SOLOPOS.COM - Heri Priyatmoko, Kolumnis Solo Tempo Doeloe

Heri Priyatmoko, Kolumnis Solo Tempo Doeloe (FOTO: Istimewa)

Jagad pewayangan pancen ora bakal entek dinggo bahan rembugan kawit mbiyen nganti sukemben. Coba kita nginguk dhisik tegese tembung wayang. Miturut Sri Mulyono (1978), wayang jroning basa Jawa ateges ayang-ayang. Jroning basa Melayu diarani bayang-bayang, dene basa Aceh diarani bayeng. “Yang” iku kadhudhut saka oyoting tembung wayang. Oyoting tembung iku ana maneka rupa jinise kayata yung, yong. Kabeh iku kakandhut jroning tembung layang, doyong, royong, lan poyang-payingan. Kanthi madhakake maneka rupa makna saka oyoting tembung “yang” lan kabeh variasi-ne, bisa dijupuk dhudhutan manawa wayang iku dhasare ora ajeg, ora mesthi, ora anteng, kabur lan miyar-miyur ngiwa-nengen.

Promosi Santri Tewas Bukan Sepele, Negara Belum Hadir di Pesantren

Ing pawitan abad XX, pagelaran wayang kulit wus ora kanggo sarana upacara agama, nanging dadi wujude kasenian klasik tradhisional adiluhung kang wigati kanggo disinaoni.

Taun 1923 ing Surakarta madeg sekolah dhalang Padasuka, kang mapan ing Museum Radya Pustaka. Dene taun 1925 ing Ngayogjakarta uga madeg sekolah dhalang Habiranda. Ing Habiranda lan Padasuka mau, wujud lan carane mbabar wayang padha disinaoni, disampurnakake saengga bisa maju.

Ora mung wong Jawa sing gandrung sinau babagan wayang. Ora sithik ilmuwan Barat kang keraya-raya nekani Indonesia kanggo neliti wayang, upacara adat lan kabudayan kayata Poensen, Rassers, Brandes, Kern, J Kats, Hazeu, Gonda lan Juynboll. Ana sing neliti saka wingite lan filsafat Jawa tradhisional, ana sing nonton wayang minangka pakurmatane marang leluhur, ana kang nyandhingake marang upacara adat kasuburan, lan nyawang saka pamikiran Jawa kang minger ngiwa lan nengen.

Sawuse jaman kamrdikan, para nimpuna ilmu pulitik lan pengamat Indonesia coba nggatekake sesambungane wayang lan jagad kang nyata, kaya jaman saiki. Benedict Anderson (1965) coba ndhudhah kanthi tandhes bab wayang saka sikepe para elite Jawa kanthi lakon Kresna Dhuta. Lakon iku nyritakake kahanan nalika Perang Bharatayudha arep kawiwitan. Ing kalodhangan kuwi, Adipati Karna coba dijak supaya mehak Pandhawa. Piwulang kang bisa dijupuk saka lakon iki yaiku sepira gedhene lupute lan gawe kasengsarane liyan, nanging kabeh jejibahan ing donya kudu ditetepi. Mligine, numpes angkara murka.

Kenapa ilmuwan Barat seneng neliti wayang ing tanah Jawa? Miturut Franz Magnis Suseno jroning Etika Jawa (1985), saben wayang sakabehe ditampa minangka gegambaraning uripe manungsa Jawa. Kawit cili, wong Jawa duwe saperangan identifikasi moral marang tokoh pewayangan. Dheweke bebas milih salah sijine gegambaran kang dianggep nocogi lan uga bisa ditampa masarakat. Nanging ora ateges kabeh gambaran wayang iku pantes digumuni. Maneka rupa lakon kang kebak sawetara piwulang kasusilan, mula figur kang ala wae uga nemokake papan ing panggung crita.

Beda karo kasusilane Barat, kang ora paweh kalodhangan utawa papan marang tokoh culika kanggo tampil ing panggung. Tumrape wong Barat, kahanan kang trep yaiku kahanan kang ora ana wong ala. Kosok walike jroning jagad Jawa, kang ora becik wae ya antuk papan lan kalodhangan. Kanthi mangkono, wayang dadi bukti manawa wong Jawa kebak tepa selira. Sawijining sikep kang becik lan prelu dilestarekake kanggo njaga karukunane manungsa lan sepadhane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya