SOLOPOS.COM - Down for Life nalika mbabar musik metal kanthi iringan gamelan ing Apokaliptika: A Journey of Rock In Solo. Konser pambukan RIS 2022 iki diadani ing Convention Hall Terminal Tirtonadi Solo, Setu (18/12/2021) kapungkur. (Istimewa)

Solopos.com, SOLO — Sapa sing ngira manawa musik rock lan gamelan bisa nyawiji ing panggung Rock in Solo.

Kahanan iku kagambar ing adicara mapag Rock in Solo (RIS) 2022 asesirah Apokaliptika: A Journey of Rock In Solo. Konser pambukan RIS 2022 iki diadani ing Convention Hall Terminal Tirtonadi Solo, Setu (18/12/2021) kapungkur.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Seniman sing utama yaiku pepanthan musik rock, Down For Life (DFL). DFL pentas kairing gamelan Jawa, gamelan sekaten, lan gamelan Banyuwangi. Musik gamelane digarap dening komposer kondhang Solo, Gondrong Gunarto.

Ana sangang tembang DFL sing dibabar mawa musik rock lan gamelan. Saben tembang dibabar bebarengan dening DFL, gamelan Gondrong Gunarto, lan seniman kolaborator.

Ekspedisi Mudik 2024

Seniman kolaborator sing dikarepake yaiku seniman Solo saka musik keroncong, musik rock, musik ska, uga seniman tari. Seniman kasebut yaiku Endah Laras, Agus Mbendol, Whawin Laura, Lius, lan liyane.

Adicarane diadani kanthi ngetrepake protokol kesehatan (prokes). Pamirsane lungguh ing kursi dhewe-dhewe, kudu nganggo masker, lan negatif Covid-19 dibuktekake mawa tes antigen. Pentas gamelan lan musik rock wektu iku pancen gayeng tenan. Wali Kota Solo Gibran Rakabuming Raka lan Wakil Wali Kota Teguh Prakosa melu ngematake ing kursi tamu.

Gondrong Gunarto nalika adicara temu wartawan ngandharake pangaji-aji saka Unesco bisa nambah krentege seniman lan pandhemen gamelan. Ya kayata dheweke. Gondrong Gunarto kandha bakal terus ngleluri gamelan sanadyan ora ana pangaji-aji Unesco. Salah sawijining cara ngleluri yaiku kanthi ngrembakakake.

“Aku duwe kepinginan, mawa musik metal para kawula mudha sing seneng [musik] metal ya bakal ngerti gamelan. Ngerti dhisik, banjur gelem sinau,” kandhane.

Gibran nalika sabubare pentas Apokaliptika: A Journey of Rock In Solo ngandharake musik metal lan gamelan ing RIS dadi tengere kutha Solo. Mula kudu tansah dileluri. Dheweke uga mbombong atine panitya amarga kasil ngadani konser metal lan gamelan kanthi prokes. Pamirsane pada tertib nonton saka kursi.

Kamangka ya dheweke ngerti dhewe yen nonton musik metal gayenge nalika melu jingkrak-jingkrak lan sapiturute. Nanging ing kalodhangan iku penontone bisa manut aturan lan tertib nganti tekan bubaran.

“RIS iki bisa dadi conto ing kutha liya. Dene ngadani konser musik metal ing mangsa pagebluk ki ya bisa kelakon. Sanadyan diadani mawa prokes,” kandhane.
Pepanthan musik DFL anggotane yaiku Stephanus Adjie (vokal), Rio Baskara (gitar), Isa Mahendrajati (gitar), Mattheus Amadeus (bas), Muhammad Abdul Latief (drum), lan Adria Sarvianto (sequencer).

Kairing gamelan garapane Gondrong Gunarto, DFL mbabar sangang tembang kayata Apokaliptika, Tertikam Dari Belakang, Liturgi Penyesatan, Menuju Matahari, nganti Pasukan Babi Neraka. Kabeh penonton padha keplok-keplok mongkog atine weruh pentas musik kaya mangkono iku.

Salah sijine nalika seniman Endah Laras mbukak adicara kanthi jogedan ringkes. Endah Laras katon kenes ngetutake swara gamelan Banyuwangi. Kalamangsa keprungu senggakan saka para pengrawit. Sabubare kuwi, swara dhuwure Endah Laras disusul irama musik metal DFL kanthi swara penyanyine sing abot lan sangar.

Sanajan lungguh ing kursine dhewe-dhewe, para pamirsa tetep bisa headbanging utawa ngobah-obahake sirah ngetutake irama musik metal.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya