SOLOPOS.COM - JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto

(JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto) SEMBAH SWARA-Musisi kontemporer, Yasudah (depan, kiri) memainkan komposisi bunyi bersama sejumlah penonton dalam gelaran Sembah Swara di Balai Soedjatmoko, Solo, Kamis (12/4) malam. Sembah Swara merupakan pendekatan baru melalui musik untuk membantu sistem pendengaran kreatif, berangkat dari situasi kehidupan sehari-hari yang penuh dengan kebisingan.

Swara-swara sing udreg rame ing srambi Balai Soedjatmoko, Kemis (12/4) wengi, pancen ngundang kawigatene warga bebrayan. Yen dirungokake, swara-swara kuwi pancen ora lumrah amarga asale ora saka piranti musik kaya dene gamelan utawa gitar. Piranti musik sing dadi sumber swara iku mau yaiku ember, pipa peralon dawa utawa cendhak, kendhi, pring, angklung lan liya-liyane.

Promosi Strategi Telkom Jaga Jaringan Demi Layanan Telekomunikasi Prima

Becike, piranti kuwi mau bisa dadi sumber swara sing apik amarga ngetutake guru lagu lan nggatekake wektu kang trep kanggo nabuh utawa nyebul piranti-piranti iku mau.

Pagelaran seni Sembah Swara kuwi mau dibabar dening seniwan musik kontemporer saka Solo, Yasudah. Ing kalodhangan iku, dheweke coba nuduhake swara-swara kanggo nggambarake kahanan kutha kang ruwet, semrawut lan ribut tumandang ing gawe. “Saben kutha ana sing jenenge skrip swara. Skrip swara iku maneka warna jinise lan saben kutha mesthi beda-beda. Rong puluh taun kepungkur durung rame swara montor, swara mobil. Sepuluh taun maneh mesthi beda karo skrip swara saiki,” ujare.

Swara-swara sing digawe Yasudah ora amung swara sing marai kuping lara, ananging swara sing uwis ditata, saengga asile swara tetep penak dirungokake lan grapyak semanak.

Pagelaran Sembah Swara kuwi mau uga nuduhake manawa kasenian musik iku jembar garapane lan bias nggunakake piranti apa wae. Yen musik liyane lumrahe nganggo piranti musik pakem, Yasudah nggunakake piranti kang aneh-aneh. Uga ora nganggo rerigen utawa tata cara musik salumrahe, bisa uga ditegesi metu saka pranatan utawa out of the box. Sembah Swarauga bisa ditegesi nggunakake swara-swara kang udreg arame ing kahanan kanthi wicaksana, banjur bisa ngasilake swara-swara kang nentremake.

JIBI/SOLOPOS/Agoes Rudianto

Adicara ing wengi iku uga direwangi pepanthan musik kontemporer mudha saka Salatiga, lan bocah-bocah saka Baluwarti. Pepanthan mudha saka Salatiga nuduhake irama tembang Bengawan Solo nganggo piranti sakanane, kaya peralon, angklung, pring. Jarene, pepanthan iku nyoba nerapake wulangane seniwan Yasudah durung suwe iki, rikala dheweke mampir ing Salatiga.

Banjur bocah-bocah saka Baluwarti nuduhake swara tembanng Iwak Peyek nganggo piranti pring sing dituthuk-tuthuk ing jobin. Bocah-bocah iku mau uga asil dhidhikane Yasudah saka Kalurahan Baluwarti. “Carane ben bocah seneng kasenian ora cukup swarane sing apik, ananging uga gampang lan gawe seneng,” critane Yasudah bisa nggiring bocah dadi seneng kasenian. Nuthuk pring ing jobin utawa nyebul peralon pancen gampang, ananging uga dilelantih kanthi bener, banjur bisa metu swara-swara sing kepenak dirungokake.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya