SOLOPOS.COM - Begawan Sastra Jawa Suparto Brata (kiwa) nalika medhar andharan ing dhudhahan buku novel karyane asesirah Tak Ada Nasi Lain, Kemis (17/7) wengi, ing Balai Soedjatmoko Solo. Novel abasa Indonesia sing kenthel Jawane kuwi mbabar crita kanthi latar swasana Kutha Solo lan sakiwa tengene ing taun 1938-1959. (Ahmad Hartanto/JIBI/Solopos)

Begawan Sastra Jawa Suparto Brata (kiwa) nalika medhar andharan ing dhudhahan buku novel karyane asesirah Tak Ada Nasi Lain, Kemis (17/7) wengi, ing Balai Soedjatmoko Solo. Novel abasa Indonesia sing kenthel Jawane kuwi mbabar crita kanthi latar swasana Kutha Solo lan sakiwa tengene ing taun 1938-1959. (Ahmad Hartanto/JIBI/Solopos)

Begawan Sastra Jawa Suparto Brata (kiwa) nalika medhar andharan ing dhudhahan buku novel karyane asesirah Tak Ada Nasi Lain, Kemis (17/7) wengi, ing Balai Soedjatmoko Solo. Novel abasa Indonesia sing kenthel Jawane kuwi mbabar crita kanthi latar swasana Kutha Solo lan sakiwa tengene ing taun 1938-1959. (Ahmad Hartanto/JIBI/Solopos)

Maca buku sejarah wigati kanggo mangerteni sejatining kang dumadi ing jaman kawuri lan ing titi wanci saiki. Hamula buku sejarah sing kababar arupa buku dening penerbit dadi buku wajib tumrap para siswa ing sekolah formal.

Promosi Komeng Tak Perlu Koming, 5,3 Juta Suara sudah di Tangan

Buku sejarah kuwi ngamot katrangan maneka warna kang anjoge bisa dadi kaca benggala tumrap urip ing jaman saiki lan ing jaman yang bakal teka. Emane, isih akeh bab-bab wigati kang dumadi ing jaman kawuri ora kacathet ing buku-buku sejarah kuwi mau.

Dina Jemuah, 17 Agustus 1945, Bung Karno lan Bung Hatta mbiwarakake kamardikan Republik Indonesia kanthi maca teks proklamasi. Tegese, ing dina kuwi ngadeg negara Republik Indonesia sing mardika. Nanging generasi mudha jaman saiki ora padha ngerti piye swasana pabrayan agung nalika prastawa kang kebak tapsiran sejarah kuwi dumadi.

Apa kabeh warga pabrayan agung sing wiwit dina kuwi sabanjure kasebut Republik Indonesia kabeh padha seneng? Yen ta seneng, senenge kepriye? Swasana kasebut ora digambarake ing buku-buku sejarah. Swasana kang mangkono mau bisa dibabar dening Begawan Sastra Jawa, Suparto Brata, ing novel abasa Indonesia asesirah Tak Ada Nasi Lain, weton Penerbit Buku Kompas, 2013.

Novel “sejarah” sing kababar sepisanan 50 taun kapungkur ing wujud crita landhung sing kamot ing ariwarti Kompas kuwi katulis ing basa Indonesia nanging crita sing kakandhut kenthel dening kabudayan Jawa, mligine kabudayan ing Kutha Solo lan sakiwa tengene. Ing buku kasebut Mbah Parto—mangkono sesebutan sing kaprah tumrap Suparto Brata—nyritakake swasana nalika kluwarga pegawai sepur padha ngungsi saka Garut tumuju Sragen.

Uga ada gegambaran swasana nalika tentara Divisi Siliwangi iang Jawa Barat kudu long march, ngungsi menyang Solo. Malah ana uga gegambaran swasana nalika Partai Komunis Indonesia madeg kraman sedya ngrebut panguwasa ing taun 1948. Kedadeyan-kedadeyan wigati kanggo merdeni apa kang dumadi ing jaman kawuri kasebut dening Mbah Parto diracik adhedhasar pengalaman pribadine, ora asumber saka buku-buku utawa critane wong-wong liya.

”Novel iki [Tak Ada Nasi Lain] dak tulis seket taun kepungkur. Ora bisa kababar nganti 1990-an kamot ing ariwarti Kompas minangka crita landhung. Wulan Mei wingi [Mei 2013] bisa bisa kababar ing wujud buku,” ujare Mbah Parto nalika medhar andharan ing  dhudhahn novel Tak Ada Nasi Lain ing Balai Soedjatmoko Solo, Rebo (17/7) wengi kapungkur.

Novel kasebut nyritakake paraga bocah keturunan ningrat sing jenenge Saptono. Paraga bocah iki gegambaran pribadine Suparto Brata dhewe. Bocah kuwi dititipake ing kluwarga ningrat ing Gajahan, Solo. Novel 545 kaca kasebut mbabar kahanan Kutha Solo lan sakiwa tengena ing  antarane taun 1938-1958. Maca novel ini bakal nuwuhake gegambaran kahanan pabrayan agung ing Solo lan sakiwa tengene ing jaman penjajahan Walanda, Jepang, jaman perang kamardikan lan jaman ideologi komunis ngrembaka ing tlatah Indonesia.

Miturut panulis novel wayang, Pitoyo Amrih, kang rawuh ing dhudhahan buku kasebut, novel karyane Mbah Parto kuwi kapetung novel ing basane samadya, kepenak diwaca. Miturut Pitoyo, Mbah Parto kasil nggawa swasana batine, rasa wedi lan seneng, sarta swasana wewengkon Solo nalika jaman penajajahan Walanda, jaman penajajahan Jepang, jaman ideologi komunis ngrembaka lan jaman nalika akeh cecongkrahan ing antarane warga Republik Indonesia.

Miturut Pitoyo, novel abasa Indonesia sing kenthel banget Jawane kuwi bisa dadi kaca benggala kanggo merdeni laku jantraning urip pabrayan agung ing Kutha Solo lan tlatah sakiwa tengene. ”Aku nyathet ana sing langka temen-temen ing novel iki. Panulis ngandharake pengalaman uripe ing novel ini, ora ana let antarane panulis lan crita sing dibabar,” pratelane Pitoyo.

Basane uga kepenak lan bisa nuwuhake rasa katut, keli, lan kaya-kaya bisa ngrasakake apa kang dumadi ing jaman sing dadi latare crita kasebut. Miturut Pitoyo, bab mangkene iki tangeh lamun bisa tuwuh nalika maca buku sejarah, cathetan sejarah, utawa ensiklopedia sejarah. Ana pasarta dhudhan buku kasebut, Susanto, sing nyaruwe jalaran nemokake ana fakta utawa kanyatan yang beda utawa cengkah kalawan apa sing kababar ing novel kasebut.

Susanto uga nyaruwe novel kasebut ora ngamot tanggal, sasi lan taun tumrap kedadeyan-kedadeyan yang mujudake kedadeyan ngamot tapsiran sejarah tumrap laku jantraning pabrayan Kutha Solo lan Republik Indonesia. Susanto nelakake ing novel kasebut Proklamasi Kamardikan Republik Indonesia mung ditulis dumadi ing dina Jemuah, tanpa tanggal, sasi, taun lan jam.

Nanging Susanto uga ngalem novel kasebut jalaran kebak simbol. Simbol kasebut kayata nalika jaman penjajahan Jepang para abdi dalem kraton disebut “budak raja”. Sesebutan mangkene iki ora ana nalika jaman penjajahan Walanda. Krungu panyaruwe mau, Mbah Parto nelakake duwe krenteg bakal gawe revisine ing babaran sing kapindho.

Nanging, Pitoyo ora sarujuk marang krentege Mbah Parto mau. Miturut dheweke novel asli kasebut wigati minangka “cathetan sejarah kasusastran”. Novel sing asli kasebut—tanpa revisi—nuduhake gegambaran kahanan, pengalaman dan swasana ing jaman sing dadi latare novel kuwi.  Pitoyo nelakake novel kasebut genah dudu buku sejarah, sanajan crita sing kababar pancen pengalaman nyata.

”Ora prelu direvisi, kareben asli kaya iki,” pratelane Pitoyo. Apa kang ndayani Mbah Parto saengga seket taun kapungkur nulis novel kasebut? Miturut Mbah Parto, nalika dheweke sekolah ”angka loro” ing Sragen, saben dina mung sinau maca buku lan maca buku. Maca buku ing jaman kuwi mujudake laku kang wigati banget. Nalika jaman Walanda, para siswa keturunan ningrat kudu maca buku. Ing jaman penjajahan Jepang, para siswa uga wajib maca buku.

”Jaman saiki para siswa sekolah ora dikulinakake maca buku. Aku prihatin kahanan saiki. Bocah lulus SMA rata-rata durung ngrampungake buku siki. Jaman nalika aku isih sekolah biyen sinau kuwi ya maca buku. Tangeh lamun gegayuhan dadi kanyatan tanpa maca buku,” pratelane Mbah Parto. Ing pungkasan adicara dhudhahan buku kuwi, Mbah Parto ngelingake kabeh sing teka lamun siji-sijine dalan kanggo mbangun bangsa iki ora liya ngulinakake maca buku.

 

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya