SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (23/8/2018) menika kapacak bab tata cara nggawe keris.

Solopos.com, SOLO — Keris digawe dening para empu ing papan panggonan sing kasebut besalen. Para empu jaman biyen nduweni tata cara kang mligi nalika arep nggawe keris, kayata kudu pasa, njaga pitutur apik, uga njaga kelakuwane nalika ing njero besalen.

Murih bisa mangestu nyuwun pitulungan Gusti Kang Maha Kuwasa, saengga bisa nemokake kasil kang becik. Uga supayane maneka warna pigunane keris kang duweni aspek artistik, filosofis, lan historis iku, bisa dadi warisan budaya kang piguna.

Kepala Program Studi Keris dan Senjata Tradisional, Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Kuntadi Wasi Darmodjo, ing laporan tesise babagan keris ngandharake nalika nggawe keris kudu madhep ngetan sakngarepe mrapen, bak banyu, lan paron.

Para empu lumrahe dibiyantu dening panjak cacah papat sing dadi tukang nggembleng wesi utawa tempa, ngububi, lan njaga mrapen. Bahane kaperang saka telung jinis yaiku 94,38% wesi, 4,70% nikel, lan 0,53% fosfor.

Yasa keris diwiwiti saka ngresiki wesi. Panggarape digembleng lan dipanggang kanthi ukuran panas kang wis ditemtokake sarta kinanthi ubarampe awujud supit, kikir, pukul besi, ububan, landhesan, lan sakpiturute.

Wesi nuli digembleng kanthi suhu panas 1.000 derajat celcius. Banjur nggawe conthong pamor rong iji, ngisi pamor, nggawe ganja utawa papan ing sor-soran keris sangisore rincikan, lan sakpiturute nganti mutihi wilahan keris kang wis rampung. Teknik nggawe keris sing keri dhewe lumrahe kasebut marangi utawa nyirami keris mawa warangan utawa arsenikum.

Kuntadi, Senen (20/8/2018), ngandharake jaman mbiyen yasa keris siji lumrahe butuh wektu nganti sesasi. Kanggone para empu sing wis misuwur wektune bisa kurang saka kuwi. Cara nggawe keris ing jaman saiki saya suwe uga saya gampang.

Malahan miturut dheweke akeh piranti mesin sing bisa kanggo nyepetake anggone yasa keris. “Ana piranti mesin kanggo nempa [nggembleng], lan sakpiturute. Piranti mesin kaya mengkana iku penting banget ing jaman saiki, apa meneh yen ana pesenan keris,” kandhane Kuntadi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ekspedisi Mudik 2024
Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya