Jagad-jawa
Kamis, 31 Mei 2012 - 08:54 WIB

Tari Bisa Diurmati

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Neneng Yunianti (Espos/Ahmad Hartanto)

Neneng Yunianti (Espos/Ahmad Hartanto)

Wus 25 taun suwene dheweke dadi pambeksai. Pengalaman dadi pambeksa wus akeh, blusukan ing dhusun, uga antuk undangan nari ing adicara-adicara kabudayan ing kutha-kutha sak Indonesia.

Advertisement

Jenenge Neneng Yunianti, sarjana kesenian saka Institut Seni Indonesia (ISI) Solo kang diwisudha taun 2005 kapungkur. “Aku wus dadi pambeksa wiwit umur limang taun. Pancen tari wus dadi jiwaku,” ujare Neneng nalika ditemoni Espos ing Pura Mangkunegaran, durung suwe iki.

Dadi pambeksa pancen ana luwih lan kurange. Nanging tumrap Neneng, tari iku wus dadi perangan urip sing disenengi lan ditresnani. “Kabeh kudu disukuri, yen wis sukur, ati bisa tentrem,” ujare wanita 30 taun iki.

Saiki Neneng dadi dwija kasenian ing sanggar lan sekolah ing Solo iku. Saliyane iku, Neneng uga kerep antuk tanggapan njoged ing adicara-adicara mantenan. Ing adicara kuwi, dheweke duwe pengalaman kang ora kapenak. Nalika mbeksa, akeh tamu lan kulawarga padha ora seneng amarga beksa ing adicara mantenan isih diarani kesuwen lan ora praktis. “Pambeksa isih dianggap barang sing asor, ora apik lah murahan,” ujare.

Advertisement

Pengalaman kuwi bisa dadi piwulang tumrap dheweke, piye carane pambeksa ora nganti dianggep wong sing asor, nanging bisa dadi panglipur atine masarakat. Sing baku, nalika dadi pambeksa, kudune ora amung apal lakuning tangan lan awak, nanging uga ngerti crita sujarah beksa iku. Apa sing diparagani, pambeksa uga ngerti. Pambeksai kudu ngerti watake tokoh., contone Larasati kuwi alus obahe, Srikandhi kuwi ora luwih alus, uga ora kaya wong lanang, utawa ing tengah-tengah.” Supaya luwih mantep anggone dadi penari, salah sijine yaiku sinau sujarah wayang, maca buku babakan wayang.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif