SOLOPOS.COM - Adi Deswijaya, S.S. Progdi PBSD, Univet Sukoharjo (FOTO/Dok)

Adi Deswijaya, S.S. Progdi PBSD, Univet Sukoharjo (FOTO/Dok)

Kahanan jaman samangke mitedahaken kahananipun jaman ingkang sarwi ngedan, yen ora ngedan ora keduman, kados ta ingkang dipun ngendikakaken dening suwargi Raden Ngabehi Ranggawarsita wonten ing Serat Kalatidha. Budaya Indhonesiyah samangke sampun kasingkur dening budaya manca.

Promosi Keturunan atau Lokal, Mereka Pembela Garuda di Dada

Kamajenganing bangsa Kilenan dadosaken cingaking donya. Tiyang Indhonesiyah mliginipun tiyang Jawi sami tumut ngangsu kawruh dhateng nagari Kilenan. Emanipun, tiyang-tiyang ingkang sami ngangsu kawruh dhateng bangsa Kilenan punika lagu lageanipun dados nyengkok bangsa Kilenan, wiwit saking cara-caranipun anggenipun gesang, anggenipun gegriya, anggenipun anggulawenthah putra-putrinipun, tedha saha sandhang panganggenipun, tandang-tanduk saha sarawunganipun.

Kasusilaning manungsa mliginipun para mudha ing jaman samangke dipun daya pangaribawani dening tigang prekawis, inggih punika: film, food (tetedhan), saha fashion (busana). Tigang prekawis punika gampil sanget saha rikat sanget andayani dhumateng ewahing kasusilaning manungsa mliginipun para mudha.

Kangge ngawekani kahanan jaman ingkang sarwi ewah punika, prelu sanget para tiyang sepuh sami anggulawenthah putra saha putrinipun lumantar margi ingkang leres, saged bedakaken pundi ingkang sae saha pundi ingkang awon satemah saged dadosaken rahayu wonten ing gesang bebrayan salami-laminipun.

Lare punika minangka peparingipun Gusti Ingkang Maha Agung wonten salebeting kulawarga. Sae punapa awon tumindakipun lare gumantung saking tiyang sepuhipun piyambak anggenipun nggulawenthah wiwit alit. Panggulawenthahing lare kakung kaliyan lare putri punika langkung awrat lare putri katimbang lare kakung.

Wonten ing jaman kamajengan teknologi punika, mulang-muruk dhumateng lare putri kedah kanthi linambaran budi pakerti ingkang utami wiwit taksih alit. Daya pangaribawa film, food, saha fashion ageng sanget tumraping solan-salining kodrating wanodya ingkang utami wonten salebeting budaya Jawi. Malah kados-kadosipun, luhuring bebuden saha kautamaning watek ingkang kedah dipun gadhahi wanodya sampun ragi kepering.

Film, asring mitongtonaken dredah wonten salebeting bebrayan gesang ingkang sajatosipun boten pantes dipun tongtonaken dhateng lare. Tuladhanipun, lare ingkang suwaunipun nggadhahi solah tingkah ingkang kalem, dumadakan ewah dados brangasan sasampunipun ningali film. Kathah lare-lare wanodya enem samangke ingkang nindakaken padatan  kados ta: nalika nembe lungguh kaliyan kanca-kancanipun kanthi cara sikil dipun inggahaken wonten ing kursi, nalika sarawungan kaliyan kancanipun boten ningali wayah utawi namung milih kanca jaler kemawon, lan sapiturutipun.

Food, saged ngewahi cara-caraning tiyang anggenipun nedha. Tuladhanipun, ingkang suwaunipun saben dinten namung nedha tahu, tempe, saha bayem, ewah dados tetedhan cengkok bangsa Kilenan ingkang sampun siyap tedha. Jalaran siyap tedha kala wau anjalari tetedhan Jawi tulen kathah ingkang sami dipun singkuri, satemah kaprigelaning wanodya Jawi ingkang sampun kawentar babagan olah-olahipun wiwit kasilep saha tuwuh padatan asring ngeceh-eceh arta.

Fashion, kathah sanget para wanodya mliginipun para mudha ingkang kabujuk budaya Kilenan anggenipun nyandhang ngangge. Tuladhanipun, ingkang suwaunipun nyandhang busana sarwi rapet, ing samangke ewah dados sarwi sumrawang utawi nglegena, sampun boten gadhah raos lingsem malih dhateng tiyang akathah anggenipun sangsaya wantun mitongtonaken peranganing awak.

Tigang prekawis ing nginggil kedah saged kaendhih kanthi lampah ingkang utami. Nggayuh kawruh sainggil-inggilipun punika panci prelu sanget tumraping para wanodya, ananging kedah kanthi linambaran lampah ingkang utami, sampun ngantos nimpang saking kodrating wanodya. Para tiyang sepuh boten namung mligi mulang-muruk babagan kaprigelan olah-olah kemawon, ananging ugi kedah saged anggulawenthah dhateng putrinipun wiwit alit babagan pocap saha patrap. Pocap kedah ingkang ririh, wondene patrap kedah ingkang rereh saha ruruh.

Ririh, inggih punika lirih, alon. Manawi gineman kedah kaudi ingkang lirih saha ingkang sae-sae utawi migunani, sampun ngantos anggadhahi wewatekan wanodya ingkang braokan. Rereh, inggih punika sareh, lerem. Sadaya tumindakipun saben dinten kedah tumata kanthi sareh, alus, boten kemrungsungan utawi pethakilan. Lungguhipun utawi cara nyandhang busananipun kedah saged dipun tata kanthi sae, trapsila, ingkang tundhonipun boten nuwuhaken raos nglelingsemi. Gandes luwes solahbawanipun. Setiti anggenipun migunakaken arta kedah dipun kulinakaken dhateng lare putri wiwit alit. Ruruh, inggih punika wanguning praen kedah ingkang manis, luruh utawi sumeh, boten brangasan. Polatan kedah saged dipun jagi sampun ngantos julalatan wonten pundi-pundi.

Ningali kahanan budaya Jawi ingkang sampun kasingkur kados makaten, pramila minangka tiyang sepuh kedah saged anggulawenthah dhumateng para putrinipun kanthi linambaran budi pakerti ingkang luhur kajumbuhaken kaliyan budaya Jawi. Aruming sarira sarta asma ingkang sabab saking lampah utami punika, dados pamunahing sadaya reribed margining gesang, satemah sadaya ingkang sami sesarengan lumampah, sami tumut ngraosaken suka sukur.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya