PURWAKA: Owah lan Panggah
Ichwan Prasetyo, Juruwarta SOLOPOS
Ichwan Prasetyo, Juruwarta SOLOPOS

Ana lan uripe seni tradhisi umume lelandhesan budaya uripe bebrayan agung. Tradhisi kuwi nyakup kapitayan, pikiran, pengalaman, norma, aturan, tapsiran, asil laku lan kridha, sopan santun, rasa rumangsa lan seni utawa kagunan.

Tumrap generasi mudha, seni tradhisi mratah kaangep kuna, ora njamani, ora migunani. Kamangka, yekti seni tradhisi mujudake jiwa kang ngracik kapribaden wiwit sing mratah sinebut kawicaksanan lokal nganti dumadi minangka jati dhiri bangsa.

Nalika jaman owah, seni tradhisi banjur surut jalaran kasingkur dening bebrayan agung papan tuwuh, urip lan ngrembakane seni tradhisi kuwi. Hamula, seni tradhisi apike uga kudu owah.

Owah ing kene dudu ateges owah wujude, nanging didandani, karacik ing sanggit anyar, sinartan olahrasa, olahpikir lan dijumbuhake kahanan jaman saiki murih ditampa dening generasi jaman saiki.

Owah kuwi asipat alamiah. Owah kuwi ora bisa diendhani. Owah-owahan kuwi, jare para winasis, tandha urip lan panguripan. Jer yen wus ora bisa owah kuwi ateges mati.

Mesthi wae owah-owahan tumrap seni tradhisi kuwi beda-beda, jumbuh papan, jaman, panggonan, wektu lan sapa sing maragani owah-owahan kuwi. Seni tradhisi sing urip yakuwi seni tradhisi sing tansah owah nut jaman kelakone.

Seni tradhisi ing jaman modheren, ing jaman budaya populer, bakal tetep urip menawa para seniman utawa paragane ora tidha-tidha lelumban ing madyaning jaman modheren kuwi mau.

Seni tradhisi kudu urip sesandhingan, kepara lelumban, kalawan cakepan seni modheren sing diracik tumrap warga bebrayan kutha lan industri. Jumbuh sebutane minangka seni tradhisi, owah-owahan kang dumadi mesthi wae ora bakal ninggal oyote.

Owah-owahan kang dumadi ing seni tradhisi tetep bisa njurung tapsiran kang kakandhut panggah lestari, kepara malah dadi golekan ing jaman modheren iki. Kanyatan jaman saiki nuduhake akeh wong-wong “anak jaman modheren” ing saiki ngudi katentreman batin kanthi ndhudhah tapsiran tradhisi.

Lire, seni tradhisi pancen kudu owah ing madyaning jaman modheren murih bisa panggah nyebar wulangan luhur sing kakandhut. Kethoprak, ludruk, wayang wong, wayang kulit, wayang beber, srandhul, jemblung, langendriyan, langen mandra wanara lan sapiturute bisa diracik lelandhesan kanyatan urip ing jaman modheren ini.

Pagelaran Matah Ati kang lelandhesan seni tradhisi langendriyan lan kasil narik kawigatene warga bebrayan agung lan wong-wong mancanegara nuduhake lamun seni tradhisi (langendriyan) bisa diowahi nut jaman kelakone lan saknalika iku uga panggah ngugemi trapsiran adiluhung sing kakandhut ing langendriyan kuwi mau.

Kanyatan saiki ana seni tradhisi sing keblondrok ing industri panglipur sing jan-jane jalaran uripe warga bebrayan agung jaman saiki kang butuh sarwa cepet (instan), jeleh marang laku lan tataran urip lan uga perbawane giyaran televisi sing nyuguhake panglipur kang sarwa cethek tapsirane.

Campursari, tayuban lan tandhakan mratah ing ngendi-endi jalaran bisa nyedhiyakake panglipur sing dibutuhake. Tandhak, sindhen, sindir dari pakaryan sing ngasilake, bisa nguripi. Nanging, kepriye bab kabutuhan batin?

Seni tradhisi kang panggah urip—sinartan owah-owahan nut jaman kelakone—jalaran saka tresnane para seniman lan para sutresnane. Rasa tresna kuwi thukul lan ngrembaka kanthi alamiah. Wong-wong kuwi eling lan ngerti lamun kanthi ludruk, kethoprak, langendriyan lan sapiturute ora bisa nguripi. Sing kaudi ora liya kabutuhan batin kuwi mau.

Dudutane, seni tradhisi bakal tetep urip, lestari, lamun gelem nut jaman kelakone, gelem owah. Owah-owahan ing seni tradhisi ora bakal nyenggol tapsiran utawa wulangan adiluhung kang kakandhut. Seni tradhisi kudu owah lan uga panggah.



Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya




Kolom