SOLOPOS.COM - Kahanan Gedung Wayang Orang (GWO) ing Taman Sriwedari Solo, Kemis (6/1/2022) awan, katon sepi. (Espos/Nicolous Irawan)

Solopos.com, SOLO — Taman Sriwedari sing ana ing dalan Slamet Riyadi Solo katon sepi lan suwung.

Wangunan Masjid Taman Sriwedari uga ora pati kaurus. Gedhunge lagi dadi kurang luwih 80%. Gapura Taman Sriwedari ing sisih ngarep ditutup nganggo kain. Dene, sisih kiwa lan tengene ditutup seng.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Yen kepingin mlebu taman iku ya kudu liwat mburi. Ngliwati gapura mburi sing dalane nggronjal amarga isine watu lan lemah. Kaya-kaya ora ngira wae nyawang kahanane Taman Sriwedari jaman saiki. Tilas Kebon Rojo (Bonrojo) sing digawe nalika jaman Paku Buwana X iku saiki kahanane melas banget.

Kamangka kira-kira limang taun kepungkur Taman Sriwedari dadi salah sawijining laladan sing ajeg rame. Taman sing ana ing tengah kutha iku mesthi dadi jujugan warga. Biyen ana sing jenenge Taman Hiburan Rakyat (THR) Sriwedari, ana Pendapa Sriwedari, lan ana papan karaoke saben templekan.

THR Sriwedari iku kalebu papan panglipuran sing murah. Ing papan kono uga ana maneka dolanan bocah sing murah kayata prosotan, bandhulan, lan mobil-mobilan. Banjur, ing sandinge ana panggung seni. Saben bengi kerep kanggo ngadani pentas, kayata pentas musik rock, pentas Koes Plus, lan uga dhangdhutan.

Semana uga, Pendapa Sriwedari, ya ajeg rame. Adate dadi papan panggonan gladhen seni tari. Ing sanding pendapa, ana kantore seniman keroncong. Saben awan, papan iku rame wong thenguk-thenguk utawa turon amarga pingin leren lan ngadem.

“Yen weruh Taman Sriwedari sing saiki, ora ngira dadine kaya ngene. Biyen rame banget. Saiki kok sepi ngene,” kandhane salah sawijining warga Kartasura, Sukoharjo, sing kerep dolan mrono, Tiyas, 34, Kemis (6/1/2022).

Ing panemune, biyen Taman Sriwedari ajeg rame wiwit saka esuk tekan bengi. Rame wong dolan utawa ngadani pentas seni. Nanging telung taun kapungkur, dhaerah kuwi sepi nyenyet. Krasa rame mung ana ing GWO. Biyen ana pentas wayang saben dina. Sasuwene pageblug Covid-19, pentase diganti mung dina Kemis, Jemuwah, lan Setu. Sing nonton diwatesi mung 50%.

Krenteg

Krentege paraga wayang wong sing pentas ing GWO nggawe penontone melu seneng. Kabeh seniman padha nyengkuyung piye carane GWO tetep rame sanadyan saindenge sepi nyenyet amarga ana ontran-ontran rebutan lemah.

Salah sijine seniman GWO sing krenteg nguri-uri wayang yaiku Didik Wibowo, 45. Didik wus 16 taun dadi seniman GWO. Wis ora bisa kaetung lakon apa wae sing dipentaske. Amarga saking suwene olehe dadi seniman, saiki dheweke didadekake Wakil Koordinator Wayang GWO.

Didik seneng banget dadi seniman GWO. Seni tradhisi iku wis dadi panguripane wiwit cilik. Dheweke seneng nonton wayang, banjur saiki kerja dadi seniman wayang wong. Mula ya kaya tumbu ketemu tutup. Yaiku wus cocog, blek ketiplek.

Saking senenge kerja dadi seniman, Didik arang prei kajaba ana sing wigati banget kayata ana lelayu utawa awake ora penak. Miturut dheweke, dadi seniman wayang kuwi ya ndadekake awak waras. Awak kepenak, ati uga seneng.

Dene babagan rebutan lemah GWO antarane Pemkot Solo lan ahli waris, Didik ngandharake dheweke lan seniman GWO ora pingin melu cawe-cawe. Miturut Didik, seniman GWO ya madhep mantep manut Pemkot Solo, mligine Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar). Amarga kabeh paraga wayang kalebu pegawe Pemkot Solo.

“Ya bakune tetep pentas kaya adate. Ora pingin melu-melu bab rebutan lemah iku. Ya kepingine mengko sapa wae sing ngurusi Taman Sriwedari iki, kudune ngrumat GWO amrih katon reja lan narik kawigaten,” kandhane, Rebo (5/1/2022).

Pemkot Solo tau nduwe kekarepan nata lan mbangun Taman Sriwedari ing taun iki. Nanging, kekarepane Pemkot Solo iku dianggep ora bakal kedadeyan. Kuasa hukum ahli waris Sriwedari, Anwar Rachman, Kemis (6/1/2022), ngandharake sapa wae ora duwe hak mbangun ing lemah Taman Sriwedari amarga wus kecathet ing juru sita. Sapa wae sing wani mbangun bakal dipesthekake mlebu pakunjaran. Nganti tekan saiki durung ana dalan tengah sing bisa ngrampungi prakara ontran-ontran rebutan lemah kuwi.

Salah sawijining pandhemen kabudayan, Tiyas, ngajab prakara rebutan lemah Taman Sriwedari ndang bisa karampungan. Prakara rebutan lemah iku ora mung ngrusak wangunan sing ana ing Sriwedari nanging uga wis ngrusak guyubing seniman lan seni tradhisi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya