SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (30/8/2018) menika kapacak bab Bathik.

Solopos.com, SOLO — Bathik sawijining seni budaya Jawa kang dileluri dening masarakat Jawa tumeka saiki. Bathik jaman biyen dadi ageman mirungga mligine para ratu lan para sentana ing sajrone kraton. Ing jaman saiki bathik bisa dienggo sapa wae. Malahan wong-wong mancanagara akeh sing seneng menganggo busana bathik.

Ora mung wujud jarik, bathik saya ngrembaka dadi busana kang maneka warna wujud lan cakrike. Apa meneh sakwise ditetepake dadi salah sijine budaya Indonesia Warisan non Bendawi utawa Masterpiece of the Oral and Intangible Heritage of Humanity dening The United Nations Educational Scientific and Cultural Organization (UNESCO) ing taun 2009.

Sakbubare iku kaya-kaya bathik saya kawentar. Saiki wong nganggo bathik ora mung ing adicara resmi. Akeh wong-wong dolan nganggo wusana bathik sing maneka rupa. Kayata dress, kaus, klambi ndhuwuran, jilbab, tas, nganti ana sepatu lan srandhal bathik.

Ora mung cara nganggone. Motif utawa cakrik bathik uga luwih akeh wujude. Ing jaman mbiyen bathik Solo bentuk lan wernane nurut kraton yaiku soklat sogan. Ewondene jaman saiki cakrike maneka warna. Ana jenenge motif abstrak kanthi cakrik ora ana aturane, motif kontemporer utawa manut budaya saiki, uga motif sing digawe mligi ing adicara tartamtu kayata pas Kamardikan, bakdan, lan sakpitutute.

Pengusaha bathik Mahkota Laweyan Solo sing uga dadi pimpinane pepanthan Kampung Bathik Laweyan, Alpha Febela Priyatmono, malahan lagi nggawe bathik Alquran lan bathik proklamasi. Bathik Alquran iku isine surah Kitab Alquran 30 juz sing kaserat ing kain mori.  Dene bathik proklamasi yaiku teks proklamasi sing ditulis ing kain mori nganggo teknik bathik.

Alpha nalika ditemoni ing daleme, Selasa (29/8/2018), ngandharake bathik iku ora mung kanggo busana. Nanging bathik uga bisa dadi artefak kabudayan sing bisa diwarisake dening para generasi mudha.

Awit saka iku dheweke nggawe bathik Alquran minangka pratandha sujarah menawa jaman mbiyen Laweyan dadi punjere pepanthan Sarekat Dagang Islam. Semana uga bathik proklamasi sing mengko bisa dadi pratandha sujarah ing kana.

Proses nggawene bathik Alquran lan proklamasi kasebut butuh wektu suwe. Kang tanggung jawab marang rampunge Bathik Alquran, Muhammad Taufan Wicaksono, Selasa, ngandharake prosese nggawe bathik Alquran diwiwiti rong taun kepungkur. Nganti tekan saiki lagi isa nggawe 18 juz.

Ora mung nyerat tulisan arab ing kain mori, nanging uga ana rerenggan motif-motif batik Nuswantara ing sakpinggire. “Dadi ing sakpinggire kothakan ayat-ayat sing wis katulis iki ana rerenggan batik Nuswantara. Iki minangka cathetan menawa Islam lan budaya Nuswantara iku minangka kabudayan sing ora bisa dipisahke saka sujarah Indonesia,” kandhane.

Alpha ngandharake bathik iku intine nggawe motif saka malam sing panas. Bathik mujudake salah sawijining seni sing adi luhung amarga cara nggawene pancen mbutuhake keprigelan sing ora kabeh wong bisa. Ana sing kasebut bathik tulis, lan bathik cap. Dene printing iku ora bisa kasebut bathik. Amarga cara nggawene ora nganggo proses wuwuh malam ing gambar, plorotan, uga ngunci warna kaya lumrahe mbathik.

Dene motif utawa corake bathik, ing jaman mbiyen pancen ana pakem-pakem sing akehe ngenut kraton. Dene ing jaman saiki bisa nggawe motif apa wae sing baku ngandhut makna sing wigati kanggo kamanungsan.

Dheweke menehi conto nate nggawe bathik alam. Isine ana godhong-godhongan, wit-witan, lan kembang sing maksude tetanduran. Bathik iku nduweni makna ngajak wong-wong padha njaga tetandhuran ing sak indenge bumi, sing wis akeh dirusak dening manungsa.

Alpha uga kerep nggawe bathik motif budaya mancanagara kayata budaya ing Nagara Afrika, utawa salju ing Walanda. Bathik-bathik kasebut uga ngandhut bab sing mligi. “Kabeh kabudayan bisa digawe gambar mawa teknik batik. Aku duwe jargon, kanthi bathik kita bisa nglukis kabudayan ing sakindenge donya,” kandhane Alpha.

Kanthi cara iku bathik saya ngrembaka lan bisa ditrima dening masarakat sak Nuswantara apa dene wong manca nagara. Wiwit puluhan taun kepungkur bathik Laweyan nganti di-ekspor menyang nagara manca, kayata Eropa, Amerika, Filipina, lan Swedia.

Panjaluke maneka warna motif, nanging Alpha nandhesake motif sing digawe ora saksake nanging ngandhut makna sing mligi kanggone kamanungsan. “Kadhangkala ya nggawe motif lawas sing dicampur motif anyar. Nanging ya tetep mindeng kombinase motif anyare kudu pas,” kandhane Alpha.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya