SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Priya kang mulya umume jalaran ana wanita kang nyengkuyung kridhane. Nanging, wanita kang mulya durung mesthi jalaran ana priya sing nyengkuyung ing mburine.

Umume wanita digambarake minangka titah sing ringkih, ora duwe daya, nanging sejatine wanita kuwi ora bisa disepelekake. Wanita lumrah kagambarake ing pralambang kang sarwa endah lan ngresepake, kaya ta  kembang-kembang kan arum gandane.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Kahanan mangkono mau kang dibabar dening para wanita juru gambar saka Solo, Kutha Jogja lan Jakarta ing pameran sing mapan ing Kepatihan Art Space, Setu-Senen (22-24/12).

Kajaba mbabar babagan kang sarwa becik gegayutan wanita, pameran kasebut uga mbabar sipat-sipat wanita kang ora diduweni para priya. Juru gambar Safira Hanif mbabar gambar asesirah Wanita Doyan Belanja. Ing gambar kasebut, ana wanita nyurung krangjang wadhah blanjan utawa troli kang kebak barang.

Juru gambar Suryani mamerake karya asesirah Korban Mode kang nggambarake wanita bisa dadi robot amarga nuruti nepsu lan kapilut mode. Malahan sandhangan sing dinggo ora pantes lan lan ora trep kalawan budaya wetanan. Kanyatan mangkono mau jalaran wanita kapilut dening mode lan tren.

Juru gambar Era Oktaviana mamerake gambar kang nggambarake wanita nom-noman utawa kenya kang seneng ngrasani wong liya. ”Wong wadon nalika ketemu pepadhane bisa lali kuwajibane. Ibu-ibu lali mangsak, bocah wadon lali sinau,” ujare Era nalika ditemoni Espos ing Kepatihan Art Space, Senen (24/12).

Era kang isih sinau ing Jurusan Seni Rupa Fakultas Sastra lan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret nelakake pancen wus rada suwe ambyur ing jagad seni lukis, seni gambar. Wiwit isih kelas II SMA nganti saiki, kenya warga warga Banyuanyar, Banjarsari, Solo, iki sregep melu pameran seni lukis ing Solo lan kutha-kutha liyane.

Miturut pangreh pameran, Gloria Marty Sasia, pameran gambar asil karyanya para seniwati telung kutha kuwi uga diregengake babaran seni liyane lan pirembugan budaya. Pameran kaya mangkene iki,  miturut Gloria, lagi sepisan iki diadani.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya