SOLOPOS.COM - TAMAN--Taman Sekarjati dadi salah sijine taman kang dibangun dening Pemkot Solo. (FOTO/Dok)

TAMAN--Taman Sekarjati dadi salah sijine taman kang dibangun dening Pemkot Solo. (FOTO/Dok)

Taman dadi salah sijine piranti kang prelu banget tumrap lingkungan kutha utawa lingkungan sing luwih cilik, upamane lingkungan kulawarga. Taman duweni piguna kang akeh, ing antarane kanggo nambah asrine swasana, hawane dadi seger amarga wit-witan pada mrodhuksi oksigen.

Promosi Ijazah Tak Laku, Sarjana Setengah Mati Mencari Kerja

“Wis diputusake, lemah ing kutha kudu ana Ruang Terbuka Hijau (RTH) paling sithik 30 persen, salah sijine RTH yaiku kanggo taman. Solo salah sijine kutha ing Indonesia kang preduli marang lingkungan. Akeh lemah sing sakdurunge garing, digawe taman,” ujare Kajur Arsitektur Fakultas Teknik UNS, DR Ir Mohamad Muqoffa MT, nalika ditemoni Espos ing kantore, Selasa (8/5) awan.

Conto sing paling gampang yaiku Taman Balekambang. Saiki taman ing lingkungan Banjarsari kuwi dadi papan plesiran masarakat Soloraya. Wiwit bocah TK nganti SMA padha sinau biologi, kewan lan tanduran. Uga akeh mudha-mudhi sing padha seneng ngiyup saka hawa panas ing ngisor wit-witan gedhe ing taman kuwi. “Kutha-kutha sing wus modheren mesthi padha nggatekake lingkungane, salah sijine kanthi nyedhiyani taman ing kutha,” ujare.

Emane, nalika Pemkot mbangun taman, masarakat ora gelem melu njaga lan ngopeni. “Ana kabar kursi city walk lan dian taman padha dicolong. Kudune masarakat melu njaga piranti-piranti kuwi, dadi taman asri bakal bisa awet yen panguwasa lan masarakat rumangsa handarbeni lan duweni angen-angen sing padha,” tandhese.

Miturut Muqoffa, para arsitek duwe gagasan yaiku masarakat kudu duwe pamikiran dhasar babagan lingkungan kang asri lan bakal bisa migunani ing kuwalitas uripe. Nalika arep mujudake lingkungan kang asri, jarene, kudu diwiwiti saka lingkungan kulawarga. Saben kulawarga kudu duwe pamikiran dhasar yen lingkungan asri bisa nentremake ati, ayem, lan hawane adhem kaya ing gunung. Bisa dibayangake, yen hawane omah adhem tentrem, mesthi sapa wae ing omah kuwi bakal betah.

“Mujudake omah kang asri lan adhem, duwe taman kan ijo royo-royo ora kudu duwe lemah kang jembar, lemah sak meter pesagi wae bisa dadi taman. Kabeh kuwi gumantung niyate,” ujare.

Taman uga ora mesthi awujud tanduran ing lemah, ananging bisa saka tanduran ing pot. Tanduran ing pot bisa diselehake ing papan ngendi wae, ing pojokan pawon utawa kamar, uga bisa digantung ing emperan. Yen omah wis dadi ijo, mesthi nularake hawa adhem lan tentrem ing ati.

Nalika ana taman ing lingkungan kutha utawa ing lingkungan kulawarga sejatine ora mung nambah swasana asri lan ijo, utawa hawane adhem. Luwih saka kuwi, larasing alam bisa kajaga. Lemah kang jembar lan padhang saka wangunan bisa ngresepake banyu udan tumuju ing lemah. Lemah kuwi paribasan celengan kang isine maneka jinis, salah sijine banyu. Banyu kuwi barang kang paling dibutuhake dening manungsa, kewan lan tanduran.

Yen wus lemah dadi panggonane banyu, mangsa rendheng ora ana crita bena. Bena amarga kali wis ora kuwat nandangi tekane banyu saka kali-kali cilik utawa kalen. “Jakarta bena amarga wis ora ana lemah kanggo banyu. Banyu udan kabeh padha mili ing kali-kali, banjur kaline bena,” ujare piyambake.

Sewalike, yen lemah isine banyu udan, mangsa ketiga ora bakal ana crita sumur padha asat, tanduran padha garing, sawah padha nela amba. Mulane, angka 30 persen kudu dadi target panguwasa sing kudu dilakoni supaya ora ana bebaya kaya bena, lemah jungrug amarga wit-witan ing alas pada ditegori lan sakpiturute. Masarakat uga dijaluk kawigatene marang taman kang dibangun dening pamarentah. Rumangsa handarbeni, bisa njaga lingkungane. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya