SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (27/12/2018) menika kapacak bab Sanggar Seni.

Solopos.com, SOLO — Sanggar seni ing Solo cacahe akeh banget. Miturut itungan saka Dinas Kebudayaan Solo ana atusan pepanthan sanggar seni sing aktif nganti tekan saiki. Sanggar iku ora mung mbabar babagan tari, nanging uga jinis seni tradhisi liyane sing ngrembaka ing Solo.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kasunyatan iku dadi bukti seni tradhisi ing jaman saiki isih disenengi warga. Bocah-bocah padha dhaftar ing sanggar tari. Ana sing seneng amarga krenteg saka atine dhewe, nanging ana uga jalaran saka prentahe wong tuwane.

Ekspedisi Mudik 2024

Salah sawijining murid Sanggar Tari Soeryo Soemirat GPH Herwasto Kusumo Solo, Gofani Putri, 20, sinau tari wiwit saka Kelas IV Sekolah Dasar (SD) nganti saiki wis kuliah. Biyasane latihan seminggu nganti ping pindho ing Bangsal Prangwedan Pura Mangkunegaran. Saking suwene anggone sinau tari, dheweke saiki wis kalebu level Kelas Tinggi.

Saka sinau tari, Gofani, wis tau pentas makili Pura Mangkunegaran nganti tekan ngendi-ngendi. Malah nganti tekan Cirebon karo kanca-kancane. “Janjane wis akeh beksan ageng sing wis apal. Nanging piye ya, awit seneng sinau tari dadi ya tetep pengin sinau ing sanggar embuh nganti tekan kapan,” kandhane sumringah.

Gofani saiki kuliah ing Jurusan Akuntansi FKIP Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo. Jurusane iku blas ora ana gandheng cenenge karo tari tradhisi. Nanging dheweke wegah yen dikon mandek saka sinau ing sanggar. Jalaran wis kadhung mbalung sungsum. Apameneh kancane sepantaran ya akeh sing isih sinau ing Sanggar Soerya Soemirat GPH Herwasto Kusumo.

Miturut Gofani, ana rasa sing beda nalika pentas tari tradhisi. Dheweke ora mung sinau solah gerak tari tradhisi, nanging uga sinau babagan piwulang sing kakandhut ing njerone. Saben tari mesti ana sujarahe sing bisa dadi cekelan urip.

Dheweke paling seneng Tari Puspita Retno. Beksan ageng gaya Surakartan iku nyritakake para prejurit wanita sing latian perang mawa cundrik lan jemparing. Lumrahe dipentaske kanthi pasang-pasangan. “Ngajarake piye carane pentas apik sanadyan digarap bebarengan,” kandhane.

Salah sawijing wong tua sing nglebokne anake ing sanggar, Ignasia Kastriati, ngaku seneng anake betah nari tradhisi. Rung taun kepungkur anake sing saiki umur pitung taun dilebokake sanggar tari modheren. Wektu kuwi Ignasia nganggep anake seneng nari modheren.

Nanging, durung suwe sinau wis bosen. Malah njaluk dileske tari tradhisi. Saiki wis mlaku rong taun anggone sinau tari tradhisi ing sanggar. Anake wis apal maneka warna jinis tari dhasar.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya