Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (1/11/2018) menika kapacak bab Saman Center.
Solopos.com, SOLO — Kupiya nguri-uri Tari Saman samsaya grengseng. Apa meneh sakbubare ditetepake minangka warisan kabudayan kang wigati dening The United Nations Educational Scientific and Cultural Organization (UNESCO) uga antuk pangaji saka Asosiasi Pariwisata ASEAN (The ASEAN Tourism Association/ ASEANTA) ing taun 2012.
Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi
Mula saka kuwi, Pamerantah Gayo Lues, Aceh, nduweni karep ngedegake Saman Center. Gedhung kang ngamot sakehing bab gegayutan tari Saman iku bakal dibangun ing papan sing ambane udakara sak hektare. Ing gedhung kasebut bakal ana papan pentas, pasar modheren, museum, nganti omah kanggo nginep para tamu.
Miturut rilis katrangan sing dikirim dening Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) marang
Bupati Gayo Lues Muhammad Amru banjur ngandharake karep iku marang pejabat Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) nalika mbukak Festival Saman ing Jakarta, Selasa (2/10/2018).
Saman Center bisa dadi salah sawijining tujuwan wisata saengga bisa makmurake masarakat ing saindhenge Gayo Lues. Nalika medhar sabda ing pambuka lokakarya Festival Saman, Muhammad Amru ngandharake menawa Tari Saman dadi salah sawijining tarian sing kawentar nganti negara manca nanging nganti tekan saiki durung menehi mupangat ekonomi marang masarakat.
Kamangka, Presiden Joko Widodo nate ngandharake ngrembakane seni lan kabudayan ing dhaerah iku kudune bisa diarahake marang pariwisata. Sing ancase yaiku masarakat dadi luwih sejahtera.
Luwih saka kuwi, Saman Center uga bisa dadi punjering panaliten. Nganti saiki, miturut Muhammad Amru, durung ana sing ndhudhah sujarahe Tari Saman.
Bab prelu orane digawe Saman Center iku dibabar ing Seminar Budaya Saman 2018 kanthi irah-irahan Saman dalam Spektrum Pengetahuan; Menuju Saman Center. Seminar diadani ing Komplek Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan, Jakarta, Rebo (3/10). Adicara kasebut ngundang para pamerti budaya, Sutresna budaya, panaliti, pangripta budaya, uga wartawan.