SOLOPOS.COM - Pesta Bendera kang diadakake kanggo mengeti Kamardikan bagsa Indonesia kang kaping 67.

Pesta Bendera kang diadakake kanggo mengeti Kamardikan bagsa Indonesia kang kaping 67.

Saben pengetan kamardikan Indonesia, wus dadi tradhisine masarakat nggelar tumpengan, tirakatan, pengajian lan umbul donga bebarengan. Tradhisi kuwi ngandhut makna paseduluran, ora nyawang agamane apa, saka suku ngendi lan werna kulite apa. Ing tradhisi kuwi, kabeh dadi siji, kabeh lebur ing gawe lan sajroning adicara. Kabeh kapreluan, saka piranti musik, panganan, sewa panggonan, kabeh diangkati bareng-bareng dening masarakat.

Promosi Komeng The Phenomenon, Diserbu Jutaan Pemilih Anomali

Senadyan lagi susah golek gaweyan, utawa dhuwite kanggo ngoyak kabutuhan sekolahe anake, utawa kanggo tuku obat ing apotek, warga tetep melu urunan kanggo nyengkuyung malem 17 Agustusan kuwi. Kahanan kuwi pancen beda banget karo kahanan ing Istana Negara. Mengeti kamardikan, presiden lan para panguwasa butuh dhuwit cacahe nganti Rp7,8 miliar. “Kahanan ing desa kaya dalan-dalan durung diaspal, nanging ing Istana pada ngguwak-guwak dhuwit, iki pancen paradoks,” kandhane sejarawan mudha, Heri Priyatmoko, Selasa (14/8).

Mula, nalika akeh masarakat wus ora preduli marang pengetan kamardikan, masang gendera wae wus ora gelem, kahanan iki ora bisa disalahake. Pancen kahanan sing ora menehi kamardikan sing sejati marang masarakat. Kamardikan mung kanggo para pejabat, panguwasa sing duwe pangkat. Yaiku mardika entuk dhuwit saka kas negara kanggo awake dhewe, kanggo kulawargane dhewe, kanggo pepanthan, partai, lan sedulure dhewe. Para penguwasa nglali yen dhuwit kuwi sejatine kanggo rakyat.

Miturut Dhalang Wayang Kampung Sebelah, Ki Jlitheng Suparman, pengetan kamardikan Indonesia bisa digelar kanthi adicara mirunggan, nanging kegiyatan kuwi seprana-seprene amung asipat seremonial. “Sah-sah wae ana tirakatan utawa upacara gendera mengeti yen Indonesia wus tau duwe dina kamardikan, yaiku 17 Agustus. Ngapa mung mengeti dina kamardikan? Amarga sejatine durung mardika,” kandhane Ki Jlitheng, Selasa.

Nalika sakdurunge 1945, Indonesia dijajah Landa lan Jepang. Nanging saiki sing njajah yakuwi neoliberalisme sing menehi kasengsaran marang rakyat. Masarakat uga ora duwe kamardikan babagan mangan. Contone ana pepanthan sing ngrusak warung amarga mbukak dhasaran awan-awan ing sasi Pasa. Senadyan ing Sasi Pasa, rakyat Indonesia agamane werna-werna. Kudune uga menehi pakurmatan marang wong sing ora pasa.

“Sila Pancasila kaping siji jelas, unine Ketuhanan Yang Maha Esa, landhesane Bhinneka Tunggal Ika. Tegese ora meksa karepe dhewe lan rumangsa paling menang dhewe,” kandhane Jlitheng.

Pulisi sing kudune ngabdi marang rakyat, malah ora mbelani rakyate dhewe sing didaksiya dening pepanthan liyane. “Kajaba sila siji, sila lima Keadilan Sosial Bagi Seluruh Rakyat Indonesia uga ora dileksanakake dening pamarentah.”

Wiwit mardika taun 1945 tekan saiki, bangsa Indonesia durung ngrasakake sejatine mardika. Bung Karno sang proklamator uga durung bisa mujudake cita-cita luhur kasebut amarga isih dadi pambuka gapura kamardikan. “Nalika arep mbuka lawang kamardikan, wus dilabrak dening neokolonialisme lan neoliberalisme. Sabanjure tekan saiki, kaya metu saka cangkem singa, mlebu ing cangkem baya. Durung mentas saka penjajahan.”

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya