SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Ichwan Prasetyo
Juruwarta SOLOPOS. (FOTO/Istimewa)

Albert Einstein sing kondhang kaloka kae lair ing Ulm, Jerman, 14 Maret 1879. Nalika isih bocah lan ngrembaka dadi remaja, dheweke ora kapetung bocah pinter. Miturut andharan ing sawetara buku kang nyritakake riwayate, nalika wiwit mlebu sekolah Einstein kapetung bocah sing kangelan nampa wulangan saka guru-gurune.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Miturut andharan ing sawetara buku, Einstein uga kangelan nampa wulangan Matematika. Dheweke malah kaprah diarani bocah nakal lan bocah ndableg. Nalika ngancik dewasa lan wancine mandhireng pribadi, dheweke uga kapetung wong sing ora genah. Ing kantor senenge mung lonthang-lanthung.

Kahanan owah temen-temen nalika Einstein dewasa. Bakate wiwit ketara. Ngancik dewasa iki Einstein dadi seneng ndhudhah filsafat lan mikir kanthi cakepan ilmiah. Ing 1921, Albert Einstein nampa bebungah Nobel jalaran panalitene. Lan miturut andharan ing sawetara buku, ora mung teori relativitas sing dilairake Einstein.

Einstein uga ndhudhah lan ngrembakakake teori efek fotolistrik, teori kuantum cahaya, mekanika kuantum lan maneka teori liyane ing wewengkon ilmu Fisika. Lan, kanyata, Einstein uga nulis babagan kabudayan, seni, kapitayan lan maneka tulisan babagan manungsa lan kamanungsan.

Einstein nuduhake lamun pendhidhikan kuwi dudu laku gawe barang. Dheweke ndunungake pendhidhikan minangka laku ngulir budi. Nalika laku ngulir budi kuwi dumadi kanthi apik, asile mesthi apik. Sinau minangka peranganing pendhidhikan ora bisa dipathok ing wujud tinamtu utawa ing pathokan kang asipat baku.

Miturut Einstein, bebener ing jagad pendhidhikan kuwi kawujud saka dialektika, saka laku ngulir budi kang anjoge ndhudhah ilmu. Sawijining bebener bisa wae jugar jalaran ana bebener kang anyar. Laku ngulir budi ora bakal kandheg amarga ora kawengku ing wujud utawa pepesthen kang asipat baku.

Ngulir budi mujudake laku kang tanpa kendhat kanggo ngudi bebener kang tanpa wates. Ngulir budi ing jagad pendhidhikan iki nengenake laku, dudu asil. Kanthi mangkono, sekolahan kang lelandhesan laku ngulir budi ora mung wates dadi papan nyekoki para siswa. Ilmu kuwi dudu barang mati.

Ing pangajab murih ilmu ora mati, sekolah kudu tansah nggegulang para siswa supaya tansah ora kendhat anggone ngulir budi. Bocah sing nembe sinau kuwi ora nglakoni jejer minangka baut yang jejibahane nggathukake perangan siji lan sijine. Bocah sing nembe sinau kudu didunungake minangka pribadi. Dheweke dadi subjek utawa jejer, paraga. Minangka jejer, bocah ya kudu ngempakake dayane urip, ya ngulir budi kuwi mau.

Sekolah wajib njurung para siswa urip temen-temen, ora mung ndunungake siswa kadidene gelas sing diisi banyu nganti kebak. Kapribadene para siswa ora bisa diracik, digawe, diukir kanthi pangucap, nanging kudi sinartan laku. Gegayuhan kang dhuwur, gegayuhan kang luhur, tan bakal kaconggah mung lumantar pocapan, tetembungan utawa tulisan.

Bocah kudu ”digitik” supaya kuwawa ngulir budi, ngracik langkah, ngudi dalan kanggo nggayuh apa kang dadi gegayuhan ing dina tembe mburi. Iki bakal bisa kawujud lamun pendhidhikan ing sekolahan lan kulawarga nengenake laku, nengenake ngulir budi. Wajibe guru ing sekolah mesthi wae ora mung mulangake ilmu nanging uga kudu nyengkuyung ngrembakane jiwa lan kapribadene para bocah.

Guru kudune ora mung mulang. Wajibe guru ya ndhidhik para siswa, nggegulang para siswa. Nggegulang ateges ora mung wates netepi wajibe kurikulum. Wose nggegulang ora liya ngrembakakake jiwa lan kapribadene bocah jumbuh apa kabisan lan bakate bocah kuwi. Guru sing mung netepi wajibe kurikulum tangeh lamun bakal nggayuh tataran iki. Lan yen ora kasil nggayuh tataran iki ateges ora kuwawa njurung bocah ngulir budi.

Ing laku ngulir budi kuwi, bocah dijarke ngudi apa sing dadi gegayuhane. Wusana, bocah bakal bisa netepake laku kanggo nuju gegayuhane. Ngulir budi iki ngejibke laku pendhidhikan kang asipat mardikakake jiwane bocah. Bocah kang mardika bakal kuwawa ngudi dalan urip nuju kamulyan tumrap pribadine lan tumrap sapadha-padha.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya