SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Pepanthan Semut Merah Trontonk Solo nggelar adicara nyumbang getih ing lingkungan Pomahan Pelangi Tengah, RT 001/ RW 028 Mojosongo, Solo. Adicara kuwi digelar, Minggu (10/6) esuk, kang dieloni 50-an wong saka Kutha Solo, Gunung Kidul lan Purwodadi. Adicara kuwi uga kanggo ngrayakake tanggap warsa kaping papat pepanthan kang pasartane duwe kekareman montor trontonk kuwi.

“Pepanthan montor trontonk ing Gunung Kidul lan Purwodadi uga diundang supaya ngramekake adicara iki. Padha-padha duwe montor trontonk, sanadyan kuthane adoh, uga diundang kanggo nambah rumakete paseduluran lan sosial,” ujare Pangarsa Semut Merah, Bambang, nalika ditemoni Espos, ing papan adicara.

Promosi Strategi Telkom Jaga Jaringan Demi Layanan Telekomunikasi Prima

Kajaba nyumbang getih, minangka wujud sukure pepanthan Semut Merah uga nanggap organ tunggal lan gawe sega tumpeng. “Sega tumpeng pancen dadi sega mligi kanggo mujudake rasa sukur,” ujare dheweke.

Sega tumpeng kaya-kaya wus dadi kuwajibane wong Jawa nalika nggelar sukuran. Kajaba tanggap warsa, uga adicara tirakatan. Contone nalika mengeti dina kamardikane Indonesia saben 17 Agustus. Sega tumpeng awujud gunung cilik. Ing ngisor sega diubengi maneka jinis nyamikan lan jajanan kang sedhep lan enak. Wadhahe uga saka godhong gedhang lan tampah saka namnaman pring. Tumpeng kang awujud gunung cilik iku ngemu teges kang wus dikurmati masarakat Jawa.

Sega ing dhuwur dewe, diwenehake marang wong tuwa kang diurmati. Sega ing tengah bisa kanggo wong enom lan liya-liyane. Ora amung tumpeng kang tegese wujud sukur marang Gusti, nanging lawuh, camikan kang ngubengi sega tumpeng duwe teges yaiku maneka jinis panganan lan ubarampe saka alam kang wus diwenehake saka Gusti kanggo manungsa. Contone endhog godhog, suwiran iwak pitik, bergedel, kulupan lan liya-liyane.

Tumpeng bisa nganggo sega putih, uga bisa sega kuning. Sego putih kanggo adicara mirunggane Jawa. Sega putih nut adat Jawa tegese suci. Dene sega kuning kanggo sukuran utawa ngresmekake kantor utawa tanggap warsa. Ing adat Betawi ana tumpeng sega uduk kang kanggo mengeti Maulud Nabi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya