Jagad-jawa
Minggu, 17 April 2022 - 22:44 WIB

Sujarah Reyog Ponorogo

Damar Sri Prakoso  /  Abdul Jalil  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Tari reog menjadi salah satu sajian utama tradisi Mondhosio di Lingkungan Poncot, Kelurahan Kalisoro, Kecamatan Tawangmangu, Kabupaten Karanganyar, Selasa (30/11/2021). (Solopos.com/Bayu Jatmiko Adi)

Solopos.com, SOLO — Tari reyog Ponorogo lagi dadi kembang lambene wong akeh. Sepisan maneh Malaysia arep ngaku-aku kesenian reyog Ponorogo minangka asil budayane dhewe marang United Nations Educational Scientific and Cultural Organization (Unesco).

Ora mung kuwi sing marai masarakat muntab, nanging sumebaring warta manawa Kementerian Pendidikan Kebudayaan Riset dan Teknologi (Kemendikbud Ristek) luwih milih ndaftarke jamu menyang Unesco tinimbang reyog Ponorogo.

Advertisement

Mula ora maido, kahanan iku gawe muntabing masarakat, utamane para pandhemen lan seniman reyog. Kepara Bupati Ponorogo Sugiri Sancoko gela marang putusan pamarentah pusat kang ora ngusulake reyog menyang Unesco.

Sadurunge dadi kesenian kang kondhang kaya saiki, ana saperangan crita kang ngrembaka bab sujarah reyog. Nanging salah sijine crita kang kondhang yaiku Ki Ageng Kutu mbalela. Ki Ageng Kutu yaiku abdi dalem kraton nalika dipimpin Bhre Kertabhumi, Ratu Majapahit pungkasan ing abad kaping-15.

Advertisement

Sadurunge dadi kesenian kang kondhang kaya saiki, ana saperangan crita kang ngrembaka bab sujarah reyog. Nanging salah sijine crita kang kondhang yaiku Ki Ageng Kutu mbalela. Ki Ageng Kutu yaiku abdi dalem kraton nalika dipimpin Bhre Kertabhumi, Ratu Majapahit pungkasan ing abad kaping-15.

Ki Ageng Kutu ora trima nalika prameswari Majapahit saka Cina duwe kuwasa kang linuwih kanggo nglakokake pamarentah. Saliyane iku, Ki Ageng Kutu muntab marang ratune amarga sajroning pamarentahane kebak colong jupuk utawa korupsi.

Ki Ageng Kutu krasa manawa Majapahit wus nyedhaki umure.Ki Ageng Kutu banjur milih ninggalake ratune lan ngedhegake padhepokan seni bela diri.

Advertisement

Ngrumangsani manawa prajurite kalah akeh kanggo nglawan prajurit kraton, Ki Ageng Kutu banjur nggunakake cara liya liwat pagelaran seni reyog kanggo nyindir Kertabhumi lan pamarentahane.

Pagelaran reyog dadi carane Ki Ageng Kutu njupuk atine masarakat supaya gelem melu nyawiji nglawan pamarentah. Ing pagelaran reyog iku paragane nggunakake topeng awujud sirah singa barong kang dadi simbole Kertabhumi. Sadhuwure singa barong ana wewulu merak nganti kaya tepas gedhe kang dadi simbol agunge kuwasane Cina kang ngatur sakabehe.

Dene jathilan kang diparagani dening pepanthan pambeksa gemblak nunggang jaranan dadi simbol kakuwatane prajurit Majapahit kang ora imbang karo kekuwatane para warok. Ing suwalike topeng abang kang dadi simbole Ki Ageng Kutu, paragane dhewekan nyangga topeng singa barong kang abote nganti luwih saka 50 kg amung nggunakake untune.

Advertisement

Sansaya gumebyar lan kondhange reyog Ki Ageng Kutu iku wusanane njalari Bhre Kertabhumi ngrangseg padhepokane Ki Ageng Kutu. Pambalelane warok bisa dirampungi kanthi cepet lan padhepokan banjur ora kena mbacutake mulang warok maneh.

Ananging, murid Ki Ageng Kutu ndhelik-ndhelik tetep mbacutake gladhen warok, sanajan kesenian reyog kuwi dhewe isih diidini pentas amarga wus kebacut dadi tontonan kang ditresnani masarakat. Nanging critane wus diowahi lan ditambahi tokoh saka crita rakyat Ponorogo yaiku Kelono Sewandono, Dewi Songgolangit, lan Sri Genthayu.

Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawansa, mrentahake Pamarentah Kabupaten Ponorogo supaya luwih cepet anggone nggenepi dokumen sujarah warisan budhaya reyog Ponorogo menyang Unesco. Pancen eman, sujarah wiwit saka proses nganti laire reyog Ponorogo ora digenepi sisan karo dokumen kang bisa nuduhake kuwi kabeh.

Advertisement

“Saben Pemprov Jatim ana misi dagang menyang dhaerah ing ngendi wae, pepanthan reyog Ponorogo kuwi kang ajeg digawa. Arep dipentaske ing dhaerah ngendi wae, jenenge ajeg reyog Ponorogo,” pratelane Khofifah ing kominfo.jatimprov.go.id, Senin (11/4/2022).

Miturut Khofifah, reyog wus kondhang diarani saka Ponorogo. Nanging upama dijokake minangka warisan budaya tak benda menyang Unesco ora cukup awates sesebutan. Sujarah ngenani reyog Ponorogo kuwi kudu kajlentrehake kanthi tinulis thirik-thirik.

“Awake dhewe lagi rumangsa lan krasa marang sawijining budaya nalika ana nagara liya arep ngakoni budaya kuwi minangka bageyan saka jati dhirine bangsa kuwi. Mula, aku ngejak kabeh warga masarakat supaya melu handarbeni lan ngrungkebi sarta njaga kabeh budaya kang ana ing nagara kita,” piterange.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif