SOLOPOS.COM - Ilustrasi (JIBI/SOLOPOS/dok)

Ing mangsa iki sekolah lan sinau ora padha. Tegese, yen sekolah iku sinau bareng-bareng ing kelas, dene yen sinau dhewe bisa wae ora sekolah jalaran bisa dilakoni ing omah utawa ing panggonan liyane.

Yen ana bocah sinau dhewe utawa ora sekolah banjur duweni ilmu kang ora kasor karo ngelmune bocah-bocah liya sing sekolah, banjur kasebut otodidak (tegese ya sinau dhewe). Ana uga ukara homeschooling utawa sekolah ing omah. Tegese ya sinau saben dina ing omah. Dene gurune nisa wae bapak ibune utawa malah uga bisa wae awake dhewe.
Yen dionceki, sekolah karo sinau pancen ora padha. Tegese akeh bocah sekolah nanging ora gelem sinau mempeng banjur dadi plonga-plongo. Malah akeh sing wis dadi sarjana uga isih plonga-plongo, saengga ora bisa nyambut gawe utawa bisane mung luntang-lantung golek lowongan kerja.

Kosok walike akeh sing ora sekolah nanging bisa nyambut gawe utawa wasis dadi nimpuna tartamtu saengga nyambut gawene serabutan utawa sarwa miguna uripe ing bebrayan agung iki. Mula ana benere unen-unen iki: Aja dumeh ora sekolah banjur dianggep goblog, aja dumeh sekolahe dhuwur banjur dianggep wasis, jalaran sekolah lan sinau kuwi ora padha.
Jalaran seekolah lan sinau kuwi ora padha, becike banjur piye kanggone bocah-bocah? Pitakon iki kudune diwangsuli kaya ngene. Becike kabeh bocah pancen kudu sekolah lan sinau dhewe, jalaran ngelmu sing diwulang ing sekolahan kuwi ora akeh, utawa isih akeh ilmu sing ora diwulang ing sekolahan.

Contone, ngelmu basa. Sapa wae sing kepengin pinter basa (basa Jawa, Indonesia, Inggris, lsp) kudune gelem sinau mempeng ing sekolah lan ing panggonan liyane, jalaran kabeh wong sing pinter basa kudune mempeng maca bausastra nganti jam-jaman utawa ora bakal bisa kelakon ing kelas.

Conto liyane, kabeh wong sing pinter nyerat kudune uga gelem sinau mempeng sing ora bakal bisa kelakon ing kelas. Mula saka kuwi, saiki saya akeh mahasiswa sing ora bisa nyerat banjur nalika nggawe skripsi kapeksa tuku. Pancen temen ala yen skripsi wae kapeksa didol tinuku jalaran saya akeh bocah sekolah sing ora sinau, utawa sekolahe mung kanggo pantes-pantesan wae.

Ing mangsa iki, pancen saya akeh wong tuwa sing rumangsa ora pantes yen anak-anake ora sekolah saengga duweni penganggep yen wis sekolah bakal pinter, kamangka sekolah lan sinau ora padha. Mula banjur uga saya akeh wong tuwa sing kecele. Contone, nalika anake wis dadi sarjana nanging plonga-plongo utawa ora bisa nyambut gawe banjur padha kuciwa.

Mula saka kuwi, becike kanggone wong tuwa kudune tansah ngawat-ngawati anak-anake murih sekolah lan sinau sing mempeng, aja mung kanggo pantes-pantesan wae. Yen pancen wongtuwa ora kuwat nanggung ragat sekolah anak-anake, kudune tetep nyengkuyung anak-anak gelem sinau dhewe ing omah utawa ing perpustakaan-perpustakaan. Tegese, sing penting sinau sanajan ora sekolah, aja diwalik sing penting sekolah sanajan ora sinau.

Yen dionceki maneh, sekolah lan sinau kuwi padha pentinge kanggone manungsa, jalaran ajine manungsa gumantung ing sumber dayane. Tegese, sekolah lan sinau sing mempeng murih mupuk sumber daya manusia (SDM) sakakeh-akehe sing bakal migunani tumrap bangsa lan nagara.

Prakara SDM pancen dadi sarat paling penting kanggo maju mundure bangsa lan nagara. Mula wis lumrah yen negara banjur gawe paugeran kaya dene “wajib belajar 12 tahun”. Nanging prakara iki aja malah gawe wong tuwa lan bocah-bocah saya nengenake sekolah nanging ora mentingake sinau ana ing panggonan liyane.

Ora uwal saka paugeran kasebut, satemene prakara sinau kuwi ora prelu diwatesi 12 taun. Malah tumrap Wong Islam, wis duwe paugeran yen sinau kuwi kudu dilakoni wiwit saka banduhlan dumadi mlebu kuburan. Tegese, sinau ngelmu kuwi wiwit saka bayi nganti tumekaning pati.

Mula wis klop yen paugeran Islam kasebut dadi paugeran kanggone bangsa Indonesia sing mayoritas muslim, murih duweni SDM sing unggul, malah yen bisa luwih unggul tinimbang SDM-SDM sing diduweni bangsa-bangsa liya. Ora uwal saka prakara iki, becike kabeh manungsa gelem sinau sanajan wis ora sekolah utawa wis tuwa. Ora ana ukara telat sinau yen nyawa durung uwal saka raga.

Kabeh bakal bisa nyawang yen SDM kuwi ora bakal ilang utawa kalong kanggone wong sing gelem paring piwulang. Ing prakara iki, becike kabeh wong sing duweni SDM gelem nularake marang wong liya. Mula becike nagara (pamarentah) uga nyengkuyung kabeh warga sing gelem mulang, kanthi menehi perkakas, lsp sing diprelokke. Tegese, sekolah formal kudu didukung sekolah informal.

Wasana, kabeh pehak pantes bungah yen kabeh bocah mempeng sinau ing sekolah utawa sinau ing panggonan liya, murih duweni SDM sing unggul, dumadi moncere bangsa lan nagara ing mangsa global iki.

Marta Mahardika, sutresna budaya Jawa, mapan ing Kudus

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya