SOLOPOS.COM - Buku Kawruh Basa Jawa Pepak lan Pepak Basa sing didol bakul buku ing Sriwedari mujudake saperangan saka sithik buku-buku abasa Jawa sing bisa kanggo sinau bocah-bocah Jawa jaman saiki. (JIBI/SOLOPOS/Ahmad Hartanto)

Buku Kawruh Basa Jawa Pepak lan Pepak Basa sing didol bakul buku ing Sriwedari mujudake saperangan saka sithik buku-buku abasa Jawa sing bisa kanggo sinau bocah-bocah Jawa jaman saiki. (JIBI/SOLOPOS/Ahmad Hartanto)


Sinau basa Jawa pancen wigati tumrap generasi mudha Jawa jaman saiki. Wigati kanggo njaga lestarine basa lan budaya Jawa. Ing pawiyatan formal, kurikulum madhahi ing muatan lokal (mulok). Kurikulum mulok Basa Jawa iki ing tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) diwulangake ing SD nganti SMA.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kurikulum mulok Basa Jawa antuk wektu rong jam pelajaran saben minggu. Cukup ora cukup, para siswa kudu sinau Basa Jawa lelandhesan kurikulum kuwi mau. Miturut Pangarsa SDN Tambakboyo 3, Kecamatan Tawangsari, Sukoharjo, Tri Hastuti, jatah rong jam pancen kurang tumrap para siswa.

Ekspedisi Mudik 2024

Isi kurikulume kapetung abot yen mung disedhiyani wektu rong jaman jalaran para siswa kudu sinau paramasastra, geguritan, maca crita abasa Jawa lan liya-liyane. Apamaneh ing titi wanci iki ora saben siswa bisa nggunakake basa Jawa sanajan bocah kasebut lair lan ngrembaka ing Jawa lan saka bapa-biyung wong Jawa.

”Ing omah wongtuwa lan anak kulina nggunakake basa Indonesia tinimbang basa Jawa,” pratelane Tri nalika ditemoni dening Solopos.com. Tri sarujuk marang unen-unen lamun saiki akeh wong Jawa kelangan jati dhiri Jawane. Tri ngandharake minangka jejering guru lan pangarsa SDN dheweke pancen duwe rasa preduli marang wulangan basa Jawa. Ing perpustakaan sekolahe pancen ora akeh koleksi buku-buku abasa Jawa.

Buku abasa Jawa sing disedhiyakake dening sekolah hamung buku wulangan basa Jawa. Mula, para siswa ora duwe pilihan wacan basa Jawa kejaba buku wulangan basa Jawa kuwi mau. Miturut dwija Basa Jawa ing SDN Tambakboyo 3 Kecamatan Tawangsari, Sukoharjo, Linda Nurjanah, para siswa kangelan sinau basa Jawa amarga ora kulina.

”Saben dina kulina micara nganggo basa Indonesia,” pratelane Linda. Linda nelakake dheweke mulang basa Jawa manut apa kang katemtokake ing kurikulum, ora metu saka kurikulum. Sinau basa Jawa rong jam wulangan saben minggu padha karo jatahe sinau basa Inggris. Miturut Linda, kudune wulangan basa Jawa antuk jatah jam wulangan luwih akeh. Sinau basa Jawa ora mung nyinau tata basa utawa paramasastra, nanging uga nglimputi sinau babagan tata krama, unggah ungguh, etika lan tapsiran moral.

Wakil Pangarsa SMKN 9 Solo urusan humas, Priyo Handoko, nalika ditemoni Espos nuduhake wacan abasa Jawa kanggo para siswa pancen sithik banget. Rata-rata para siswa uga ora duwe krenteg maca wacan abasa Jawa. ”Sakelingku, ing perpustakaan sekolah ana buku wacan abasa Jawa, nanging cacahe sithik banget,” pratelane Priyo. Siswa Kelas XI SMKN 9 Solo, Fela, ngaku saben dina nganggo basa Jawa campur basa Indonesia, ing sekolahan apadene ing omah.

Maca buku abasa Jawa mung nalika sinau wulangan Basa Jawa. Miturut Fela, sinau Basa Jawa kudu diracik kanthi car aliya supaya luwih narik kawigatene para bocah lan remaja. Film animasi, miturut Fela, bisa dadi sarana kanggo nggrengsengake krenteg sinau basa Jawa.

Siswa Kelas VI SDN Tambakboyo 3, Elsan, ngaku seneng nalika sinau mulok basa Jawa, salah sijine nalika maca crita basa Jawa ing lembar kerja siswa (LKS). “Ing omah, aku uga nggunakake basa Jawa,” ujare Elsan. Sanajan durung trep undha usuke, dheweke ngaku seneng nggunakake basa Jawa. Siswa Kelas V SDN kuwi, Titin, uga ngaku seneng maca crita abasa Jawa. Miturut dheweke, maca crita abasa Jawa pancen luwih angel tinimbang maca crita abasa Indonesia jalaran ora kulina.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya