SOLOPOS.COM - Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta (FOTO/Istimewa)

Iqbal Wahyu Purwito, Pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawi Melathi Surakarta (FOTO/Istimewa)

Tumrap masarakat, gelar kebangsawanan saking keraton nuwuhaken prabawa. Langkung-langkung ing pabarayan Jawi rikala jaman rumiyin, masarakat sanget anggenipun ngurmati priyayi ingkang nyandhang gelar kebangsawanan, sanajan sanes saking kulawarga utawi trah keturunan keraton. Awit tataranipun ing bebrayan agung kaanggep inggil, mila gelar keraton taksih damel sengsem ngantos dumugi jaman globalisasi. Buktinipun, kathah tiyang sak njawining keraton kepingin pikantuk gelar amargi rinaos saged nuwuhaken mindhaking status pribadhinipun ing pasrawungan. Bebasan lelegan golek momongan, ing jaman modheren menika pepinginan kalawau kados-kados langkung gampil ginayuh awit keraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat asring paring gelar dhumateng tiyang sak njawining keraton. Hambok bilih sampun maewu-ewu cacahipun tiyang njawi ingkang pikantuk gelar, wiwit pejabat, tokoh masarakat, politikus, artis utawi seniman, pengusaha, lan sanesipun. Ananging asringipun paring gelar kalawau ugi nuwuhaken risiko tumrap keraton. Mboten dipun selaki bilih wonten saperangan masarakat nyujanani keraton nalika paring gelar dhumateng pawongan ingkang dipun raos kirang trep utawi dipun anggep kontroversial menawi nyandhang gelar. Umumipun panyaruwe saking masarakat tuwuh nalika gelar dipun paringaken dhumateng artis utawi seniman non-tradhisional, saperangan tokoh pulitik lan pengusaha saking etnis non-Jawa.

Promosi Moncernya Industri Gaming, Indonesia Juara Asia dan Libas Kejuaraan Dunia

Temtunipun pihak keraton sampun kagungan tetimbangan ingkang wicaksana dhateng sinten kemawon ingkang badhe dipunparingi gelar. Kajawi kulawarga utawi trah keraton, pakurmatan arupi gelar ugi dipunparingaken dhumateng tiyang sak njawining keraton ingkang dipunjumbuhaken klawan lelabetanipun ingkang badhe hanampi, mliginipun gegayutan ing babagan budaya Jawi. Menawi dipun galih kanthi pamawas modheren, anggenipun keraton paring gelar saged dipun wastani sak traju kaliyan kemajengan jaman ingkang sarwa internet. Amargi kanthi dipun biwarakaken lumantar media massa utawi dipun up load ing jagad maya (internet) badhe dados sarana ngiyataken eksistensi utawi jejering keraton. Kajawi menika, saged dipunwastani sarana promosi sarta branding Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat minangka punjering budaya Jawi. Kanthi menika, sesrawungan kaliyan sak njawining keraton langkung tambah wiyar, ingkang tundhonipun budaya Jawa kaajab ugi saged langkung sumebar lan ngrembaka tumrap generasi mudha, sarta dados tambahing semangat tiyang Jawi anggenipun nguri-uri budayanipun ingkang luhur. Sawabipun, keraton badhe langkung narik kawigatosanipun para wisatawan domestik sarta nagari manca, ingkang temtunipun dados berkah tumrap tlatah saindhenging Surakarta lan ningkataken devisa nagari.

Ekspedisi Mudik 2024

Langkung prayogi menawi Karaton Kasunanan Surakarta Hadiningrat mboten hamung paring gelar kemawon lajeng kandheg mboten wonten kelajenganipun. Awit ing kasunyatan mboten sekedhik tiyang ingkang sampun kasil nyandhang gelar keraton nanging kirang saged njiwani werdinipun gelar kalawau, solah bawa sarta tandang tandhukipun kirang jumbuh kaliyan pranatan budaya luhur lan subasita. Mboten hamung menika, taksih wonten ingkang sampun pikantuk gelar (malah wonten ingkang sertipikat arupi serat kekancinganipun dipunpajang ing ruwang tamu) nanging ing padintenan kirang anggenipun mersudi budaya Jawi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya