Jagad-jawa
Kamis, 24 Mei 2012 - 09:24 WIB

Sekolahan Bisa Dadi Wahana Dolanan Bocah

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - DOLANAN-Bocah-bocah ing tlatah Karangasem, Solo, padha dolanan gembungan. (Espos/Agoes Rudianto)

DOLANAN--Bocah-bocah ing tlatah Karangasem, Solo, padha dolanan gembungan. (Espos/Agoes Rudianto)

Atusan bocah TK lan SD ana ing latar Madrasah Ibtidaiyah Muhammadiyah (MIM) Bolon, Colomadu, Karanganyar, Minggu (20/5) esuk. Ana panggung ora sepira gedhe ing latar. Dene para bocah lan wongtuwa lungguh ing klasa. Ing papan iku lagi digelar lomba dolanan bocah, nggambar lan mernani kanggo bocah.

Advertisement

“Ngapa alesane sing dilombakake dolanan bocah? Amarga dolanan bocah wus ora dielingi lan disenengi dening bocah,” ujare Pangarsa MIM Bolon, Sholihuddin.

Miturut piyambake, bocah saiki luwih seneng dolanan kang modheren, kaya playstation lan video game utawa game online. Mula, wongtuwa uga dijak supaya bali nepungake dolanan tradhisional marang bocah. Pancen iline dolanan modheren wus ora bisa dibendhung, nanging dolanan tradhisional uga kudu tetep ditepungake marang bocah.

Ing sekolahan iki bocah-bocah uga diwenehi ilmu lan tata cara dolanan bocah. Ing mata pelajaran muatan lokal (mulok) uga diajarkake babakan dolanan bocah. “Sekolah uga ana piranthi dolanan bocah. Saben ngaso, ora sethithik bocah padha dolanan tradhisional, salah sijine dakon,” kandhane Solihuddin. Deweke kepingin para murid kajaba pinter ngilmu donya lan agama, uga pinter babakan seni, salah sijine seni kang bisa ndukung ing kearifan lokal.

Advertisement

Ora beda apa sing dikandakake salah sijine dwija ing SDN Cemara Dua, Nanang Raharjo Saputro. Ing sekolahane, uga wus ngadeg sanggar seni 2009 kepungkur. Salah sijine kagiyatan sanggar seni kuwi yaiku dolanan bocah. Saben seminggu, para siswa padha dilatih tata carane dolanan bocah kang diajari dening para dwija, kaya dwija koreografi, musik lan liyane. “Ndhisik dolanan bocah kuwi ekstrakulikuler, banjur saiki diopeni kanthi becik ing Sanggar Cemara Dua,” ujare Nanang, dwija koreografi.

Miturut Nanang, sekolahan kang nyandang status RSBI kudu duwe kagiyatan kesenian lan budaya kanggo kekuwatan lan kearifan budaya lokal. Aja kaya Singapura sing wus go international nanging lali karo budayane dhewe. “Yen wus ngono, bisa-bisa bocah ora ngerti sapa leluhur lan budayane, uga bisa ora ngerti tata krama lan budi pakerti,” kandhane Nanang. Mula, seni tradisi kaya karawitan, tari, lan dolanan bocah dianakake ing sekolah kasebut.

Sekolah bisa dadi salah sijine lembaga kang mbentuk watake bocah dadi tambah kuwat, disiplin lan urmat karo budayane dhewe. “Bocah ing kene wus ora kapitung maneh anggone melu adicara-adicara seni lan budaya ing Kutha Solo. Para siswa wus ngerti lan bisa duwe rasa urmat marang budaya lan seni tradhisi,” kandhane Nanang. 

Advertisement

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif