SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO – Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (9/8/2018) menika kapacak bab maestro gamelan, Sumarsam.

Rembugan bab gamelan ana sawijining pawongan kang ngabdekake dhiri lan penemu marang lestari lan ngrembakane musik budaya Jawa iku. Pawongan kasebut yaiku Sumarsam.

Awit saka kridhane nguri-uri lan ngupaya bali moncere gamelan, Sumarsam antuk kanugrahan pakurmatan Satya Lencana saka pamarintah liwat Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.

Kapethik saka buku Profil Penerima Anugerah Kebudayaan dan Penghargaan Maestro Seni Tradisi 2017, nadyan yuswane wis ora enom maneh nanging semangate katon makantar-kantar nalika Sumarsam crita bab gamelan kang dadi wosing seni lan adat budaya Jawa.

Sumarsam crita mula bukane dheweke kenyut lan tresna marang seni gamelan. Ing Bojonegoro, Jawa Timur, nalika Sumarsam isih umur pitung tahun, dheweke wis seneng nonton kepyakan wayang utawa gamelan. Wiwit iku, Sumarsam nyinau lan gladhen nabuh gamelan. Marsam seneng banget nabuh gender lan ngendhang.

Marsam ngandharake gamelan sawijining perangkat musik kang komplit. Ing gamelan ana perangan kang wujude wilahan, wujud gong, prangkat kang digesek, apa dene disebul. Ing kono ana kang gampang tabuhane utawa gampang carane ngunekake, nanging ana uga kang angel.

Komposisi utawa racikane gamelan beda kalawan racikan musik Barat. Ing gamelan racikaning tabuhan asipat mubeng banjur kabalenan maneh, utawa repetisi. Saengga puterane gendhing bisa kagawe dawa utawa cendhak, saengga bisa dikantheni kekembangan tabuhan.

Awit rasa tresnane marang gamelan, Marsam mlebu sekolah karawitan. Ing taun 1961, Marsam mlebu ing Konservatori Karawitan Indonesia ing Solo. Banjur ing taun 1965 nutukake aneng Akademi Seni Karawitan Indonesia (ASKI) sing saiki dadi ISI Solo. Sabanjure Marsam uga sekolah bab etnomusikologi menyang mancanegara.

Nalika lulus saka ASKI ing taun 1970, Marsam lan rombongan kautus menyang Jepang dening pamarintah kanggo pameran gamelan. Ora let suwe Sumarsam kajaluk mulang bab gamelan ing Kedutaan Besar Republik Indonesia (KBRI) Canbera, Australia. Ing taun 1972 uga kajaluk mulang bab Gamelan ing Wesleyan University ing Middletown, Amerika Serikat, tumeka saiki.

Tumrab Sumarsam gamelan ora mung sawijining alat musik, nanging mujudake kaendahan kang bisa digoleki ruh seni lan budayane liwat sujarah teori lan praktik. Kaendahan kasebut bisa kababar kanthi wujud maneka warna pagelaran seni budaya lan ceramah-ceramah ing pirang-pirang negara.

Promosi Mabes Polri Mengusut Mafia Bola, Serius atau Obor Blarak

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya