SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (3/1/2019) menika kapacak bab Taun Anyar.

Solopos.com, SOLO — Maneka warna adicara lan pesta diadani dening sakehing wong saindhenge donya nalika mapag taun anyar 2019, Senen (31/12/2018) wengi kepungkur. Lumrahe padha nyumet kembang api, lan nyebul slompret kanggo ngregengake swasana.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Miturut tulisan-tulisan ing warta online, ana pirang-pirang kembang api kang kapiji apik banget yaitu kang ana ing Gardens by the Bay Singapura, Burj Khalifa Dubai, Perancis, New York, Kanada, lan Ngayogyakarta minangka wakil Indonesia.

Beda karo liyane, pamarentah Kutha Solo malah nglarang warga nyumet kembang api ing adicara mapag taun anyar 2019. Banjur, mletheke taun anyar ing Kutha Solo dipengeti kanthi cara sing njawani, yaiku pagelaran seni tradhisional ing sakdawane dalan Slamet Riyadi wiwit saka Loji Gandrung tekan Balai Kota. Adicara Car Free Night (CFN) iku diwiwiti jam 21.00 WIB nganti tekan ganti taun.

Miturut tulisan Solopos.com, Wali Kota Solo, FX Hadi Rudyatmo, nabuh gong minangka pratandha ganti taun 2018 – 2019 ing panggung Balai Kota Solo, pas jam 00.00 WIB, Selasa (1/1/2019).

Unine gong sing banter iku banjur disusul swara slompret, dolanan lawas othok-othok, lan unine gamelan karawitan. Saut-sautan swara musik tradhisi lan dolanan bocah iku ngregengake swasana.

Rudy nalika paring pangandikan njaluk pangapura yen salah anggone mimpin Solo sasuwene 2018. Banjur dheweke ngaturake pangajap taun 2019 pamarentah luwih apik anggone nglayani masarakat.

Adicara mapag taun 2019 kanthi irah-irahanolo Damai kasebut disengkuyung para seniman mudha lan tuwa saka saben kecamatan. Pentase ana tari tradhisi, karawitan, nganti pagelaran wayang kuli St sing didum ing limang panggung utama.

Ora mung seni tradhisional, pamarentah uga nggandheng komunitas seni musik modheren saka pepanthan jaz, rock, DJ, lan reggae kanggo narik kawigatene para mudha.

Kepala Dinas Pariwisata Solo, Hasta Gunawan, nalika ditemoni , Rebo (2/1/2018), ngandharake menawa program iku wis diadani wiwit pirang-pirang taun kepungkur.

Nanging, adicara mapag taun anyar kanthi cara pentas seni tradhisi iku nembe diadani kaping pindho iki. “Iki kanggo mbuktekake Solo iku pancen kutha budaya sing preduli marang seni tradhisi,” kandhane Hasta.

Luwih saka kuwi, Hasta ngandharake nyumet kembang api dudu budayane wong Solo. Awit saka iku kudu diadani adicara liya sing trep karo budayane wong Solo yaiku kesenian tradhisional. Cara iku uga kanggo ngenalake seni tradhisi marang nom-noman sing teka ing CFN.

“Nanging, aku uga ngundang pepanthan saka kesenian liya kayata jaz, reaggae. Iku minangka bukti yen kabeh jinis kesenian dirangkul. Sanadyan seni tradhisi tetep luwih antuk kawigaten,” kandhane.

Salah sawijing nom-noman sing teka ing CFN Solo, Yania, ngandhakake adicara mapag taun ing Solo pancen unik, beda karo liyane. Sanadyan ora pati ngerti seni tradhisi sing ana ing CFN, dheweke tetep seneng ndeleng pentas sing ana ing pirang-pirang panggonan iku.

“Sanadyan ora ana kembang api ya rasane tetep rame. Seneng lah, malah ora mungkin ana sing nggawe rusuh soale kan anane mung pentas wayang, karawitan. Piye leh arep nggawe rusuh,” kandhane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya