SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Solopos.com, SOLO – Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (9/8/2018) menika kapacak bab International Gamelan Festival ing Kutha Solo.

Warga Kutha Solo dadi seksi pahargyan ageng seni budaya kanthi irah-irahan Internasional Gamelan Festival (IGF) kang kawiwitan dina iki, Kemis (9/8/2018) tumeka Kemis (16/8/2018). Pagelaran kang ngangkat tema, Home Coming utawa gamelan bali mulih ing papan asale, bakal karegengake udakara sewu pangrawit lan satusan pepanthan karawitan saka njeron rangkah Nusantara lan mancanegara.

Miturut panitya pagelaran IGF, ana 19 pepanthan karawitan saka mancanegara kang kapesthekake bakal mamerake kawegigan nabuh gamelan. Bisa kasebut ing antarane saka Inggris, Walanda, Amerika Serikat, Hungaria, Thailand, Singapura, Irlandia, Malaysia, lan Jepang. Dene karawitan saka njeron rangkah ana 47 pepanthan, kalebu karawitan Kasultanan Cirebon; Banjar, Kalimantan Selatan; Solo, lan Ngayogyakarta. Saliyane iku katambah 73 pepanthan kang bakal mbuka adicara ing dina Kemis Sore.

Salah sawijining dewan kurator IGF, Joko S Gombloh, nalika ditemoni solopos.com, Jemuah (13/7/2018), ngandharake bakal ana sangang panggung pagelaran kang kasebar ing papan-papan adhakan ing Kutha Solo. Kasebutake, kayata ing Benteng Vastenburg, Balai Kota, Teater Besar lan Kecil Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Balai Sudjatmoko, Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT), Aula Fakultas Hukum UNS, Rumah Banjarsari, lan Omah Sinten.

Sanjabane Kutha Solo, seniman saka Karanganyar, Blora, Sukoharjo, Boyolali, lan Wonogiri bakal melu mangayubagya adicara iku kanthi ngepyakake gamelan ing kutha dununge dhewe-dhewe. Papan pagelaran gamelan sanjabane Kutha Solo iku ngiras pantes kanggo tujuwan anjangsana petilasan sujarah kang gegayutan kalawan seni tradisional.

Ora amung pagelaran karawitan wae kang bakal kababar ing IGF, ananging uga ana rerangken adicara ngenani budaya, kayata konferensi, pameran, anjangsana situs, film, babaran buku, lan sastra. “Ing festival agung iki ora amung nggelar karawitan. Nanging ana pirang-pirang adicara liya kang kaangkah kabeh bisa narik kawigatene warga. Adicara iki pancen nguras tenaga. Kabeh kasiyapake luwih saka setahun kepungkur,” tuture Joko.

Sadurunge IGF resmi kabuka, pepanthan karawitan cacah 73 bakal nyuguhake gendhing-gendhing gamelan ing sadawane city walk ratan Slamet Riyadi, Kemis Sore.

Dene kanthi resmi pagelaran ageng IGF kabuka ing Benteng Vastenburg. Panggung IGF bakal kabuka kanthi pagelaran epik saka maestro cacah telu kang asmane kondang kaloka, Rahayu Supanggah (wakil Kutha Solo), Wayan Gde Yudane (Bali), lan Taufik Adam (Minang). Maestro cacah telu iku bakal mbabar adikaryane kang kagarap mligi kanggo IGF.

Rahayu Supanggah bakal mbabar telung karya klasik, Ketawang Puspawarna riptan K.G.P.A.A Mangkunagoro IV, Lintang-Lintang, lan Kebo Giro. Dene Taufik bakal nyuguhake racikan musik Nusantara kanthi iringan gamelan. Yudane bakal nggelar gamelan garapan anyar.

Direktur Jenderal Kebudayaan, Hilmar Farid, nalika temu wartawan, Senin (16/7/2018), nuturake jaman saiki akeh seniman manca kang nyinau lan gladhen gamelan. Saiki wancine gamelan bali mulih ing papane. Adicara iku uga bukti menawa Kutha Solo diakoni dadi punjering gamelan.

Pirang-pirang pangrawit kang asmane kuncara lahir ing Kutha Solo, ing antarane Rahayu Supanggah. “Muga-muga adicara iki bisa ana sumbang sih saka budaya gamelan marang rasa kamanungsan lan peradaban donya ing jaman saiki lan sabanjure.”

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya