SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Sumedi, Pandhemen Sastra Jawa

 

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Nelangsa, mbokmenawa tembung kang paling pas kanggo nyumurupi kahanan iki, tokoh nasional kang uga pengu saha sukses Indonesia kang kawentar, Aburizal Bakrie(Ical) paring pengaji-aji marang para pelestari budaya Jawa antarane: Ki Anom Suroto seniman (dalang) wayang kulit, Bondan Nusantara pelestari ketoprak, H.Achmad Tobroni pelestari reog Ponorogo, Paguyuban Ludruk karya Budaya Mojokerto, lan Paguyuban Pengrajin Keris Mega Remeng Sumenep Madura. Bebrayan Jawa rumangsa mongkog atine dene ana tokoh nasional kang duwe kawigaten gedhe marang maju mundure lan mati uripe budaya jawa kang sansaya suwe menawa ora ana  kawigaten saka para kang winasis apadene para priyayi kang sembada bakal surem lan nemahi cures. Aburizal Bakrie sanajan dudu wong Jawa nanging wis gelem melu cawe-cawe nguri-uri budaya jawa kanthi cara menehi pengaji-aji(Bakrie award) marang para seniman lan paguyuban budaya jawa, bab iki muga-muga bisa nambahi tekat lan greget para -para kang antuk pengaji-aji mau supaya luwih sregep anggone padha nguri-uri lan majokake budaya jawa ing bidhange dhewe-dhewe. Ora jeneng ewa utawa meri, jujur wae ana pitakonan ing sakjeroning ati para panggilut sastra jawa, hla kok sastra jawa luput durung oleh kawigaten?, apa sastra jawa dudu bageyane budaya jawa?. Ora kesusu nyalahke para priyayi kang kadhapuk dadi panitya, mbokmenawa panitya kang disepuhi bapa Dr.Purwadi M.Hum kalepyan marang anane sastra jawa. Sastra jawa pancen kinaran mati ora urip ya ora, durung karuwan saben tahun ana buku sastra kang dibabar dening penerbit umum, racake buku sastra jawa kang ana iku dianggit lan diterbitke (dibandhani) dhewe dening pengarange kanthi cacah kang winates banget awit ora duwe ragat. Sastra jawa gagrak anyar kang awujud geguritan, cerkak, cerbung amung urip ana ing majalah Panyebar Semangat, Jayabaya, Joko Lodhang, suplemen Jagad Jawa, Mekarsari. Dadi ya tembung lumrah menawa sastra jawa luput saka kawigatene panitya apa malah kepara bingung anggone arep mbiji. Kanggone para panggilut sastra jawa babagan iki malah dadi panjurung lan panyemangat anggone tetep nguri-uri sastra jawa, para panggilut sastra jawa utamane kang wis yuswa sepuh wis kulina ngadhepi kahanan kaya mengkene, sastra jawa mung diremehake, dikiwakake. Muga-muga wae generasi enom sastrawan jawa luwih wasis anggone nganggit saengga akeh buku-buku sastra jawa kang dibabar tundhone bisa oleh kawigaten. Sejatine kang dibutuhake  panggilut sastra jawa ing wektu iki dudu pengaji-aji ananging bapa angkat kang gelem ngemong uripe sastra jawa, bapa angkat mau awujud pribadi utawa lembaga kang gelem nerbitake karya-karya sastra jawa kang asipat nirlaba malah kepara gelem tombok, amarga tanpa ana penerbit kang gelem sabiyantu tangeh lamun ana buku sastra jawa kang kababar.

Bakrie award pinangka pengaji-aji budaya jawa kang nembe sepisan iki sajake isih gaga-gaga sapa kang pantes diwenehi lan bageyan budaya jawa kang endi kang pantes diwenehi, hla wong ya lagi sepisanan mula bebrayan jawa isih duwe pengarep-arep akeh muga-muga Bakrie award iki bisa lumaku terus saben tahun kaya hadiyah Rancage saka tlatah Pasundan, saben tahun menehi pengaji-aji marang buku sastra Indonesia lan daerah kalebu sastra jawa. Yen ngudhari bab budaya jawa saktenane pancen amba bawera, ing jagade seni wae ana pirang-pirang, kayata seni tari, seni karawitan, macapat, seni sastra, seni swara, seni tradisional ing daerah-daerah kang meh cures. Durung ngrembug budaya jawa kang dadi saranane wong urip liyane kayata nalika ngadani upacara mantu lsp. Mula Bakrie award kabiji lan kaacungi jempol loro dening kabeh bebrayan jawa, nanging kudu ana tintingan kang luwih njlimet lan teliti kareben Bakrie award nduweni bobot kang antep lan menjila pinangka pengaji-pengaji kang diedum saben tahun, mesthine ora saben wong lan paguyuban bisa nampa pengaji-aji mau kanthi gampang, wasana amung sumangga.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya