SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/Solopos/Dok.)

Espos/Dwi Prasetya

Seni tari uwis dadi seni lan kabudayan tumrap Bangsa Indonesia sing saben adicara kabudayan, mesti ana seni tari. Ananging, seni tari sing dadi seni tradisi uwis padha ditinggalake. Masarakat luwih seneng ndeleng seni tari sing luwih bisa panglipur, ora ribet lan ora suwe kanti jam-jaman. Miturut seniman tari saka Jakarta, Nanang Hape, tari amung dadi tontonan lan panglipur.

Promosi Mali, Sang Juara Tanpa Mahkota

“Kesel sak bubare makarya, pengin ndeleng tari sing bisa ndhagel lan dadi tamba kesel,” ujare Nanang nalika diskusi ngrembug babakan tari, Tari: Produksi yang Mengkini ing Balai Sudjatmoko, Rebu (18/4) awan. Nanang sambat amarga seni tari sing kalebu seni tradisi, uwis wiwit ilang sithik baka sethithik. Tari sing duwe mutu apik, ujare, malah ora payu, kalah karo tari sing ora duwe mutu. “Sing payu malah sing ora duwe mutu,” kandhane.

Seniman uga diadepake karo kahanan wong sing duwe pawitan nggelar adicara uga selera seni masarakat. Seni tari didadekake barang dodolan kanggo kapreluan dhuwit lan eksistensi karo wong sing duwe modhal. Ora preduli maneh babakan tradisi lan nguri-uri budaya.

Nanggapi kahanan kaya kuwi, para pelaku seni tari ora banjur sumarah. Malah ana tantangan kudu bisa nuduhake tari tradisi sing uga bisa disenengi masarakat. Kuwi ora ditegesi nglunturake idealisme para seniman, ananging uga tanggap karo kahanan. “Seni tradisi kudu dilungguhake jejer karo seni modheren lan kontemporer,” ujare. Salah sijine, yaiku seni dadi perangan saka urip lan kabudayan masarakat sakben dinane.

Praktisi managemen seni pertunjukan saka Jakarta, Riza M Noor duwe gagasan, para seniman kudu duwe strategi seni kanggo nanggapi obah owahing jaman kasenian. “Carane kudu bisa adaptif karo kahanan saiki. Sing malah kedadian saiki, kita luwih usreg karo gaweyan birokrasi,” kandhane Riza. Salah sijine gagasan dheweke yaiku subsidi silang seni sing payu ngrewangi seni sing uwis ora payu.

Salah sijine strategi yaiku kabeh sing rumangsa duwe prelu ing donya kasenian tari, uga mudheng lan mangerti papan panggonan. Lembaga seni, seniman, sanggar seni duwe peran mikro, yaiku proses kasenian. Pamerintah duwe peran makro, yaiku tanggung jawab mayungi kagiyatan lembaga seni, sanggar lan seniman ing mikro.

Miturut piyambake, pamerintah daerah akeh padha salah kaprah anggone nerapake promosi kasenian. Akeh sing padha nggelar kagiyatan tari sing gedhe-gedhenan, ananging ora akeh nggandheng para seniman lokal sing luwih trep. “Ing Bali seni uwis dadi perangan saka uripe masarakat, mulane bisa luwih lestari,” ujare. Seni tari yen pengin tetep lestari, kudu nggandheng masarakat ing saben dinane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya