SOLOPOS.COM - Buku novel Tak Ada Nasi Lain karyane Begawan Sastra Jawa Suparto Brata. Novel iki abasa Indonesia nanging kenthel banget Jawane. (Ahmad Hartanto/JIBI/Solopos)

Buku novel Tak Ada Nasi Lain karyane Begawan Sastra Jawa Suparto Brata. Novel iki abasa Indonesia nanging kenthel banget Jawane. (Ahmad Hartanto/JIBI/Solopos)

Buku novel Tak Ada Nasi Lain karyane Begawan Sastra Jawa Suparto Brata. Novel iki abasa Indonesia nanging kenthel banget Jawane. (Ahmad Hartanto/JIBI/Solopos)

Salebare Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia lan prastawa gerakan swapraja ing Kutha Solo, feodalisme asumber panguwasane kaum ningrat ing Kutha Solo ora ana ajine maneh. Kahanan mangkene ini ndadekake R.M. Saptono lan R.M. Bandi nandhang kapitunan. Sanajan duwe gelar ningrat, wong loro kuwi uripe dadi kadidene wong cilik.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Kekarone ngrasakake angel mangan, ngrasakake jaman rekasa nalika perang ora mendha, lan swasana politik ing Kutha Solo kang ndadekake urip lan panguripan sarwa angel. Bendi sing duwe sipat ora preduli marang kahanan, nanging wusana dheweke pengin banget melu perang, dheweke gregetan meruhi polah tingkahe penjajah Walanda.

”Bandi iki wonge pengin banget perang,” ujare panulis novel Tak Ada Nasi Lain, Suparto Brata, ing adicara dhudhahan novel kuwi ing Balai Soedjatmoko Solo, Rebo (17/7) wengi. Bandi kuwi kancane Saptono–yaiku Suparto Brata dhewe–urip ing Gajahan, Solo. Ing pungkasane, Bandi mati ing perang.

”Kijinge ing Jurug [Taman Makam Pahlawan], kanti tenger R.M. Bandi,” ujare Suparto. Miturut novelis sejarah RM Daradjadi, lumantar novele kuwi Suparto kasil nuwuhake rasa kesengsem. “Kaca siji nganti satus aku durung ngerti arahe crita. Nalika mlebu kaca satusan punjul, aku bisa ngerti lan aku kesengsem,” ujare Daradjati.

Novel kasebut mbeber swasana kutha Solo nalika geger salebare Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia. Geger kuwi jalaran tentara Walanda utawa NICA sing arep njajah maneh tlatah Indonesia. Kajaba kuwi, uga crita laskar-laskar utawa prajurit ora resmi ing Solo kang duwe kepentingan dhewe-dhewe.

Uga geger jalaran ngrembakane ideologi komunis, salebare feodalisme  kasih dirombak lan Indonesia nganut politik terpimpin. “Solo kuwi kutha kang wigati. Ora ana prastawa wigati ing level nasional sing ora diwiwiti saka Kutha Solo,” ujare Daradjadi.

Ing taun-taun salebare proklamasi, yakuwi 1947-an luwih, ing kutha sing sadurunge dadi wewengkon Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat lan Pura Mangkunegaran iki duwe prinsip ngregani sapadha-padha. Suparto ngandharake kahanan Solo kanthi  apik lan urut. Paraga Saptono, lakon utama ing novel kasebut, urip kaya rakyat cilik liyane.

Miturut sejarawan Heri Priyatmoko, sanajan ing novel kasebut ana katrangan sing ora bener lan ora faktual, nanging kasil nggambarake swasana jaman kuwi. Drajat sosial para ningrat asumber kraton sansaya entek gara-gara dikuwasani penjajah Jepang lan wusana dadi wewengkone Republik Indonesia.

Miturut Heri, novel iki uga nggambarake kanthi cetha sesambungan sosial antara wong cilik lan golongan ningrat. Novel iki bisa mbiyantu ilmuwan sosial naliti tingkatan sosial ing pabrayan agung kutha tilas punjere krajan. (Ahmad Hartanto)

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya