SOLOPOS.COM - (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

(FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Guna mujudake pakurmatan marang seni tradhisi jinis kethoprak lan seni drama, Kelompok Kerja teater Tradisional (KKTT) Wiswakarman nggelar adicara teater mlebu kampung. Program kasebut dadi salah sijine program para mahasiswa kang duwe greget supaya budaya seni kasebut gumregah maneh ing satengahing masarakat.

Promosi Mudik: Traveling Massal sejak Era Majapahit, Ekonomi & Polusi Meningkat Tajam

“Teater blusukan ing desa-desa kuwi uga kanggo nglipur masarakat, paweh panglipur kang becik lan ngandhut pituduh bab kerukunan lan gotong-royong,” kandhane Ketua Umum Kelompok Kerja teater Tradisional (KKTT) Wiswakarman, Syafaat Astiyanto, nalika ditemoni Espos, Selasa (10/7) awan ing kampus FSSR UNS.

Mahasiswa semester VIII Sastra Daerah kasebut kepingin mahasiswa uga bisa menehi piguna marang masarakat, salah sijine seni tradhisi. Kuwi uga bisa dadi tandha mahasiswa uga preduli marang masarakat.

“Sasi ngarep, jadwal pentas ing Bekonang, banjur ing salah sijine desa ing Kabupaten Karanganyar,” ujare Syafaat kang Sali kelairan Matesih, Karanganyar taun 1990 iki. Supaya luwih raket anggone sesrawungan, masarakat menehi ubarampe kanggo pentas kuwi, kaya panggung utawa soundsystem. “Carita, paraga lan busanane saka mahasiswa, dadi iki uga bisa menehi piwulang ngenani sesambungan kang becik antarane masarakat lan mahasiswa.”

Syafaat wus melu ing pepanthan teater kasebut wiwit semester III. Dheweke rumangsa uripe luwih seneng lan ora sepi. “Pepanthan teater iki bisa nambahi ilmu seni tradhisi teater lan kethoprak, lan ana piwulang kang ora disinau ing kelas, yakuwi paseduluran.”

NGanti saiki, KKTT Wiswakarman wus nggelar teater klasik ing Salatiga, Gedung Wayang Orang (GWO) Sriwedari, TBS lan ing desa-desa ing Solo.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya