SOLOPOS.COM - Febrianto Hanggoro Putro, Mahasiswa Jurusan Sastra Jawa Universitas Sebelas Maret Sutresna Sastra Jawa ing Gupitaloka Karanganyar

Febrianto Hanggoro Putro, Mahasiswa Jurusan Sastra Jawa
Universitas Sebelas Maret Sutresna Sastra Jawa ing Gupitaloka Karanganyar

Ngungak kahanan mobah mosiking jagad boten uwal kaliyan perkawis ngelmu saha rasa. Manungsa minangka khalifah gadhah tanggel jawab ngreksa bumini (hamemayu hayuning bawana) saha mangun pirukunan mring sesami (hamemangun karyenak tyasing sesama).

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kathah cara supados saged paring eguh pratikel amrih hayuning bawana saha hayuning bebrayan. Satunggaling cara ingkang saged dipun tindakaken mliginipun generasi mudha inggih punika ngudi ngelmu saha olahrasa amrih dados satriya pinandhita.

Amrih dados generasi mudha karan satriya pinandhita kedah ngudi kekalihipun. Babagan ngelmu kedah rinasuk perkawis rasa ugi linaku. Satriya pinandhita puniku mujudaken tiyang ingkang gadhah ngelmu inggil saha watak ingkang luhur pindha brahmana, pandhita utawi ulama.

Gladhen ngelmu saha olahrasa sampun binabar wonten salebeting lelakon wayang purwa minangka wewayanganing ngaurip tuwin seratan-seratan tilaran kagunan paringipun para pujangga ingkang ngandhut ngelmu pangawikan saha kautamaning agesang.

Nglemu saha rasa punika saged dipunglandhi. Liripun ngelmu sejati saha rasa sejati ingakang sampun rinasuk saged dipuncakaken temah dados sesuluh, dedamar, pepadhang ingkang asipat langgeng. Ngelmu saha rasa bisa kaginakaken murih saenipun gesang tumekeng delahan.

Nglemu saha rasa punika sagedipun rinasuk kedah mawi laku. Saged laku kanthi maguru, saged ugi kanthi tapa. Saged maguru dhateng wiku, pandhita, brahmana, dwija, utawi dosen lan saged kanthi tapa brata tuwin tapa ngrame. Dene ingkang kedah dipun lampahi amrih dumadi satriya pinandhita punika gumantung empan papan saha jaman kalakonipun.

Sunan Pakubuwana IV ing Serat Wulangreh paring wejangan perkawis maguru, makaten: lamun sira hanggeguru kaki/ hamiliha manungsa kang nyata/ ingkang becik martabate/ sarta kang wruh ing kukum/ kang ngibadah lan kang wirangi/ sokur oleh wong tapa/ ingkang wus hamungkur/ tan mikir pawehing liyan/ iku pantes sira guronana kaki/ sartane kawruhana.

Laku satriya pinandhita mawi maguru ngelmu saha rasa ing jagad ringgit saged kapethil saking lakunipun Arjuna. Serpihan Mutiara Pertunjukan Wayang seratanipun Imam Sutardjo (2006:98) ngandharaken, Arjuna punika minangka satriya ingkang tansah ngudi ngelmu saha rasa kanthi maguru lan tapa. Arjuna maguru dhumateng Resi Druna saha Begawan Abiyasa. Saking guru Resi Druna, Arjuna hanggladhi babagan pangawikan ngginaaken pusaka saha tata perang (kasatriyan). Dene saking dwija Begawan Abiyasa, Arjuna hangudi babagan rasa (kapandhitan). Ing gesang sakmenika laku Sang Arjuna bisa dados patuladhanipun tiyang mudha. Ngudi ngelmu bisa dipunlampahi sajroning pawiyatan formal (sekolahan/universitas) dene gladhi rasa ugi kedah dipungegulang sajroning pengaosan utawi maguru dhateng ulama utawi kyai anut kapitayan (agama) ingkang dipunrasuk.

Perkawis rasa punika wonten kabudayan Jawi dados peranganing gesang ingkang utama. “Wong Jawi iku nggone rasa” mekaten andharanipun Darmanto Jatman wonten seratanipun ing buku Psikologi Jawa (1997). Rasa sampun ngrasuk jroning tiyang Jawi. Awit saking punika tiyang Jawi ngutamekaken rasa. Rasa puniku mujudaken sarana marang kadiwasaning jiwa. Dados tiyang Jawi kedah mikani rasa. Mikani rasa ateges mangertos ing perkawis rasa, sabanjure saged mapanaken kalenggahanipun wonten ing madyaning bebrayan kanthi trep. “Yen tan mikani rasa, yekti sepi asepa lir sepah samun, samangsa ning pasrawungan, gonyak-ganyuk nglelingsemi” menika pethilan Serat Wedhatama, Pangkur saking KGPAA Mangkunegara IV

Wonten ing Islam-Jawa kathah wacana ingkang ngudhari babagan lelampahan rasa (spiritual). Buku Pengendalian Hawa Nafsu Orang Jawi anggitanipun Wawan Susetya ngudhari sakatahipun simbolisme angka pitu gegandhengan kalawan jagad spiritualipun tiyang Jawi. Sawijining andharan yaiku simbolisme Pertapan Sapta Arga. Pertapan Sapta Arga punika papan dunungipun Begawan Abiyasa nglampahi tapa saha jejer pandhita. Sapta werdinipun pitu, Arga winastan wukir utawi gunung. Sapta Arga saged winanstan pitu kalenggahan spiritual ingkang kaperang sekawan tataran; syariat lan thariqat minangka lelampahaning panembah ingkang asipat lahir sarta hakekat lan makrifat minangka tata laksitaning panembah ingkang asipat batin wonten ing tigang kapitayan; ilmul-yakin (kapitayan adhedhasar ilmu), ‘ainul-yakin (kapitayan adhedhasar pamawas), lan haqqul-yakin (sampurnaning kapitayan jati). Kalenggahanipun (maqam) manungsa ing “martabat pitu” puniku gumantung laku telaten (istiqomah) anggenipun olah rasa (spiritual). Magurunipun Arjuna ing Pertapan Sapta Arga padununganipun Begawan Abyasa mujudaken gegambaran laku olah rasa (spiritual) kapandhitan sang satriya panengahing Pandhawa.

Ulah ngelmu kanuragan lan nggegulang kasampurnan rasa ingkang dipunlampahi Arjuna bisa dipuncakake ing jaman sakmenika. Ing jaman ingkang sampun modern sinten kemawon saged ngudi ngelmu kasatriyan ingkang awujud kapinteran intelektual. Gladhi ngelmu kasatriyan sakmenika sampun boten winatesi dening kasta. Sinten kemawon ingkang purun nglampahi laku utama bakal bisa dadi satriya. Soedjarwo ing Rasa lan Panggrahita (2009:57) nyerataken, satriya iku luwih akeh magepokan karo watak utawa bebuden katimbang karo kelas masyarakat utawa kasta. Satriya iku trahing kusuma rembesing madu, nanging ora ateges sing dudu trahing kusuma iku ora duwe watak satriya. Ora kabeh sing trahing kusuma iku mesthi awatak satriya. Watak satriya utawa watak buta iku bisa didarbeni dening sadengah uwong.

Dene kapinteran intelektual kedah dipunsarengi kaliyan kepinteran perkawis rasa (spiritual). Menawi wonten agami Islam wonten ukara: Iqra’ bis-mi rabb “wacanen kanthi nyebut asmanipun Gusti”. Menika mratelakaken bilih tiyang ingkang sinau amrih kanugrahan ngelmu pangawikan utawa kapinteran (intelektual) kedah eling dhateng Gustinipun. Eling menika mujudaken olah rasa (spiritual) kanthi nyaketaken dhateng Gustinipun. Andharan menika ing spiritualisme agami punapa kemawon sami. Wonten malih tuladhan prayogi, yaiku RMP Sosrokartono (1877-1952) ingkang ajejuluk Jaka Pring. Pring kramanipun deling, ateges kendel lan eling. Kendel ngemu teges anteping ati, kencenging pikir, boboting kekuwatane minangka jiwa kasatriyan, eling ateges emut saha pitaya dhateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi minangka jiwa kapandhitan.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya