SOLOPOS.COM - Gambar Arjuna lan Kresta ing madyaning baratayuda asumber Baghavad Gita. Ing Baghavad Gita ana wulangan bab sepi ing pamrih rame ing gawe kang tansah diwarisake para pandhita utawa begawan marang para satriya.

Gambar Arjuna lan Kresta ing madyaning baratayuda asumber Baghavad Gita. Ing Baghavad Gita ana wulangan bab sepi ing pamrih rame ing gawe kang tansah diwarisake para pandhita utawa begawan marang para satriya.

Mbokmenawa batine wong-wong sing isih resik banjur padha  pengin nangis nalika maca warta lamun meh separo gubernur ing Indonesia–17 gubernur –-duwe  sipat durjana, ngapusi lan nyolong dhuwite rakyat nganti cacahe atusan miliar rupiah. Bupati uga ora beda, ana 138 bupati/ walikota –saka 497 bupati/walikita sa-Indonesia –dadi koruptor.

Promosi Nusantara Open 2023: Diinisiasi Prabowo, STY Hadir dan Hadiah yang Fantastis

Apa sejatine isi atine para panguwasa kasebut kang yektine nyangga amanat, pangkat lan dipercaya rakyat, nanging malah khianat. Nalika durung kepilih, padha ngumbar janji bakal ngudi katentreman urip lan jejeging adil. Ora bakal njupuk lan nrima sing dudu hake, tumandang ing gawe kanthi sipat jujur lan sregep, ora pamrih puja-puji utawa bandha donya. Kanyatane?

”Ndeleng wong sing duwe pangkat ing jaman saiki pancen angel nemokake sing duwe sipat sepi ing pamrih, rame ing gawe,” pratelane dhalang lan dhosen ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra lan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret (FSSR UNS), Imam Sutardjo, nalika disowani Espos, Senen (4/2), ing kantore.

Ekspedisi Mudik 2024

Miturut Imam, sing mratah jaman saiki malah sepi ing gawe rame ing pamrih. Jaman saiki, akeh wong wegah tumandang lamun ora ngasilake bathi. Para panguwasa lan priyagung tumandang gawe, nanging ora katumrapake rakyat. Tumandang gawene mung kanggi pribadi lan golongane.

Nglungguhi kursi panguwasa diwerdeni minangka sarana nggayuh bandha, dhuwit saakeh-akehe lan nggayuh kuwasa sing luwih dhuwur. Kabeh lelandhesang petungan tuna utawa bathi. Sing kaudi cetha mung bathi, kanthi sarana lan dalan apa wae. Pangkat lan panguwasa dianggep barang sing bisa didol lan dituku.

Dadi gubernur kudu metung duwe pawitan pirang atus miliar rupiah. Wusana, nalika kasil dadi gubernur, sing dipikir saben dina mung kepriye supaya pawitan puluhan utawa atusan miliar rupiah mau enggal bali. Dadi panguwasa ora mikir kepriye supaya rakyat urip luwih tetrem lan makmur.

Imam nelakake ing buku-buku sejarah bisa didhudhah lamun jaman ngrebut kamardikan para pejuwang wani toh nyawa lan ora ngeman bandha. Para pejuwang kasebut ngrumangsani ora bakal ngrasakake rejaning jaman, nanging mikir kepriye supaya anak, putu lan buyut urip tentrem ora ing regemaning penjajah.

Dene ing jaman saiki, akeh prekara nalika panguwasa tumindak korupsi ora mung jalaran pancen sipate kang ala. Korupsi katindakake uga jalaran wangunan lan cakepan politik ing Indonesia kang pancen mbukak kalodhangan, kepara nyengkuyung mratahe tumindak korupsi.

”Prabeya politik kuwi prasasat ora ana watese. Dadi calon anggota legislatif utawa caleg kudu sangu dhuwit miliaran rupiyah. Arep nggayuh kalungguhan bupati utawa walikota tangeh lamun kasil menawa tanpa pawitan dhuwit atusan miliar rupiyah. Hla, kuwi dhuwit saka ngendi? Kepriye carane mbalekake, sakorane bisa bak buk,” piterange Imam.

Mula ora nggumunake nalika wus nglungguhi kursi anggota DPR/DPRD utawa dadi bupati, ing pikirane mung babagan piye carane dhuwit miliaran sing wus diblanjakake mau bisa bali.

Miturut parampara kabudayan Jawa, KP Sontodipuro utawa Wa Sonto, kajaba wangunan lan cakepan politik, tatacara sumpah jabatan uga prelu didandani. Panguwasa utawa pejabat salebare ngucap sumpah jabatan prayogane diwenehi sertifikat kang isine tetembungan isi sumpah jabatan kuwi mau. Sertifikat kasebut bisa dicenthelake ing omah dhines lan omah pribadi supaya tansah kelingan.

”Tulisan ing sertifikat kuwi janji ora bakal nampa utawa menehi dhuwit utawa barang kang gegayutan kalawan panguwasane,” ujare Wa Sonto. Ing kahanan saiki, mratah nalika pengin munggah pangkat kudu cucul dhuwit. Mula, nampa utawa menehi gegayutan panguwasa yang sejatine tumindak ala kuwi saiki dianggep lumrah ing jagad politik lan birokrasi ing negara iki.

Nalika dhuwit bisa dadi sarana ngundhakake pangkat, wong bodho nanging sugih bakal bisa munggah pangkat. Suwalikane, wong pinter nanging mlarat panggonane yang mung ing ngisor, ora duwe kuwasa mrentah. ”Kudu ada wong sing kuwat lan wani ndandani kahanan iki supaya ora tambah rusak lan semrawut,” pratelane Wa Sonto.

Apa kang dumadi ing titi wanci pungkasan iki, miturut Wa Sonto nandhesake lamun wulangan ”suwung pamrih tebih ajrih” warisane Raden Mas Panji (RMP) Sosrokartono (kakange RA Kartini) wus ora dadi landhesan tumrap uripe warga bebrayan agung, mligine bebrayan agung Jawa.

”Para panguwasa negara iki akeh-akehe wong Jawa, sakorane duwe oyot kabudayan Jawa. Nanging, prasasat kabeh wus lali malang jati dhirine. Suwung pamrih tebih ajrih utawa sepi ing pamrih rame ing gawe wus dianggep kuno, ora njamani,” piterange Wa Sonto.

Miturut Imam Sutardjo, panguwasa ora prelu ajrih utawa wedi nalika tumindak bener lan pener, ora khianat marang rakyat lan tansah ngudi karaharjaning rakyat. “Tebih ajrih” kuwi bakal kagayuh lamun saben dina tansah tumindak nut paugeran lan tansah ngudi kabecikan.

Tumrap para panguwasa, ”tebih ajrih” bakal kagayuh lamun dheweke bisa ngecakake panguwasane ora mung kanggo mburu pamrih pribadi: mbalekake pawitan sing diblanjakake ing pemilihan umum utawa ing pemilihan kepala dhaerah.

Imam lan Wa Sonto isih yakin lamun yang titi wanci pungkasan iki isih ana wong sing nalika dipercaya dadi pemimpin bakal ngadeg jejeg ing dalan jujur lan amanat. Wong siji nanging jujur ing wewengkon papan dununge maling bakal nampa pacoban lan akeh mungsuhe. Dheweke bakal nampa maneka pitnah supaya ora ngganggu sing padha tumindak korupsi.

”Becik ketitik, ala ketara,” ujare Wa Santa. Tegese, sanajan antuk pitnah, wong kang jujur bakal dituduhake marang dalan kabecikan dening Gusti Allah. Wong kang tumindak ala uga bakal antuk piwales. Suwung pamrih tebih ajrih dadi laku kang abot ing madyaning urip kang kabeh sarwa kapetung kudu bathi lan ora kena tuna.

“Payungku Gustiku, tamengku ya Gustiku. Iki dalan spiritual kang dhuwur kanggo nggayuh wredine suwung pamrih tebih ajrih. Sumendhe marang Gusti Allah, pasrah,” pratelane Imam. Kanggo nggayuh tataran spiritual kuwi mau wajib ngugemi sipat lan laku prasaja lan walaka. Prasaja yaiku sakmadya. Walaka yaiku blak-blakan, apa anane, ora ana sing ditutup-tutupi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya