Jagad-jawa
Sabtu, 4 Februari 2012 - 16:23 WIB

Syahadatain

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Gunungan Sekaten (JIBI/SOLOPOS/Sunaryo Haryo Bayu)

Gunungan Sekaten (JIBI/SOLOPOS/Sunaryo Haryo Bayu)

Perayaan Sekaten kang dileksanakake saben taun ing Karaton Kasunanan Surakarta sejatine minangka wujude karaton mikul dhuwur mendhem jero marang perjuwangane Wali Sanga kang wus kasil nyebarake tuntunan Nabi Muhammad SAW ing tanah Jawa.

Advertisement

Kanggo kapentingan dakwah, dening para wali ing Demak, kelairan Nabi iku dipengeti nganti seminggu, saka tanggal 5-15 Rabbingulawal. Pengetan kang lumrah disebut Maulud Nabi iku, dening para wali diarni Sekaten, kang asale saka tembung Syahadatain utawa rong ukara Syahadat, yaiku panyeksene wong Islam kang nandhesake ora ana Pangeran saliyane Allah lan Nabi Muhammad minangka Utusane Allah.

Sawetara sumber nyebutake, sujarahe Sekaten digelar kanggo ngurmati laire tuntunan tumrap manungsa, kang prelu digiyarake menyang masarakat nganti kapan wae. Masarakat kang nekani Sekaten ora liya amung kepengin antuk pepadhang saka tuntunan kang wus kabukti nggawa manungsa urip jroning kabagyan lair lan batin.

Satemene, wong-wong kang nekani Sekaten yaiku sakabehe wong kang gelem diatur dening tuntunan, ngrungkebi budi suci lan pasrah sumarah marang Gusti, nuju manungsa sejati kaya dene kang diajab para wali, rikala semana.

Advertisement

Nyatane pancen katlitene sarta cedhake para wali marang masarakate, agawe sakabehe padha sarujuk mungkus dakwahe kanthi mbabar tontonan kang nekakake gamelan pusaka tinggalan Majapahit kang wus diboyong menyang Demak.

Ing Karaton Kasunanan Surakarta, tradhisi nabuh gamelan iku isih ajeg dileksanakake ing Bangsal Pagongan, Mejid Agung Karaton Surakarta. Kang kudu digatekake saka gendhing-gendhing gamelan Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari yaiku makna kang kakandhut sajrone. Saora-orane ana rong kabeneran kanga rep dijabarake. Pisanan yaiku syahadat taukhid, yakin marang kasejatiane Allah SWT, kang dilambangake jroning gendhing Rambu. Asale saka tembung Robbuna kang ateges Allah Pangeranku kang diungelake saka gamelan Kyai Guntur Madu.

Prakara kaloro yaiku Syahadat Rosul saka gamelan Kyai Guntur Sari, yaiku ungele gendhing Rangkung. Asale saka tembung Roukhun kang ateges jembar jiwane. Kabeh iku ora minangka tontonan utawa amung kanggo panglipur thok.

Advertisement

Nganti saiki, ungeling gangsa iku dadi simbul pambukane Sekaten. Dene Miturut Pengageng Sasana Wilapa, GKR Wandansari, ungeling gangsa dadi syiar agama Islam kang dilarasake karo budaya Jawa. Sebab, jaman mbiyen, Karaton Mataram Islam dadi punjering pamarentahan kang adhedhasar syariat Islam ing Pulo Jawa.

Adicara ungeling gangsa, kaya kang kelakon ing peerayaan Sekaten taun iki, Minggu (29/1), diwiwiti kanthi tekane utusan Karaton Kasunanan Surakarta kang paweh prentah marang para abdi dalem pradangga supaya nabuh gamelan. Nabuh gamelan iki ngandhut makna supaya umat Islam ngleksanakake piwulange Gusti kanthi becik lan bener. “Saliyane iku, umat Islam bisa nindakake urip padinane kanthi lelandhesan piwulang Islam. Pawitane gendhing kang ditabuh yaiku gendhing Rambu lan Rangkung,” pratelane.

Gamelan Sekaten iku bakal ajeg ditabuh ing wayah tartamtu saben dinan nganti perayaan gunungan Grebeg Sekaten kang dileksanakak Minggu (5/2).

Dene salah sijine warga Solo, Parti, 40, isih mracayani nginang nalika gamelan ditabuh jroning adicara ungeling gangsa bisa marai awet enom. “Jarene wong tuwa mbiyen ngono kuwi. Iki tradhisi sing wus turun-tumurun,” ujare. JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif