SOLOPOS.COM - Yohanes Siyamta, Pustakawan UAJY

Yohanes Siyamta, Pustakawan UAJY

Ndongakaken sukma utawi nyembahyangken arwah ingkang asring sinebat memule kang wus sumare mujudaken salah satunggaling padatan sae ingkang dumugi sepriki taksih dipunugemi dening tiyang Jawi. Donga menika dados salah satunggaling sarana kangge nedahaken bilih tiyang Jawi taksih nggadhahi raos tresna lan kurmat dhumateng sukmanipun brayat, sanak lan kadang sarta leluhur ingkang sampun suwargi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Tiyang Jawi nggadhahi keyakinan bilih pejah menika namung sirna menggahing raga nanging tetep gesang langgeng tumrap sukma. Krana anggepan bilih sukma menika taksih gesang, pramila dening tiyang Jawi arwah utawi sukma menika taksih dipuntresnani tuwin dipungatosaken kanthi cara dipundongakaken utawi dipunsembahyangaken. Pramila, saben wonten brayat ingkang tilar donya lajeng dipunadani donga memule tumrap ingkang sampun sumare, ing antawisipun 3 dinten, 40 dinten, 100 dinten, setunggal taun, kalih taun lan nyewu dinten.

Dene menawi sampun dangu anggenipun sumare, tiyang Jawi taksih tansah ngaosi tuwin nresnani kanthi ngintun donga. Wulan ingkang kapijekaken kangge ngintun donga dhumateng sukma igkang sampun sumare inggih menika wulan Syakban ing taun Hijriyah utawi wulan Ruwah ing taun Jawi. Inggih karana wulan Ruwah menika kapijekaken minangka wulan kangge ngurmati para leluhur (arwah), nggothak-gathuking tembung wulan Ruwah menika dipuntegesi “ngluru arwah.” Upacaranipun lajeng winastanan Ruwahan lan wonten ugi ingkang mastani Sadranan utawi Nyadran..

Jroning Ensiklopedi Kebudayaan Jawa, babaran Lembaga Studi Jawa Yogyakarta 1999, Harmanto ngandharaken bilih Ruwahan katindakaken saking tanggal 15 dumugi pungkasaning wulan Ruwah. Dene peranganing upacara ruwahan inggih menika: 1) besrik ing pasarean, 2) nyekar, 3) ngintun donga, 4) kendhuren utawi slametan lan 5) andum berkah – awujud ketan, kolak lan apem – dhumateng tangga tepalih.

Desa mawa cara, negara mawa tata. Senadyan tetiyang Jawi kanthah ingkang sami nindakaken upacara Ruwahan menika, nanging cak-cakipun boten sedaya sami. Gumantung rembag lan padatanipun piyambak-piyambak ing saben kampung utawi dhusun. Upaminipun babagan tanggal wonten ingkang milih tanggal 15 nanging wonten ugi ingkang ngadani saben tanggal 20, utawi tanggal-tanggal sanes wiwit tanggal 15 dumugi pungkasaning wulan Ruwah. Dene babagan wulan temtu sami, sedaya sarujuk ngandani ing wulan Ruwah (Syakban). Sewulan saderengipun nindakaken siyam ing wulan Ramadhan. Ancasipun ndongakaken para leluhur ngiras pantes cecawis dhiri lan ati kangge nindakaken ngibadah siyam.

Cak-cakaning upacara saking angka 1) dumugi 4) sedaya papan meh sami. Dene angka 5) namung papan tartamtu ingkang sami ndindakaken lan nglampahi. Tata upacara Ruwahan menika temtu nggadhahi makna ingkang mirunggan.

Kapisan, besrik ing pasarean. Werdinipun, sacara tata lair reresik makam supados boten ketingal rungkut lan reged. Karana wontenipun unen-unen jer lair utusaning batin, mila ing tata lair ingkang resik ugi badhe resik manahipun.

Kaping kalih, nyekar. Sesekaran ingkang kita sebar ing pasarean menika temtu endah lan angganda arum. Laku menika nggadhahi teges minangka pangemut-emut tumidak lan kasaenannipun para leluhur ingkang sampun suwargi.

Kaping tiga, ngintun donga. Panyuwunipun temtu mugi-mugi sukmanipun ingkang sampun sami sumare kaapunten dosa tuwi kalepatanipun lan enggal pikantuk ganjaran gesang langgeng ing suwarga. Pangajeng-ajeng menika kawujudaken dening tiyang Jawi kanthi mastani tetiyang ingkang sampun seda kanthi sesebatan suwargi.

Kaping sekawan, kendhuren utawi salametan. Unjuk puji syukur dhateng Gusti sarta panyuwun amrih wilujengipun sukma ingkang sampun kepareng kondur ing alam kelanggengan lan kita ingkang sami tinilar mugi tansah ginanjar wilujeng.

Kaping gangsal, andum berkah dhateng sesami wujud ketan kolak apem. Ketan wangsalanipun reraketan utawi cecaketan, kolak raosipun legi pralambang eca lan sae, dene apem saking tembung Arab afun, wangsalanipun ampun utawi pangapunten. Gathuking pamaggih mujudaken pandonga ugi tumrap para sukma ingkang kita dongakaken. Mugi-mugi sukma ingkang sami sumare enggal kepareng cecaketan kaliyan Gusti lan amal kasaenanipun  dipuntampi sarta dosa lan kalepantaipun dipunapunten.

Kanthi andaharan sapala menika nedahaken bilih Ruwahan taksih murakabi lan migunani tumrap  bebrayan Jawi. Wulan Ruwah dados sarana cecawis manah, andum berkah lan ngluru arwah. Nuwun.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya