SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (25/10/2018) menika kapacak bab Noken ing Jaman Modheren.

Solopos.com, SOLO — Nimpuna kang asring ngadani panaliten saka Balai Pelestarian Nilai Budaya Papua, Arie Januar, ngandharake menawa noken iku kabudayan sing ana ing Papua wiwit atusan taun kepungkur.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Budaya gawe noken adhedhasar saka kabutuhane para leluhur jaman biyen nalika golek wadhah kanggo nyimpen bahan pangan. Noken digawe saka kulit wit-witan sing dirajut. Biyasane digawe saka wit pakis, klapa, lan liya-liyane. Samsaya mrene bahan noken diganti liyane kayata serat kayu utawa suket sing ana ing alas.

Ekspedisi Mudik 2024

Cara gawene beda-beda gumantung bahan utawa ubarampe sing digunakake. Ana sing diwiwiti saka nggodhog kulit wit-witan, utawa dipepe dhisik supaya gampang dirajut. Wernane uga nganggo ubarampe alami sing dijupuk saka kebon utawa alas ing dhaerah kana. Bahan pewarnane kayata kapur, kulit kerang, areng, kunir, godhong jati, lan sakpiturute.

Nanging cara alami iku butuh wektu suwe. Saengga ing jaman saiki akeh sing gawe Noken kanthi cara modheren. Ubarampe noken saiki digawe saka benang wol lan benang olahan pabrik liyane. Pilihan wernane samsaya akeh. Malahan ana noken kain sing cara gawene ora prelu dirajut, mung dijait nganggo mesin.

Ora nganti sakjam, Noken kain wis bisa dienggo. Nanging tata cara gawe noken kanti kaya mengkono iku dianggep ngowahi kabudayan. “Cara nggawe noken sing luwih modheren iku ana apik lan eleke. Karana digawe kanthi cara instan maknane tas noken ilang,” kandhane Arie ing tulisane sawetara wektu kepungkur. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya