SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

  • Lina Andriani

Suwara-suwara padha gembrudug ana ing aula sekolah. Dina iki rapot didomne. Kabeh wali murid pada teka ing sekolah SDN 2 Solo. Ana sing seneng amarga putrane oleh rengking 1, uga ana wong tuwa kang wandane ora sumringah amarga putrane entuk rengking paling ngisor dhewe. Pak Parmin duwe putra loro, lanang-wadon. Sing sakalorone sekolah awor. Dina kuwi pak Parmin jupuk rapot loro. Anake pak Parmin kang mbarep entuk rengking siji, bocahe pancen pinter, diwarahi pisan langsung nyandhak. Ananging beda karo adhine, bocahe senengane njaili kancane. Suwarane banter nganti yen mbengok kaya gludhug. Yen ana kelas rame dhewe, nalika diterangake gurune senengane ngantukan. Bijine ora ana sing apik. Testing semester ganjil iki akeh sing remidi, kayata bahasa daerah, bahasa Indonesia, lan matematika. Pak Parmin kadhang nganti judheg. Ananging pak Parmin sayang banget karo putra sakalorone. Iwan, putra mbarepe, Pak Parmin janji, yen testing semester ganjil iki entuk rengking siji bakal ditumbaske sepedha. Liya, putra ragile Pak Parmin bakal dihadiahi sepatu anyar yen entuk rengking 18.

Iwan entuk rengking siji tenan. Mula dihadhiyahi bapake sepedha. Lha, yen Liya,semester iki entuk rengking 31,ananging pak Parmin tetep numbaske sepatu, Liya dijanjeni Pak Parmin bakal numbaske sepatu yen Liya sregep sinau. Liya satemene kepengin banget sepatu sing werna jambon, amarga kancane ing sekolahan sepatune akeh sing werna jambon. Liya uga manut apa welinge bapake.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Sasi Februari mengko, Liya arep didhaftarke les ana bimbel cedhak omahe. Liya manut, amarga wis janji karo bapake yen bakal sinau sing sregep. Yen ana ing sekolahan senengane njaili kancane, ngantukan ananging Liya janjane anak kang apik, nurut. Liya sayang banget karo mase. Yen mase dijaili kancane Liya sing mbela mase.

Satemene Liya bocah kang pinter. Pintere ketara ing olah raga. Liya pinter banget renang, senam lan silat. Awit cilik Liya wis melu les-les olah raga. Amarga bapake mudheng yen Liya ora pinter ing babagan pasinaon sekolah, ananging ing babagan olah raga Liya pinter banget. Diwarahi pisan jurus-jurus anyar Liya langsung nyandhak.

Saben dina Minggu, pak Parmin mesthi ngejak Iwan, Liya lan Bu Ima mlaku-mlaku. Ora ketang namung mlaku-mlaku menyang Balekambang. Nalika lagi lungguh-lunguh karo maem maeman kang diasta Bu Ima, Liya mlayu-mlayu karo Mase. Liya senengane macani pamflet, poster lan apa wae sing ana ing pinggir-pinggir dalan. Liya weruh tulisan yen pungkasan sasi bakal ana lomba renang kanggo bocah umur 6-10 taun. Liya kang lagi umur 9 taun ateges bisa melu lomba kuwi.

Liya crita karo bapake yen arep ana lomba renang. Pak Parmin uga nanggepi lan ndhaftarke Liya melu lomba renang kuwi. Ora nyana Liya entuk juara siji. Bapake bungah banget. Pak Parmin pancen wis ngerti yen putra-putrane bocah kang pinter. Sing siji pinter babagan pasinaon sekolah, sing siji pinter babagan olah raga.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya