SOLOPOS.COM - Siti Muslifah SS MHum, Sekretaris Jurusan Sastra Arab FSSR UNS

Siti Muslifah SS MHum, Sekretaris Jurusan Sastra Arab FSSR UNS

Kapitadosan, agami utawi kapracayan dhumateng Gusti Kang Murbeng Titah, mujudaken babagan ingkang pokok tumrap panggesangan kita. Saderengipun nemtokaken bab-bab sanes wonten ing panggesangan kita, sadaya titah tamtu nate ngalami pitakenan-pitakenan sambetipun kalihan kapitadosan ingkang dipungilut. Prentuling manah tansah kemawon ngreridhu, satemah wonten ingkang njugaraken anggenipun nggilut sawenehing kapitadosan, agami utawi kapracayan pribadinipun.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ing konsep Kaallahan (Ketuhanan) kontemporer, wonten ingkang sinebat Teisme. Teisme pitados bilih Gusti Allah menika wonten. Menika saget dipunbuktekaken lumantar 4 dalil, inggih menika dalil Kosmologi utawi dalil sebab musabab. Wontenipun donya saisinipun tamtu wonten ingkang nyebabaken. Kaping kalih Dalil Ontologi ingkang njlentrehaken bilih sadaya ingkang wonten ing donya menika tamtu mujudaken ide utawi gagasan. Klempaking gagasan mujudaken gagasan ingkang trapipun paling inggil, inggih menika the absolute good utawi kesaenan mutlak ingkang sumberipun saking setunggal Dzat inggih menika Gusti Allah. Salajengipun dalil Teleologi mbuktekaken wontenipun Gusti Allah saking obah mosiking dunya ingkang tansah tumata, tamtu wonten ingkang Maha Nata inggih menika Gusti Allah. Dalil Moral mbuktekaken wontenipun Gusti Allah adhedhasar kalbuning sadaya titah menika wonten ingkang Maha Nguwaosi.

Bebrayan Jawi pitados bilih titah makaten namung mujudaken jagad cilik utawi mikrokosmos, ateges wonten Jagad Ingkang Langkung Ageng utawi makrokosmos. Ingkang baken, bebrayan Jawi pitados bilih Gusti Allah menika wonten. Nalika kapitayan tumrap wontenipun Gusti Allah menika dipunwujudaken sarana nggilut sawijining agami, bebrayan Jawi anggadhahi cara piyambak ingkang benten kalihan bebrayan sanes. Tumrap golongan Santri, sadaya laku syariat agami resmi negari ingkang dipungilut kados ta Islam, Kristen, Katholik, Hindu, Budha lan Kong Hu Chu katindakaken kanthi wetah. Tumraping golongan Abangan, saged kemawon nggilut agami-agamai kalawau nanging dereng tamtu nindakaken syariat-syariatipun. Golongan Abangan nindakaken laku agami lan laku budaya sesarengan. Wondene golongan Priyayi langkung nengenaken kiprah padintenan anjagi katentremaning bebrayan sarana peran strukturalipun. Golongan Priyayi wonten ingkang kalebet santri, wonten ugi ingkang kalebet Abangan.

Siyam ing bebrayan Jawi kathah macem lan maknanipun. Umpaminipun kados siyam ing wulan Ramadhan menika, siyam manut tuntunaning agami Islam. Tujuwanipun pancen anindakaken parentahipun Allah Subhanahu Wa Taala kados ingkang sampun katuntunaken lan sipatipun wajib utawi kedah kaleksanakaken.

Sasanesipun menika, bebrayan Jawi taksih anggadhahi jinis-jinis siyam sanesipun. Jinising siyam ing kabudayan Jawi dipunsandhingaken kalihan tapa, umpaminipun: (1) mutih utawi namung dhahar sekul pethak lan toya pethak kemawon, dados mboten dhahar sarem. Umumipun mutih menika katindakaken 3 dinten ngantos 7 dinten; (2) Ngebleng, mboten dhahar mboten ngunjuk mboten sare mboten medal saking griya, dangunipun tigang dinten tigang dalu utawi 7 dinten 7 dalu; (3) Patigeni, mboten ngurubaken damar; (4) Siyam Ngidang, naming dhahar gegodhongan kemawon kados patrapipun kidang; (5) Siyam ngrowot, namung dhahar krowotan utawi pala kependhem kemawon; (6) Ngalong, namung dhahar woh-wohan kemawon, kados patraping kalong (codhot); (7) Pendhem, mboten dhahar mboten ngunjuk lan badanipun dipun pendhem ing siti; (8) Tapa mbisu, mboten dhahar, mboten ngunjuk, mboten ngendikan; (9) Tapa ngedan, patrap kados tiyang edan nanging namung kangge laku kemawon; (10) tapa ngeli, ngelekaken badanipun wonten ing kali utawi bengawan; (11) Tapa Ngrame, ngirang-ngirangi, mboten ngetawisaken menawi nembe tapa (siyam).

Siyam lan tapa wonten ing bebrayan Jawi katindakaken minangka laku supados manungsa saged ngasah alusing budi lan anggadhahi sensitivitas. Sasanesipun menika, siyam ing bebrayan Jawi saged kangge sarana nyukcekaken jiwa. Siyam ugi pinitados saged marasaken sadaya penyakit manah, anglatih kesabaran lan sarana meper hawa nepsu. Wosipun, siyam ing bebrayan lan kabudayan Jawi sampun rumasuk sarta ambalungsungsum. Mboten namung anggladhi kekiyatan lair kemawon nanging ugi sarana amesu budi. Siyam tumraping bebrayan Jawi dipunpitados saged miyak warana lan nyaketaken sariraning titah kalawan Gustinipun. Ing wasana sumangga.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya