SOLOPOS.COM - Ichwan Prasetyo Juruwarta SOLOPOS (FOTO/Dok)

Ichwan Prasetyo Juruwarta SOLOPOS (FOTO/Dok)

Tembung taman bisa diwerdeni papan utawa kebon sing ditanduri maneka jinis lan warna kembang kanggo seneng-seneng. Taman uga ngandhut teges papan sing nyenengake. Ngrembug tembung taman ing laku jantraning urip manungsa uga ngandhut teges papan lungguhe penganten.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ing tebane kang luwih amba utawa asipat umum tembung taman bisa diwerdeni papan kang nyenengake. Hamula wujud taman kuwi ora mung kebon utawa papan sing kebak kekembangan.

Taman uga awujud kapustakan kang lumrah sinebut taman bacaan, bisa uga awujud taman kagunan panglipur kayadene Taman Hiburan Rakyat (THR) Sriwedari, lan sapiturute.

Wose, taman kuwi tansah raket gandheng cenenge lawan rasa lan jiwa kang murugake rasa lan jiwa kuwi tansah entheng, sumringah, marem, mantep, ora kuciwa. Gegandhengan lawan tujuwan gawe senenging ati utawa rasa kuwi mau ing titi wanci pungkasan iki akeh pamarentah dhaerah sing jor-joran dhuwit kanggo mbangun taman ing saindenging kutha utawa tlatah.

Kutha Surabaya, Solo lan Jogja kalebu kutha kang saiki sansaya gawe adhem kang rumeseping rasa jalaran akeh taman ing saidenging kutha. Hamung sing nuwuhake pradondi yakuwi taman-taman kutha, sing wujude kebonan utawa papan kang kebak kekembangan lan tetuwuhan liyane, saiki malah dadi papane para mudha pepasihan, pacaran.

Pepasihan utawa pacaran ing taman kabiji ala, nerak angger-angger, murang tata. Hamula ing Taman Balekambang, Solo banjur ana kawicaksanan ngukum pasangan mudha sing konangan pepasihan ing taman kuwi kudu reresik wewengkon taman, kalebu kantore sing ngupakara taman.

Yen kapindeng saka werdine taman kang sejati, yektine pepasihan utawa pacaran ing taman kuwi pancen trep. Jer gunane taman mono pancen kanggo seneng-seneng, kanggo ngenggar-engar rasa kang rumeseping ati. Tumrap para mudha, pepasihan mono mujudake perangan laku jantraning urip sadurunge napak ing urip omah-omah.

Lan yen mirid lelakone taman ing kapustakan Jawa, mligine kapustakan jaman krajan lan kapustakan pewayangan, taman mono pancen raket gandheng cenenge lawan pepasihan, pacaran lan skandal asmara.

Ing lakon-lakon pewayangan utawa lakon-lakon kethoprak kang njupuk crita jaman krajan, taman tansah dari perangane pradondi politik kang underane mesthi nyakup wong wadon, skandal asmara.

Patemone Ken Arok lan Ken Dedes ora liya ing taman kaputren sanjerone wewengkon kraton Kadipaten Tumapel. Sesambungan asmara antarane Ken Arok lan Ken Dedes sabanjure nuwuhake dredah ing Tumapel kang wusana njugarake panguwasane Akuwu Tunggul Ametung lan dadi kawitan tuwuh lan ngrembakane Krajan Singasari.

Dewi Sinta nalika kasil kadhusta dening Rahwana banjur dipapanake ing Taman  Asoka kang asri lan ngresepake rasa, nanging ora kuwawa gawe bedhamen kang rumeseping rasa pangrasane Dewi Sinta jalaran katresnane mung katumrapake Sri Rama.

Tumrap Rahwana, Taman Asoka kaajab bisa nglilihake Dewi Sinta saengga gelem nglanggati katresnane. Nanging, kawusanane taman kang edi peni kuwi dirusak dening Anoman, utusane Sri Rama. Tumrap Sri Rama, Taman Asoka kuwi sumber kadurakane Rahwana kang kumawani ndhusta Dewi Sinta saka sisihe.

Ali Sadikin nalika nglenggahi jejering Gubernur DKI Jakarta nate ngendika lamun para mudha kang pacaran ing taman ora prelu diganggu amarga pangajab mbangun taman ing sanidenging Kutha Jakarta pancen kanggo para mudha kuwi mau. ”Yen para mudha kuwi pepasihan ing hotel, apa sing bakal kedadeyan?” ngono ngendikane Ali Sadikin.

Hamung ing titi wanci pungkasan iki wus ana owah-owahan norma kang mindeng lamun pepasihan ing taman kang tinarbuka kuwi nerak angger-angger. Jan-jane ya ora, lamun anggone pacaran sing sakmadya wae, aja nganti keladuk. Jer taman mono pancen katumrapake nuju reseping rasa, nanging lamun kanthi cara nerak norma lan angger-angger malah bakal gawe seneping rasa.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya