Jagad-jawa
Kamis, 29 Maret 2012 - 11:41 WIB

Seneng ing Papan Sepi

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - FOTO/Istimewa

FOTO/Istimewa

Heri Priyatmoko

Advertisement

Tresnane marang sujarah ora kaukur. Kawit jaman kuliyah ing Jurusan Ilmu Sejarah FSSR UNS Solo, Heri Priyatmoko wus nuduhake kawasisan kang luwih ing bab iki. Ora tekan semono, Heri banjur mbacutake laku kanggo ngudi kawruh lan ndhudhah ilmu sejarah luwih jero kanthi kuliyah ing Pascasarjana Fakultas Ilmu Budaya UGM Ngayogjakarta.
“Aku pancen seneng karo sujarah. Mula aku kuliyah ing Jurusan Ilmu Sejarah, banjur nutugake maneh nganti S2. Saliyane iku, aku uga seneng nulis bab sujarah,” piterange Heri marang Espos, Rebo (28/3).
Nalika arep gawe tulisan kang ana sesambungane karo sujarah tartamtu, kanoman kelairan Solo, 25 April 1985 iki ajeg golek inspirasi ing papan-papan kang dadi sumber pustaka sujarah, kayata papan kanggo nyimpen arsip ing Mangkunegaran, perpustakaan Museum Radya Pustaka, lan liya-liyane.
“Nalika aku ana ing papan-papan iku, embuh kenapa inspirasi langsung mbanyu mili. Tulisanku dadi ndlidir ora ana kendhate. Aku pancen luwih seneng golek panggonan sing sepi amarga anggonku nulis malih dadi luwih menep lan tandhes,” ujare.

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif