SOLOPOS.COM - Drs Imam Sutardjo MHum, Dhalang lan Dhosen Jurusan Sastra Jawa FSSR UNS.

Drs Imam Sutardjo MHum, Dhalang lan Dhosen Jurusan Sastra Jawa FSSR UNS.

Masarakat Jawi saben wulan Ruwah sami ngawontenaken tradhisi upacara Sadranan utawi ruwahan, ingkang limrahipun katindakaken wiwit tanggal 15 dumugi 27 wulan Jawi; mliginipun saben tanggal ganjil (limalasan, pitulasan, sangalasan, selikuran, telulikuran, selawenan, pitulikuran).

Promosi Skuad Sinyo Aliandoe Terbaik, Nyaris Berjumpa Maradona di Piala Dunia 1986

Upacara sadranan menika mula bukanipun katindakaken Prabu Hayam Wuruk, nata ing negari Majapahit rikala taun 1362 Masehi, saperlu kanggo ngurmati arwah leluhuripun, inggih menika Dewi Gayatri ingkang kaprenah eyangipun, saha Sri Baginda Sri Wishnu Wardhani, ingkang kaleres ibunipun. Upacara sadranan menika tansah dipunlestantunaken lan katindakaken para nata ing nagari Majapahit dumugi raja ingkang pungkasan, inggih menika Prabu Brawijaya V. Wondene upacara menika kawastanan upacara “sradha” utawi “sraddha Agung”. Tembung “sraddha” (Jawi kina) tegesipun pakurmatan, ngurmati utawi ndongakaken arwahipun leluhur lan ing basa Jawa enggal (gagrag anyar) tembung “sraddha” mingset dados “sadran” dumugi samenika.

Sadran dumadi saking tembung Arab al-shuduur ingkang tegesipun dhadha (jaja), inggih menika prekawis ingkang wigatos sanget lan mapan wonten salebetipun jaja, ingkang namanipun jiwaning manungsa ingkang manunggal kalihan Pangeran utawi Gustinipun (Yakub Nasucha, 2012). Pramila “sadran’ ugi dumadi saking tembung “sraddha”, ingkang tegesipun upacara kangge ngurmati arwah para leluhuripun ingkang sampun sami seda lan katindakaken setaun sepisan saben wulan Ruwah (Bratasiswara, 2000). Wondene ruwah dumadi saking roh (arwah), lan adhedhasar jarwa dhosok “ruwah” menika tegesipun “ngluru arwah”, tegesipun madosi utawi sesambetan kalihan arwahipun para leluhur.

Adhedhasar kapitadosan salebetipun budaya Jawi bilih sadangunipun wulan Ruwah utawi wiwit tanggal 15 dumugi pungkasaning wulan kasebut, arwah para leluhuripun kulawarga ingkang sampun seda menika sami kondur wonten kuburan utawi makamipun piyambak-piyambak, saperlu supados dipundongakaken. Ingkang menika kangge anampi saha ngayubagya rawuh arwahipun para leluhur menika, masarakat Jawi sami ngawontenaken upacara sadranan utawi slametan, tegesipun ndedonga sesarengan supados arwahipun para leluhur tansah bagya mulya wonten suwarganipun Allah SWT, lan para keluwarga ingkang tasih gesang tansah wilujeng wiwit wonten donya dumuginipun benjing ing alam delahan. Pramila para ahli waris, para putra wayahipun nggadhahi kalodhangan lan jejibahan sami ngawontenaken sesambetan (kontak spiritual) kalihan arwah-arwah menika.

Bebrayan agung Jawi salebetipun wulan Ruwah sami ngawontenaken ruwahan, kanthi cara: (1) reresik utawi bebesik, tegesipun sami ngresiki makam (kuburan) lan mranata pusara leluhuruhipun. (2) nyekar makanipun para  leluhur supados katingal endah lan gandanipun arum minangka tanda pakurmatan. (3) kentun utawi kirim donga ingkang katindakaken kanthi piyambak-piyambak, kalajengaken ndedonga sesarengan ingkang dipunwiwiti maos kalimat thoyibah, maos surat Yassin, katutup maos tahlil (tahlilan), supados arwahipun para leluhur tansah mulya wonten ngarsanipun Pangeran, lan keluwarga ingkang tasih gesang tansah pinaringan kesarasan, kawilujengan, rejekinipun tansah sempulur lan barokah. Saderengipun sami nindakaken acara tahlilan, pangarsa utawi pimpinanipun sadranan ingkang limrahipun “Pak Modin”, miwiti sesorah minangka pambuka, ingkang wosipun sami ngaturaken raos panarimah utawi sukur konjuk wonten ngarsanipun Pangeran dene sami saged ziarah kubur utawi nyekar dhumateng para leluhur utawi pepundhenipun ingkang sampun seda. Saged kirim donga lan nyuwunaken pangapunten supados arwahipun para leluhur pikantuk margi ingkang pajar, papan ingkan wiyar, dipuntebihaken saking siksa kubur lan siksanipun neraka. Wusananipun Allah SWT. ngabulaken sedaya donganipun, satemah arwahipun para leluhur tansah nampi nikmatipun alam kubur (bariyah), lan sami kapapanaken wonten kasuwargan jati, arwahipun boten nglambrang utawi kesasar, saged mulih mula-mulanira (innalillaahi wa inna ilaihi roji’un). Kados wonten piwulang ingkang tembang Dhandhanggula menika: “Urip iku neng donya tan lami/ upamani jebeng menyang pasar/ tan langgeng neng pasar wae/ tan wurung nuli mantuk/ mring wismane sangkane nguni/ ing mengko aja samar/ sangkan paranipun/ ing mengko padha weruha/ yen asale sangkan paran duk ing wuni/ aja nganti kesasar//” (Suwardi Endraswara, 2005). Minangka panutuping upacara sadranan kawaosaken donga panutup, para warga ingkang sami rawuh sami ngaturaken panuwun utawi panarimah dhumateng “Pak Modin” kanthi sarana sami nyaosi arta saiklasipun utawi shodaqoh ingkang dipunwastani “Wajib”. (4) Ngawontenaken selamatan utawi wilujengan kanthi sami ngasta dhedhaharan minangka wujud sedhekah (shodaqoh), ingkang dipunwontenaken wonten mesjid/ mushola, prapatan, bale dhusun, wewengkon makam, utawi adhedhasar pakulinanipun saben dhusun/ dhaerah. (5) Nyawisaken dhaharan ingkang cacahipun wonten tiga, inggih menika “kolak, ketan, lan apem” salebetipun kenduri slametan/ wilujenganipun, minangka pralambang “nyuwunaken pangapunten konjuk wonten ngarsanipun Allah SWT sedaya kalepatan arwahipun para leluhur; lan minangka pralambang lelampahipun tiyang gesang menika wonten tigang tingkatan, inggih menika: lahir, dewasa, pejah (metu, manten, mati). Amargi “apem” menika saking basa Arab, afu’un, tegesipun ampun (nyuwun pangapunten). Pramila wulan Ruwah ugi asring sinebat wulan apem.

Dhedhaharan ingkang limrah ugi dipuncawisaken ing upacara sadranan inggih menika jajan pasar, kenongan lan tumpeng. “Jajan pasar” limrahipun awujud asilipun wulu pametu saking dhasaring bumi peparingipun Pangeran, kadosta: palagumantung, palakasimpar, saha palakapendhem minangka pratandha raos sukur wonten ngarsanipun Pangeran. “Kenongan” menika nggadhahi pangajab supados arwahipun para leluhur lan ingkang tasih gesang tansah ”nong, neng, ning” (sae, tawaduk, mutmainah, lan wening utawi suci/ resik). Wondene “tumpengan” menika wujudipun saya minggah sangsaya alit, tegesipun minangka pralambang bilih tiyang ingkang tansah emut Pangeran lan tansah nyelak wonten ngarsanipun Allah SWT.

Upacara sadranan menika saben dhaerah setunggal lan sanesipun tatacaranipun boten sami, namung nggadhahi pangajab ingkang sami inggih menika ngurmati lan ndongakaken arwahipun para leluhur. Wonten masarakat Jawi, pakurmatan dhumateng arwahipun para leluhur menika ugi kawastanan “pamulen” utawi “memule”; ingkang ancasipun: (a) nyenyuwun konjuk wonten ngarsanipun Pangeran, supados arwahipun para leluhur ingkang sampun seda dipunapunten sedaya dosa kalepatanipun, (b) ndongakaken supados arwahipun para leluhur kapapanaken wonten papan ingkang sae, mulya, suwarganipun Pangeran, (c) ngemutaken dhumateng sedaya tiyang menika badhe ngalami pejah, (d) tiyang gesang tansah tumindak sae, kangge sangu ngamal ingkang kathah sawanci-wanci katimbalan marak sowan wonten ngarsanipun Allah SWT. (Yakub Nasucha, 2012).

Upacara sadranan mujudaken manunggalipun budaya Jawi lan Islam menika pranyata kebak pitutur luhur, saged kangge sarana andadar tiyang gesang supados tansah: tumindak sae lan dhemen tetulung dhumateng sesami, guyub rukun, anjagi karesikan, nyuwun pangapunten sedaya kalepatan, ngurmati tiyang sanes saha arwahipun para leluhur, lan tansah enget pejah; ing pamrih supados gesangipun tansah eling lan waspada.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya