaya, liyane melu mbelani,” piterange Edy.
Miturut Heri Priyatmoko, mahasiswa Pascasarjana Sejarah Fakultas Ilmu Budaya Universitas Gadjah Mada, wulangan warisan RM Said kuwi mau isih cocok lan trep lamun dicakake ing titi wanci pungkasan iki.

Nalika kabeh warga bebrayan agung lan pemerintah padha ngrumangsani minangka warga negara lan rumasang melu handarbeni mesthi bakal tumindak kang becik kang tundhone ngudi kawujude kamulyaning urip kabeh rakyat. Rumangsa handarbeni kang kasengkuyung semangat tiji tibeh bakal bakal kuwawa mbengkas kabeh kasus korupsi. Nalika kabeh warga bebrayan agung melu hanggondheli, iki bisa dadi sarana numpes teroris ing Indonesia.

Emane, miturut Heri, ing titi wanci pungkasan iki tapsiran luhur wulangan warisan RM Said kuwi malah dicakake ing papan lan kahanan kang ora trep. Koruptor mesthi ngugemi semangat tiji tibeh. Korupsi kanggo kamulyan kulawarga lan kanca-kancane. Dene yen tumindak korupsinya kuwi kadenangan, semangat tiji tibeh kawujdu ing laku wegah tanggung jawab dhewe, nyakot mrana, nyakot mrene, nggeret sakakeh-akehe wong supaya melu ngrasakake sengsara ing pakunjaran.
Ki Demang Edy njlentrehake lamun negara kuwi kadidene omah. Ing wanci wengi, lawang lan cendhela ditutup. Nalika gendhenge pecah lan banyu udan mlebu, sakulawarga padha gotong royong ndandani gendheng. Lamu wulangan luhur lan semangat tiji tibeh kuwi dicakake kanthi temen-temen ing dalan kautaman, negara iki bakal enggal kuncara lan raharja.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya