SOLOPOS.COM - Seniman ludruk RRI Surabaya mbabar lakon Sapa Ngira di Taman Budaya Surakarta, Minggu (25/11) wengi. Seni drama tradhisional ludruk saka Jawa Timur kasebut nyritakake dalan urip lan panguripan kang ora salawase lempeng nanging kudu tetep dilakoni. (JIBI/SOLOPOS/Antara)

Seniman ludruk RRI Surabaya mbabar lakon Sapa Ngira di Taman Budaya Surakarta, Minggu (25/11/2012) wengi. Seni drama tradhisional ludruk saka Jawa Timur kasebut nyritakake dalan urip lan panguripan kang ora salawase lempeng nanging kudu tetep dilakoni. (JIBI/SOLOPOS/Antara)

Seni tradhisi sansaya kasingkur. Ngadhepi cures. Kanyatan iki jan-jane jalaran sikepe para seniman tradhisi dhewe kang pasrah marang kanyatan lan ora duwe krenteg kanggo mbangun dhiri pribadi, mbangun seni tradhisi, murih disenengi warga bebrayan agung.

Promosi Perjalanan Uang Logam di Indonesia dari Gobog hingga Koin Edisi Khusus

Mangkono pratelane Henri Nurcahyo, Direktur Lembaga Ekologi Budaya (Elbud) lan Sekretaris Jenderal Asosiasai Tradisi Lisan (ATLI) Jawa Timur, nalika medhar andharan ing perimbugan babagan seni tradhisi ing Teater Arena Taman Budaya Surakarta (TBS), Slasa (27/11).

Ing titi wanci pungkasan iki akeh pepanthan seni tradhisi sing dikemonah kanthi manajemen juragan. Kanyatan iki ndadekake pepanthan seni tradhisi ora bisa ngrembaka, ora bisa ngawekani owah-owahan jaman, kadidene pepanthan seni pertunjukan.

Ekspedisi Mudik 2024

“Manajemen juragan iki ndadekake regenerasi seniman tradhisi mandheg. Yen ta pepanthane isih ana, isih urip, ora payu. Ludruk lan seni tradhisi liya bisa wae cures temen-temen jalan pokale senimane dhewe,” pratelanen Henri.

Miturut Henri, kahanan seni tradhisi kang sansaya kasingkur kuwi dudu salahe pemerintah, dudu salahe televisi lan uga dudu salahe penonton sing ninggalake seni tradhisi.

Pemerintah, miturut Henri, jan-jane ora meneng wae. Ing Jawa Timur, Taman Budaya Jawa Timur minangka perangan Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jawa Timur ora kendhat ngadani gladhen ningkatake profesionalisme lan ketrampilane seniman tradhisi.

Ing kabupaten/kutha ing Jawa Timur, saben Dinas Pariwisata uga ora kendhat nyedhiyakake papan, prabeya lan kalodhangan tumrap seniman tradhisi murih bisa mbabar kawegigan lan kawasisan, sisan gawe ningkatake profesionalisme.

“Dene Dinas Pendidikan lumantar UPT Pendidikan an Pengembangan Kesenian sekolah (Dikbangkes) ora kendhat ngurip-urip seni tradhisi lumantar program Pendidikan dan Pengembangan Seni Tradisi (PPST) sing milih sekolah-sekolah wiwit SD nganti SMA,” piterange Henri.

Emane, para seniman tradhisi dhewe malah ora gumregut, ora gumregah tangi lan wusana cancut taliwanda ndandani kahanan seni tradhisi kang saya kasingkur.

“Ing Jawa Timur, ludruk isih ana, nanging ora payu,” pratelane Henri. Ludruk isih urip jalaran ana sing nanggap, utamane ing acarane pemerintah utawa swasta. Nanging, titikan ludruk minangka seni tradhisi urip temen-temen utawa ora, miturut Henri, dudu payu ditanggap utawa ora.

“Ludruk urip temen-temen yen wani nobong lan akeh sing nonton. Endi pepanthan ludruk sing saiki wani nobong?” pitakone Henri. Kanti cara nobong, miturut Henri, bisa mbuktekake lamun pepanthan ludruk kuwi dikemonah kanthi manajemen apik, sutresnane akeh jalaran yen mindeng kudu tuku karcis lan sapiturute sing wredine nobong kuwi nuduhake urip kanthi nyawane dhewe. Dene yen urip jalaran ditanggap, kuwi tegese urip kanthi nyawa silihan.

Yoyok B Priyambodo seniman kang adreng ngleluri seni tradhisi lan karyawan ing Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jawa Tengah, ing kalodhangan kang padha, nelakake jan-jane sekolah uga ora kendhat ngudi supaya seni tradhisi tetepa lestari.

Ora sethithik sekolah sing ngadani pamulangan seni tradhisi ing jam ekstrakurikuler. Emane, wulangan seni tradhisi ing sekolahan kuwi ora cocok karo kurikulum, ora cocok karo garis-garis besar program pengajaran (GBPP).

“Lakune wulangan seni tradhisi ing sekolahan ora kasengkuyung dening kabeh pehak sing duwe wewenang ngemonah pendhidhikan formal. Pemerintah ora duwe kawicaksanan mligi kanggo ngrembakakake seni tradhisi lumantar sekolahan. Yen ta ana ya mung waton ana,” pratelane Yoyok.

Wusana, ing tebane kang luwih amba, miturut Yoyok seniman tradhisi urip dhewe tanpa landhesanan manajemen sing apik. Akeh lomba sing diadani saben taun kanthi ancas ngleluri lan ndayakake seni tradhisi.

Nanging, asile lomba kuwi mau ya mung sapa sing mimpang, sapa sing juwara, salebare kuwi ora ana laku sabanjure kanggo ndayakake, ngleluri lan ngrembakake seni tradhisi.

Hamula, miturut Yoyok, ing titi wanci iki para seniman tradhisi kudu enggal gumregah tangi, cancut taliwanda, ngudi murih seni tradhisi ora kelangan nyawa asline.

Maneka lomba lan tanggapan, miturut Yoyok, pancen ora kuwawa ngurip-urip seni tradhisi ing urip kang satemene. Lomba lan tanggapan pancen kuwawa ndadekake seni tradhisi tetap ana, nanging ora urip ing papan kang sejati, yakuwi ing madyaning bebrayan agung.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya