SOLOPOS.COM - Ki KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo

Ki KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo

Prastawa Proklamasi 17 Agustus 1945, 67 warso kepungkur menawa kita renungake maneh, kawiwitan soko kadadeyan ing dina Selasa Pon 14 Agustus 1945 nalika para pemuda kapekso ngglandang Bung Karno soko pidaleme Jl Pegangsaan Timur, 56 kasingidake ing Desa Rengasdengklok, wewengkon Kalurahan Bojong, Kecamatan Tugu Kerawang ing kono pemuda ngajab Bung Karno kersa enggal ngleksanakake Upacara Giyaran Proklamasi minangka pratandha Kamardikane rakyat Indonesia. Pawarto ngganter saindening donya menawa bala tentara Jepang wus resmi manungkul marang tentara sekutu. Negarane di bom atom dening sekutu. Kamangka persiapan kanggo Merdika wis suwe sumadya, kayata: anane Dasar Filsafat Negara Merdika lan Hukum Dasar utawa Undang-undang Dasar kanggo Indonesia Merdika wis sumadya wiwit Jepang ngideni anane team 60 minangka Badan Usaha Usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia (BPUPKI) tanggal 7 September 1944 kepungkur.

Promosi Pemilu 1955 Dianggap Paling Demokratis, Tentara dan Polisi Punya Partai Politik

Telung dina rong bengi Bung Karno mapan ing Rengasdengklok, wusan ing dina Kamis Kliwon tanggal 16 Agustus 1945 Bung Karno lan para pemuda bali menyang Pengangsaan Timur, 56 saperlu nyiapake opo-opo kang kudu dadi minangka rerangken ing bakal anane Upacara Proklamasi kang wis disepakati bebarengan bakal dileksanani dina sesuke, yaiku dina Jumat Legi, 17 Agustus 1945 watara tabuh 10.

Kanggo hadeging Negara Merdika kabeh sarat-sarat wis sumadio, antarane:

Ekspedisi Mudik 2024

–         Kudu nduweni wilayah (Wilayah Indonesia Merdika ya wilayah jajahan)

–         Kudu nduwe warga negara (wis ana 67 yuta rakyat Indonesia sing isih dijajah)

–         Kudu nduweni Dasar Filsafat (wis sumadya hasil sidang BPUPKI kapisan kang kawedarake Bung Karno tanggal 1 Juni 1945) kang sinebut Pancasila.

–         Kudu nduweni Hukum Dasar Negara, utawa UUD, iki ugo wis sumadyo, yaiku hasil sidang kapindho BPUPKI tanggal 16 Juli 1945, kang wektu iku mawa irah-irahan Piagam Jakarta.

–         Kudu nemtokake lan nduweni Gendera, kudu nduwe calon presiden lan wakile ugo anane Lambang Negara. Kabeh mau wus sumadyo. Mula ora bakal Proklamasi mengkone gagar kesandung sarat-sarat mau.

Yen kita ngrenungake opo wae karya bhaktine lan hasil karyane BPUPKI kang diresmekake tanggal 29 April 1945 kanthi Wreda Pangarsane Dr Radjiman Widyodiningrat kanthi wakile Bapa RP Soeroso.

BPUPKI nganakake sidang kawitan ing tanggal 29 Mei-1 Juni 1945. Patang dina sidang, kanggo ngrumusake Dasar Falsafah Negara, dibentuk Panitia 8 kang dipangarsani Bung Karno kanthi anggota Bung Hatta, Ki Bagus Hadikusumo, KH Wahid Hasyim, Mr Muh Yamin, Sutadjo Kartohadikusumo, Mr AA Maramis lan Otto Iskandardinata. Hasil Panitia 8 iki kawedar dening Bung Karno tanggal 1 Juni 1945 kanthi irah-irahan Pancasila.

Uga ing sidang kang kaping pindho kang kelakone tanggal 10-16 Juli 1945 ngasilake hukum dasar utawa Undang-undang Dasar Negara Indonesia Merdika kanthi irah-irahan Piagam Jakarta.

Babagan gendera, utawa Bendera Pusaka, Ibu Fatmawati kang kajibah nyamektakake nyambung kain abang lan putih kanthi dondom asta, kasil samekta tanggal 16 Agustus 1945 watara tabuh 4 Subuh. Teks Proklamasi kang bakal diwaca ing Upacara mengkone ug kasiyagakake ing kono Bung Karno, Achmad Subardjo, Bung Hatta lan sawijine Diplomat Jepang banjur ngrancang unine Teks Proklamasi. Bung Hatta kasil nggawe ramtamane, ananging soko Laksamana Tadhai kang wektu iku ugo pidalem nunggal Bung Karno ing Pegangsaan Timur 56, asung sumbang saran. Ing rantaman Teks Proklamasi ing alinea ongko telu kang unene: “Kekuasaan yang akan direbut dari tangan penjajah.” Supaya diluwesake supaya ora anggawe muringe bala tentara Jepang lan amrih ora ana panyaruwe bakal upacara sesuke. Ukara mau banjur di luwesake Bung Karno, saengga unine: “Hal-hal yang mengenai pemindahan kekuasaan dan lain-lain.” Wusana teks banjur diketik dening Bung Sayuti Melik, jam 5 parak esuk.

Wusana Teks Proklamasi kasil kagiyarake ing upacara kang diadani ing Plataran pidaleme Bung Karno ing Pegangsaan Timur, 56 kanthi semangat nasionalisme makantar-kantar, tetembungane: Proklamasi, kami bangsa Indonesia, dengan ini menyatakan kemerdekaan Indonesia. Hal-hal yang mengenai pemindahan kekuasaan dan lain-lain. Diselenggarakan dengan cara seksama dan dalam tempo yang sesingkat-singakatnya.

Jakarta tanggal 17 bulan Agustus tahun 1945.

Atas nama bangsa Indonesia.

Sukarno Hatta.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya